Anda di halaman 1dari 3

Pidato Bahasa Jawa Hari Pahlawan

 
Assalamualaikum warahmatullahi Wabarakatatuh.

Ingkang kula hormati Ibu Kepala Sekolah saha Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi
sumrambah kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Sakderengipun, sumangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha
Agung ingkang sampun maringaken sedaya nikmat lan kewarasan dateng kita sedaya dumugi
sakmenika kita sedaya saged kempal wonten ing adicara pengetan dinten pahlawan sak manika.

Salajengipun, Kula minangka ketua panitia ngaturaken matur nuwun ingkang katah tumrap
panjenengan sedaya amergi panjenengan saget ngelonggaraken wekdal saperlu rawuh wonten
acara menika

Dinten niki, 10 November 2013, kita sedaya mengeti dinten ingkang bersejarah kagem Bangsa
Indonesia. Wonten dinten niki, Bung Tomo kalian arek arek surabayasaget merjuangaken
kemerdekaan indonesia saking jajahipun walanda ing hotel Yamato Surabaya. Arek-arek
surabaya saget nggantos genderanipun walanda ingkang warnanipun abret, petak, lan biru dados
genderanipun Indonesia abret lan petak.

Semangat ingkang dhuwur saking Bung tomo lan arek-arek surabaya mestinipun saget dados
panutan kagem kita sedaya wonten jaman sakmenika

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun
agenging pangapunten. Mugi-mugi saget migunani tumrap kita sedaya.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.


Assalamualaikum warahmatullahi Wabarakatatuh.

Sederek sedoyo sebangsa dan setanah air.


Wonten ing dalem suasana ingkang berbahagiya niki monggo kulo lan
panjenengan sedoyo raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt ingkang
sampun maringi nikmat lan rahmatipun, sehinggo wekdal niki kito sedoyo
saget kempal lan ngerawuhi acara niki kanti boten wonten alangan
setunggalin punopo-punopo. Mugiyo rawuh kulo lan panjenengan sedoyo
wonten gino lan manfaatipun.

Shalawat lan salam mugiyo tetep dipun paringaken dumateng Nabi kito
Muhammad saw., keluarganipun, poro sahabatipun, ugi kaum muslimin
sedoyo ingkang estu-estu purun ngelampahipun ajaran-ajaran Islam ing
dalem gesangipun. Mugi-mugiyo kito sedoyo dados umat beliau igkang
purun ngelampahi ajaran Islam kanti leres lan estu-estu ing dalem gesang
niki.

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Kito sedoyo sampun sumerap mbok beleh kemerdekaan niku ngerupekaken


rahmat sakig Allah swt. Milo saking niku patut kito raos syukur dumateng
ingsun (Allah). Lan saben tahun kito sedoyo selaku bangsa Indonesia
ngengeti dinten pahlawan tepatipun tanggal keeping sedoso saking wulan
November. Lan wakdal niki kito sedoyo enget lan mengertos peristiwa lan
kedadosan zaman niko, inggih meniko ageng sanget kepahlawanan bangsa
kito, khususipun kaliyan arek-arek suroboyo tepatipun tanggal sedodso
November tahun 1945. 

Ugi katah ingkang wafat ing dalem mbelo bangsa Indonesia lan tanah air.
Sedoyo niku dipun lampahi keratin raos remen lan cintaipun dumateng
nagari Indonesia.
Kados pengendikane nabi saw, ing dalem setunggalin hadist, ingkang
artosipun : “Cinta marang tanah air niku ngerupekaken setengahe saking
iman.”

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Keawan mengertosi pengendikane nabi saw niki kito sumerap mbok beleh
cinta nang bangsa lan tanah air niku ngerupekaken bukti sempurnonipun
iman tiyang.
Akhiripun kulo sekapipun sak manten sambutan niki mugiyo bermanfaat
kangge sedoyo. Akhiru kalam.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai