Anda di halaman 1dari 2

‫الٌسالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

‫ان الحمد هلل والصالة ولسالم على رسول هلل‬

)‫ اما بعد‬،‫ واعتصموا بحبل هللا جميعا وال تفرقوا (االية‬:‫وقال هللا تعلى‬

Dumateng para ‘alim ulama ingkang rinten ndalu tansah sumanding kitab suci wahyuning
ilahi.minangka panuntun kiblating panembah ingkang luhuring budi.

Bapak saha ibu ingkang kulo cadong ilmu manfaatipun,dewan juri ingkang dahat satuhu
kinormatan para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat satuhu kinormatan.

Sedoyo puji kagunganipun Allah,Allah kang sampun paring pinten – pinten kenikmatan saha
winantu suguhing karaharjan kawilujengan dumateng kulo,mugi kasarir dumateng
panjenengan sesami.Solawat saha salam mugia kaaturaken dumateng ngarso dalem junjungan
Nabi Agung Muhammad SAW,kanthi pangajab mugi kita pikantuk syafaatipun.Aamin

Hadirin ingkang kinormatan

Wondene tema ing badhe kulo wedar “PERAN GENERASI MUDA NU SAJONING
WENTAHING ETIKA” wondene peran generasi NU ing zaman pembangunan sanget
ageng manfaatipun ananging sedaya peran kala wau ingkang saged nuwuhaken utawi ndamel
wujuding manungsa ingkang wetah.kita ampun kliru tumindak menawi peran generasi NU
namung tumuju ing babakan dakwah saha sosial kemawon ananging ingkang angkung wigati
mbangun dumateng akhlak saha tumindak ingkang luhur.Sedaya peran ingkang dipun jejeri
akhlakul karimah insya Allah bade mujudaken ing kemaslahatan umat.Dospundi anggen kita
ngadepi saha ngayahi peran punika? Tentu kito saged milah pundi ingkang sae lan pundi
ingkang awon.

Para muda mudi ingkang kula tresnani

Sumangga kita cancut tali wanda,dados pemuda ingkang tansah nyengkuyung dateng
peranipun pembangunan jasmani tuwin rohani amprih pikantuk rindlaning illahi.Dados
pemuda kedah saged nedahaken peran saha purun ndamel conto ingkang sae tumuju
wibawaning bangsa lan agama.Ampn kliru tumindak mung sagetipun adigang adigung
adiguna. Kang prayogi tedahaken peran pemuda piyambak mboten nedahaken bapakku iku
pangkat.

Sedaya tumindak kang becik insya Allah bade ngunduh kang becik kados ing pepetah “Lir aji
Godong Jati Aking” bilih kanthi peran kang becik saged anjampangi gesang titah wonten
bebrayan agung,ngengeti bilih “Simo pejah anilaraken belang,gajah pejah anilaraken
gading dene jalmo maungsa praloyo anilaraken asmo ingkang arum”,awit kagungan peran
ingkang murakapi kuncaraning bebrayan.Kados para Pahlawan sinaoso sampun mataun –
taun seda,ananging asmanipun tetep moncer wonten saantero jagad.Kados dene Budi
Utomo,Pangeran Diponegoro lan sak panuggalipun.
Mila sumonggo nderek andadosi akhlak bangsa kita,menawi wonten siaran TV lan kala warta
sanesipun kita angelus dada kanthi nyebut “Masya Allah” Korupsi, pembunuhan, pornografi
lan sanes – sanesipn sakpunika sampun dumugi titik ‘Nadhr’ parah.Kita mboten naming
saged mirsani kawontenan risak puniko ananging kedah saged nyegah,lan puniko mboten
tugasipun para kyai lan punggawaning negari,anangig kula lan panjenengan terutami para
kawulo muda sinaoso taseh anem,kados pengendikane para sarjono “SYUBANUL YAUM
RIJALUL GHOD” generasi muda sak puniko minongko peneruse generasi sak lajengipun.

Hadirin Rokhimakumullah

Kanthi jejering kawulaning gusti Allah ingkang sampun kasinungan sedoyo


peparingipun ingkang arupi sih kawelasaning Gusti,mboten supe muji syukur
amprihlestantunipun budi luhur,bebasan “Suno Diro Joyoningrat Lebur dening Pangestuti”
awit kasinungan akhlak ingkang luhur saget andadosaken ajining harkat lan martabat wonten
ngarsanipun Allah lan kawulanipun,ndonyo dumugining akherat.

Ananging sedoyo jongko kedah kejangkah,sedoyo jerbasuki mowobea,semanten ugi


tumapaking akhlak kedah katumbas kanthi laku lampah.Bebasan ora mundur sepecak sinaoso
manggihi reredoning sedyo mulyo,ingkang sakmangke kathah angredo poro kadang anem.

Kito bade pikantuk kamulyan kedah anggadahi gumbrigahing manah ingkang sawiji,greget
lan mboten mingkuh,ampun ngantos kenging pangkredone syetan.cobi gatosaken ing zaman
sak puniko,pamitipun ngudi ilmu ananging kathah kang nuruti nafsu.lajeng dospundi
kawontenan zaman kolo mangke!

Hadirin ingkang kinurmatan

Sinaoso samangke kita tasih wonten papan pasinaon,berjuang kangge kemajuaning negari
mboten saged dipun tunda “HUBBUL WATHON MIAL IMAN” remen negari puniko
peranganipun iman.

Sak lajengipun sumonggo kathi nyadong dedongo mugio negari kita aman,tentrem,gemah
ripah loh jinawi “BALDATUN TOYYIBATUN WARABBUN GHOFUR” Aaamin.

Klopo duduhe santen kupat janure tuwa,cekap semanten sedaya kekirangan nuwun pangapura.

‫وهللا الموافق الى اقوام الطريق والٌسالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

Anda mungkin juga menyukai