Anda di halaman 1dari 1

PANAMPI PASRAH

Asalamualaikum wr wb
Para sepuh pinisepuh ingkang dahat kinormatan,
Bapa ali sapengombyong ingkang dahat sinudarsana
Para lenggah, kakung putri werdha mudha minulya.
Nyuwun pangapunten dene kula kumawani matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, mradapa
awit keparengipun bapa anwar kula ingkang kapiji matur, hanamung saderengipun mugi wonten
lilaning penggalih sumangga sareng sareng ngunjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem allah
swt ingkang sampun paring nugraha satemah kula lan panjenengan saged pepanggihan wonten
dalemipun bapa anwar menika kanthi kebak ing kawilujengan. Sholawat salam ugi mugi tansah
kunjuk wonten ngarsa dalem gusti kanjeng nabi Muhammad saw, ingkang tansah kagadang
safa,attipun.
Para sepuh pinisepuh ingkang dahat kinabekten, langkung langkung bapa ali sakpenderek,
Kula minangka sulih pamatur saking bapa anwar sagotrah, ingkang sepisan ngaturaken
pambagya sugeng rawuh, saestu rawuh panjenengan ndadosaken gumbiraning pengggalih bapa
anwar sakulawarga.dene salam taklimipun bapa ali lumantar panjenenganipun bapa sutopo
katampi kathi pepuji wa alaikum salam wr wr.
Menggah peparingipun sanggan jejangkeping tiyang palakrama, sedaya katampi kanthi suka
rena legawaning wardaya, sedaya kala wau satemah damel entenging sesanggan anggenipun
bapa anwar badhe angijapaken putra putrinipun nimas ayu …dewi….. kaliyan putra kakungipun
bapa ali, nakmas bagus ………………. Bapa anwar saha nimas dewi, boten saged atur piwales
menapa menapa kejawi namung nyuwun woten ngarsa dalem gusti ingkang maha mirah mugi
kesaenan panjenengan menika pikantuk pinwales ingkang satraju kepara hanglangkungi.
Wasana sugeng lelenggahan sinambi ngresepi pasugata ingkang sampun samapta kanthi
mardikaning penggalih.
Kula ingkang tinanggenah matur, cicir cewet keladuking atur nyuwun pangapunten.
Pepunthoning atur, bilahi taufiq wal hidayah wasalammualaikum wr wb

Anda mungkin juga menyukai