Anda di halaman 1dari 2

Pidato Bahasa Jawa [Sumpah Pemuda]

Assalamualaikum Wr Wb

Ingkang kinurmatan, bapak lan ibu guruu saha kanca-kanca ingkang tansah kula tresnani.

Sepindah sumangga kula lan panjenengan sedoyo ngaturaken puji syukur maran g Gusti Allah
ingkang maha luhung lan tansah paring nikmat lan rahmat sahinggo kula lan panjenengan taksih
saged golek ilmu, yaiku nindakaken sekolah.

Kaping kalih, jumeneng kula wonten ngajenge panjenengan sedoyo minangka kagem ngaturaken
sesorah bab Sumpah Pemuda.
Kula lan panjenenga mesti sampun sami mangertosi bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia
mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah sawijining prastawa skral ingkang nuduhake
marang kabeh wong bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadahi semangat berjuang, semangat
nyawiji bhineka tunggal ika, semanta merdeka lan dadi bangsa ingkang ngadeg jejeg.

Wondene isi Sumpah Pemuda inggih menika :

1. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
2. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku bertumpah darah satu, tanah air Indonesia
3. Kami putra dan putri Indonesia, menjunjung tinggi bahasa persatuan, bahasa Indonesia
Isi sumpah lan janji menika wajib kita lestarekake lan diamalake kagem mujudake pengarep-arep cita-
cita kamardikan urip makmur, adil lan sejahtera.
Yaiku minangka pelajar / murid, kita wajib semangat lan mempeng anggenipun sinau. Lan minangka
pemuda (usia produktif) kita kedah semangat lan sregep anggenipun nyambut damel ngsisi
pembangunan bangsa.
Menika inkang saged kula aturaken babagan Sumpah Pemuda. Ayo kita junjung tinggi kaluhuran
Sumpah Pemuda.

Santen parutan klapa


Cekap semanten atur kawula
Numpak sepur nggawa tali
Mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur
Kula nyuwun agunging pangaksami

Wassalamualaikum Wr. Wb
PIDATO HARI KARTINI

Assalamualikum warahmatulah hiwabarakatuh

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala SMP COKROAMINOTO Batang

Bapak soho ibu guru ingkang satuhu luhuring budi

Lan ingkang kula tresnani sanget kanca-kanca ugi adek-adek sedoyo.

wonten ing kalodhangan menika sumangga kita sami-sami ngraosaken puji lan syukur
kehadirat Allah SWT sehinggo ing wekdal punika kito saget makempal wonten mriki,
keadaan sehat lan mboten wonten alangan punapa-punapa. Ing wekdal punika kula badhe
pidato ingkang temanipun "mengeti dinten kartini", bapak saha ibu lan kanca-kanca sedoyo
temtunipun sampun ngerti sinten niku R.A Kartini lan menopo kemawon jasanipun tumrap
bangsa lan negara, khususipun dumateng tiyang estri.

Ibu Kartini menika sampun nyedhiyani tuladha maring kita sedoyo khususipun tiyang setri,
bilih jasanipun Ibu Kartini punika sakniki para tiyang estri saget ngraosaken kebebasan ing
sakjroning urip. Rikala semanten niku sing asmanipun tiyang estri namung ing omah ugi
nglayani kaluarganipun kiyambak, nanging amargi perjuanganipun Ibu kartini hak-hakipun
wanita saged ngrambah sahingga sakniki tiyang estri saged ngraosaken ingkang kasebat
kebebas lan mboten ing nggriya kemawon.

saking jasa-jasanipun Raden Ajeng Kartini punika sakniki para kaum wanita saged bebas
medal saking nggriyanipun kiyambak, saget pados panguripan kiyambak, saget bebas sekolah
lan tasih kathah malih. Jalaran punika kula ngajak kanca-kanca lan bapak saha ibu guru
sedoyo supados ndadosaken pangeten dinten kartini punika dados dinten ingkang khusus lan
saged ndadosaken majune wanita Indonesia.

Cekap semanten anggen kula matur, semoga para wanita Indonesia saged dados wanita
ingkang banggaaken dumateng kaluaga lan supados dados wanita ingkang migunani dhateng
Bangsa lan Negoro. Wonten lepate kula nyuwun pangapunten ingkang sak ageng-agengipun.
Semogo atur kula saged bermanfaat dhumateng sedayanipun.

Wassaamualaikum warahmatulah hiwabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai