Anda di halaman 1dari 4

Assalamuallaikum Wr Wb (Bagi yang muslim)

Lumintuning Puja Astawa saking Gusti ingkang Hamurbeng Rat,Satemah hambabar daya pangaribawa
ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih,cihna ing kaludangan menika panjenengan sedaya lan kula
taksih saget nyawiji wonten ing papan menika kanthi rahayu wilujeng nir ing rubeda. Awit saking menika
sumangga panjenengan lan kula ngunjuaken suka syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Wicaksana
sinertan nyenyuwun mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa madya dumugi wasana samangke saget lulus
raharja,gancar rancak tinebehna saking sedya pambeng nir ing sambekala.

Nuwun dhumateng para rawuh ingkang satuhu kinormatan


para sepuh pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur
para purna karya labet praja sarta sarjana sujananing budi
boten katalumpen dhumateng para kadang wreda muda taruna ingkang satuhu bagya mulya

Keparengna kula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sedaya ing ngriki hangemban dawuh saking
pamangku gati nun inggih Bapa...(yang punya hajat).....piniji mratitisaken pahargyan prasaja
dhaupanipun Nimas Ayu...(Nama pengantin putri)...ingkang ari menika jinatu krama dening Dhimas Bagus
.....(nama pengantin putra) atmaja putranipun Bapa...(nama besan) ingkang mijil saking laladan (nama
desa besan).

Para Rawuh kakung putri ingkang satuhu pantes hanampi sagunging pakurmatan
hamurwakani lekasing sedya wigatosing gati, keparengna langkung rumiyen kula aturaken urut
rantamaning adicara ingkang sampun rinumpaka dening keluarga ingkang hamangun suka.nun inggih
adicara ingkang kaping:
1. pambuka
2. mijilipun temanten putri
3. praptaning temanten kakung
4. pasrah-tampi
5. panggih
6. krobongan
7. mapak besan
8. sungkeman
9. photo temanten
10. pambagya harja
11. panutup/purna
Mekaten para rawuh menggah urut rantamaning adicara wonten ing wedhal menika,ingkang
saklajengipun keparenga panjenengan sedaya hangestreni tumapaking gati kanthi suka renaning
penggalih dumugi wasana samangke.
Nuwun

PAMBUKA

Para rawuh kakung putri ingkang satuhu bagya mulya,sumangga adicara wonten ing wedhal menika dipun
buka sesarengan,mliginipun dhumateng ingkang ngrasuk agami Islam kasuwun sesarengan maos Al
Fatikhah kaping sepisan,dhumateng ingkang ngrasuk agami sanes saget njumbuhaken miturut gegebengan
saha kapitadosan sowang-sowang.
Sumangga (membaca al-fatikhah)........mekaten para lenggah adicara sampun binuka, mugi-mugi kanthi
pandunga panjenengan sedaya kalawau adicara samangke saget lulus raharja gancar rancak tan ana
rubeda Aamiiin
MIJILIPUN TEMANTEN PUTRI
Ngancik adicara ingkang kaping kalih nun inggih mijlipun Temanten Putri saking tepas wangi tumuju kursi
rinengga,sakmenika sampun wonten sasmita lan tengara bileh sampun purna anggenipun temanten putri
mulas wedana,ngedi sarira. Awit saking menika dhumateng para-para ingkang hanganthi murih
rahayuning sedya hamung sumangga.

“Binarung swaraning pradangga munya hangrangin,Hambabar Ketawang sekarteja/Puspawarna. Kaya


ganda hangambar arum katiuping samirana manda. Kawistingal jengkaring temanten putri mijil saking
panti busana.

Panti ateges papan busana ageman,mijil saking panti busana ateges miyos saking papan ageman nedya
sumarak wonten ngarsanipun para tamu manjing ing salebeting sasana pahargya.
penganten putri hangagem busana kang sarwaretna hangemba busananing garwa nata. Katon pating
galebyar pating pancurat ,lamun rinumpaka ing ukara yayah sileh prenah

Hangagem puspita rinonco ingkang ukelira kasampiraken ing pamidhangan kanan, lamun katiyuping
samirana kongas gandane hangegi sajroning sasana pahargya.

Endaah edining busana hangimbuhi gandhes luwes solah bawane, lamun cinandra ical sipating jalma
sawantah pan yayah Bathari Ratih ngeja wantah.”

PRAPTANING TEMANTEN KAKUNG


Para rawuh ingkang satuhu pantes sinuba sekaring pakurmatan,temanten putri sampun lenggah kanthi
raras wonten ing kursi rinengga,pramila saking menika inggal lumadhi adicara candhakipun nun inggih
adicara kaping tiga PRAPTANING TEMANTEN KAKUNG saking sasana palereman tumuju wonten ing sasana
pahargyan. Nuwun

“ Geteeeer pater kaya ana teja kang manter, horek sanjawineng sasana pahargya bebasan sorak
hambata rubuh swarane. awit kena pangaribawane risang temanten kakung ingkang ketingal
agung,ageng lan wibawa.

Temanten kakung lamun cinandra bebasan kurang candra luwih warna. dasar pekik ing warna, dedek
pidheksa pangawak pradata. langkun-langkung sinasaban busana kang tinaretes benang kencana,
sumunar agilar-gilar nanging datan hambelerengi. Saya malih hangagem dhestar hangemba nata tan
ana kan kuciwa

Dampyak-dampyak para kadang kaliyan warga wandana alur selur ndalidir tan ana pedhote ingkang
samya kangayap hambayangkara tindakipun temanten priya.

Wus ndungkap unggyan kang tinuju ,gya lumadi laksitaning adicara pasrah tampa. ”

PASRAH-TAMPI
Para rawuh kakung putri sinedhahan ingkang minulya. Ngancik adiracara saklajengipun nun inggih pasrah-
tampi. Parandene ingkang badhe hamakili minangka duta saking Bapa..(Nama besan) nun inggih Bapa
..(nama wakil pasrah).parandene minangka sulih sarira saking pamangku gati nun inggih Bapa..(nama
wakil tuan rumah/yang punya hajat).pramila saking menika dhumateng priyangung kekalih murih
rahayuning sedya hamung sumangga. Nuwun


Wus paripurna pasrah panampinipun putra temanten kakung kanthi wilujeng nirbaya nir wikara. Para
Rawuh saha para lenggah ingkang satuhu bagya mulya. Kanthi menika dumugi wahyaning mangsakala
laksitaning adicara panggih anut adat widi widana ingkang sampun sinengker. Parandene adicara panggih
menika badhe kapratitisaken dening Ibu juru sumbaganing penganten/juru rias hanenggih...(nama juru
rias), awit saking menika dhumateng Ibu..(nama juru rias) murih rahayuning sedya hamung sumangga.

Panggihipun riusang temanten sekalian lamun cinandra kadya CANTHOKA INGKANG MUNYA ING TIRTA,
REBAT ASRI KALIAN SEKARING BALIMBING ”

PANYANDRA TEMANTEN PANGGIH / TEMON

Reeep tidhem premanem, datan ana sabawane walang salisik, bebasan gegodhongan tan ebah awit
samiran tan lumampah, kang kapyarsa amung swaranya pradangga lokananta ingkang munya ing sasana
wiwaha,senadyan hamung lumantar swaraning pita swara.Awit sedaya kalawau kena pangaribawane
kang samya binoja krama.

Tuhu wes pinesti ana titahing Gusti ingkang asipat jalu lan wanita ingkang nedya ngancik ing ngalam
madya hanenggih sambut silaning akrama

nulya kumlawe astane temanten putri sarwi hambalang gantal mring temanten priya kang winastan
Gondhang Kasih
Datan saranta temanten kakung gya amales hambalang gantalmring temanten putri kang winastan
Gondhang tutur.

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus atur pambagyo ingkang
amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking bombong miwah mongkok ipun manah panjengan ipun Bapak.... bade
matur, amung kandek wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang puniko sesulih saliro dumateng panjengan ipun
Bapak.....kaaturaken.

KETIKA MENGINJAK TELUR


Kawistara kanang antiga tiapak padha pecah sanalika deningtemanten kakung, bpunika asung
pralampita bilih temanten kakung calon dados lantaraning tuwuh/wiji ingkang suci,pratima bangkit
tata jalma,putra kinarya tetalining akrama.

KETIKA CUCI KAKI


Tanggap temanten putri gita-gita hanjengku mring pepadhaning keng raka,sarwi sumembah sarta
hamiji pepadhaning ingkang garwa

KETIKA SINDURAN
Titipurna adicara panggih, tumuli lumadi adicara sinduran,kawistara temanten kekalih sinengepan
sindur ingkang kaaturaken dening ingkang Ibu.tanggapin sasmita ingkang Bapa gita-gita angasta
poncoting sindur tumuli hanganthi putra temanten kekalih tumuju ing kursi palakrami.
Kawuryaaan alon-alon tindhake lan banget pangati-atine ingkang Bapa tuwin Ibu hanganthi putra
temanten sekaliyan tumuju unggyan kang tinuju.Punika asung pralampita dhumateng kang binoja
krama,mugi -mugi anggenipun nepusi jangkaning agesang mangun brayat anyar,tansah kebak ing
pangati-ati ,datan grusa-grusu mundhak kesluru, tan milik barang kang elok jalaran keselak muluk.

KROBONGAN
Sesi ini ada:

 bobot Timbang
 tandur
 kacar-kucur
 dahar kembul

SUNGKEMAN
Wus lengser saking palenggahan, risang temanten kakung hanganthi ingkang garwa sumarak wonten ing
ngarsanipun ingkang Bapa tuwin Ibu,tumuli sumungkem lan ngabekti nyuwun idi pangestu anggenipun
palakrama mugi tansah manggih bagya mulya,saget langgeng dumugi salami-laminya.

Bekti dhumateng ingkang Rama labet enget bilih ingkang rama wus sembada ngfukir jiwaraga dadya
lantaraning tuwuh.
Parandene sumungkem dumateng ingkang ibu labet enget bilih ingkang Ibu wus kinarya papanig yoga
brata salebeting nawa candra dasa ari, sarta hanglelithing wiwit alit dumugi akir dewasa,bebasan cilik
digedhek.ke,bodho kapinterake.

Brool kanang waspa ingkang mijil saking anggenira temanten kekalih,tumibeng ing pangkone ingkang
rama lan ibu kadya mutiara kang rinonce. kaladuk.e kang ngrumpaka basa bebasan banjir luh sarah
waspa sajroning sasana rinengga.

Anda mungkin juga menyukai