Anda di halaman 1dari 1

Pidato Bahasa Indramayu tema "NJAGA LINGKUNGAN SEKOLAH"

Assalamualaikum Wr.Wb.
Pertami-tami mangga kula lan panjenengan sedaya sareng-sareng manjataken puja lan puji
syukur dumateng Allah SWT. karena kula lan sampeyan sedaya maksih disukani berkah lan
karunia, sehingga kula lan panjenengan sedanten saged kempal teng enjing ingkah cerah
puniki dalam keadaan sehat walafiat. Shalawat lan salam semoga tercurahkan dumateng
junjungan kula lan panjengan sedaya Nabi Besar Muhammad SAW, sareng keluarganipun,
sohabatipun, uga dumateng kula lan sampeyan sedaya ingkang dados umatipun.
Bapak/ibu guru ingkang kula hormati lan rencang-rencang ingkang kula cintai lan bangga
aken.
Pada dinten puniki kula bade nyampeaken pidato kang judulipun Menjaga Lingkungan Di
Sekolah.
rencang-rencang, perlu diweruhi bahwa lingkungan niku tempat gesange sedantene makhluk.
Saking arah mekaten mangga kita sedaya sareng-sareng menjaga kelestarian lingkungan kita
supados pada saat kita gesang saged tentrem lan ayem. Salah setunggil cara njaga kelestarian
lingkungan yaniku supados njaga kebersiane. Njaga kebersian lingkungan saged diawiti
saking hal-hal kang alit, atanapi terkadang susah ngangge dilakukakene . Contohe yaniku
mbuang sampah teng tempate.
Saat saniki kesadaran ngangge njaga kebersihan teng kalangan kita kang dados murid
sangatlah kirang. Ditingal saking lingkungan sekolah kita kang maksih katah sampah kang
berserakan, napa sampah plastik daharan lan ombean, utawi kertas. Padahal tempat sampah
kang disediaaken sekolah sampun memadai. Teng tiap pojok sekolah wonten tempat sampah,
teng lebete kelas pun wonten tempat sampah.
Ananging boten wontene kesadaran saking diri kita ngangge mbuang sampah teng tempate
sebagai wujud njaga kebersian lingkungan sekolah kita. Selain mbuang sampah teng tempate,
kita uga saged njalanaken piket kelas sebagai aksi njaga kebersihan lingkungan teng lingkup
sekolahan. Lan mesti dibiasaaken memilah sampah sesuai sareng kelompoke sederenge
dilebetaken teng tempat sampah.
Jenis sampah dibedaaken dados 3, yaniku :
1. Sampah Teles yaniku sampah kang gampil terurai lan mbusuk,
contohe; luwiyan panganan, sayur lan uwoh-wohan, sampah kebun lan sampah dapur.
2. Sampah Garing yaniku sampah kang boten saged mbusuk lan terurai secara alamiah,
contoh: kertas, kardus, plastik, tekstil, karet, kaca, kaleng, lan sanes-sanese
3. Sampah B3 (Bahan Berbahaya lan Beracun) yaniku sampah beracun lan reaktif kang saged
mbahayakaken kesehatan sareng kehidupan organisme diantaranipun, baterai, cat, pestisida,
sampah rumah sakit, lan sanes-sanese.
Atanapi tempat sampah kang biasa disediaaken cuman 2 jenis, yaniku sampah teles lan
garing. Inggih menika pada akhire pemisahan sampah teles lan garing niku dicampur
sedanteng , sehingga dados sia-sia kita memilah sampah teles lan garing wau, kang pada
akhire didadosaken setunggil malih. Hal niki mesti wonten kerjasama antara pemerintah lan
sekolah kangge pembuangan sampah teles lan garing wau ngangge ngurangi pencemaran
lingkungan.
Sebagai penutup, kula mung bade nyampeaken pesen saking pidato kula sareng nyampeaken
setunggil pepatah. Kebersihan niku sebagian saking iman. Sareng niki kula ngarepaken
rencang-rencang peduli lan sadar dumateng pentinge njaga kebersian.
Mung semonten pidato saking kula, kirang lan lebihe kula sampeaken mohon maaf atanapi
wonten kesalahan teng tutur kata kula. Atas perhatianipun kula ucapaken matur kesuwun
ingkang seageng-agenge, lan kula akhiri.
Billahi Taufik Walhidayah Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai