Anda di halaman 1dari 1

Contoh teks MC bahasa Jawa untuk siraman dan jualan dawet

Assalamu alaikum warrahmatullahi wabarrakatuh

Para sesepuh, para pinisepuh, sarta sagung para tamu kakung putri ingkang winantu
ing pakurmatan.

Mugi Sih Rahmat Nugrahaning Gusti Allah Ingkang Maha Agung kapatedhakna
dhumateng kita sedaya, hing satemah sageda hanyembuh kawilujengan lahir lan
batos.

Minangka pambuka, sumangga kita sedaya tanpa kendhat tansah hameminta, mugi
Sih Wilasa Wilasanipun Pangeran, tansah sumrambaha hing papan menika, satemah
hamung pinanggih wilujeng raharja nir ing sambekala.

Kanthi tansah hanyenyadhang rahmat saha berkahing Allah Ingkang Maha Asih,
keparengna kula ingkang jejer pambiwara ngaturaken rancanganing lampah-lampah
tatacara siraman badhe penganten putri saha sadeyan dhawet ing siyang menika,
wondene pratelanipun mekaten:

1. Lampah ingkang kapisan, sungkemipun badhe penganten putri Dewi Kartika


dhumateng Rama sarta Ibu

2. Manawi sampun purna anggenipun sungkem, Rara Dewi Kartika tumuli


kakanthi tumuju ing papan siraman. Dupi badhe penganten sampun satata
lenggah, tatacara siraman lajeng katindakaken.

3. Manawi tatacara siraman sampun purna, Rara Dewi Kartika lajeng kakanthi
manjing ing patenggan, hanindakaken tatacara sengkeran.

4. Badhe penganten putri sasampunipun manjing patenggan sigra anindakaken


tatacara pethet rikma utawi tigas rikma saha sadeyan dhawet.

Mekaten para tamu kakung putri, menggah rantaman inggih rancanganing tatacara
siraman saha sadeyan dhawet hing wanci siyang menika, handadosna hing
kawuningan.

Anda mungkin juga menyukai