Anda di halaman 1dari 5

TULADHA KAGEM PANATACARA

MIJIL TEMANTEN PUTRI


Nuwun para warga saha para rawuh kakung putri ingkang dahat pinundi nundi.Inggih
awit palilaning gusti Allah, pengeran ingkang akarya jagat.Ing kalenggahan punika keluarga
bapak ……….( tuan rumah ), kepareng amiwaha putra mahargya siwi mulakramaaken putra/
putrinipun ingkang asesilih dyah ayu ……….(nama manten pi ) antuk lanang bagus
……………. Hanenggeh putra atmaja saking panjenenganipun bapak saha ibu ………..( ortu
pa ) ing kalenggahan punika bade kita estreni sesarengan reroncen sarto rankeaning upacara
adat jawi pangging, utawi temu temanten.
Ingkang tinurwaaken kanthi mijilno temanten putri saking sasana busana, labet wis
paripurna rinupoko dening juru renggo busana/ juru paes/ crew wedding/ tata rias/mua
saking………..mila temanten putri gya kakanti jengkar tepas wangi.
Nulya kawuryan ana teja hangenggung mawa praba tuhu punika tejane temanten
wanita, ingkang mijil binayang karya saking panti busana.Alengkeh lengkeh pindho sardala
lupo anggenyo lumampah anut iramaning gendhing ingkang hangrenganing kapyiarsa,
abusana amiwah apepaes cara prameswari ning raja, opo to tandane? Palarapan sinungging
awrni kresna.Ing mustaka renengganan cunduk ingakng awngun wulan tumanggal, marmo
tinaretes ing sesotya tinatik natik mawa retna.Mungguhing sanggul rinenggo cunduk mentul
ingkang tansah hamembat membat lan ugi hamentul mentul, mangkana saha amimbuhi
ayuning warni temanten putri hanenggeh dyah ayu …..
Kaapit rama lan ibu genya lumaksana tumuju sasana rinengga jinurung putri domas
lan mangggala yudha, ingkang mangke kasedu hanyengkuyung pepanggihanipun temanten
Priya lan wanita, alon genya lumaksana sri temanten tumuju bale asri kepareng mingggah
sitinggil.Temanten putri marmo kapratitisaken dening juru paes/ juru rias/ juru rengga
busana, juru tata rias/ profesinal tatarias ……putri domas lan manggala yudha tansah
kumering satindaknyo.Kawistara wus prato ing panti pinajang, milo risang pinangantiyan ing
acaran sungging ( foto ) sesarengan kaapit rama lan ibu tan kasupen putri domas lan
manggala yudha.
BEDOL KEMBAR MAYANG
Sigra cancut gumrengut cancut taliwandha hangemban jejibahan kinen
hanyungkuyung pepanggihane temanten sekaliyan, kinen hambedol mayang sakemabaran,
iyo sekar dewandaru sakembaran, iyo kembar mayang iyo kembang mayang, mangkana
kawistinggal bagus bagusing warna.Sembadha ing karya tuhu punika mustikane para jejaka,
ingkang awasta risang manggala yudha, kasedu sinaraya dening keluwarga agung bapak
…………( ortu pi ) kinarya hamapak rawuhipun temanten Priya dalah para pangekaring
pingganten kakung.Pinondongan linggar saking sasana pasanggrahan tumujuning panti
pawiwahan agung jumujuk ing ranupadha hanenggeh papan kang tertamtu pinangka papan
pepanggihanipun, kanti bedolipun mayang sakembaran mratandaaken bilih uapacara temu
temanten sigra kaleksanan, mugi gusti Allah ingkang maha wikan tansah paring nugraha
kabagyan temanten sekaliyan, anemuo bener lan kabeneran.
Miyai langgening talang ya anggelar pandam cor tunoner kekonang, surung soroting tan
padang kasorong lan pajare purnane gegana dasaring mangsa katigo, imo anaweinging
anjungan jala.
Para rawuh kakung putri mekaten kembar mayang sampun kaleksanan binedol mila
dungkap titiwanci tumapaking gati PEPANGGIHANE TEMANTEN kakung lan putri kanti
asesanti jaya- jaya wijayanti mugi jaya awit berkahing gusti Allah ingkang maha
suci.Sumangga kita estreni sesarengaan pepanggihaning ing kalenggahan panggihing
niki.Para rawuh kinarya paring pakurmatan panggihing penganten handika sami kasedu
jemeneng sawetawis sumangga kawula dereaken.
TEMU TEMANTEN
Kumandang larasing gendhing kodok ngorek, marmo hambarung pepanggihane
pinanganten kakung lan putri, satuhu angulat pakartine para raja ing kedaton, miyos hanganti
garwa prameswari muhung barong lantaran kodok ngorek jumbuh ing kalenggahan punika
pinanganten putri wus medak saking satinggil.
Daya daya ametuk rawuhipun ingkang rakanata.Sawetawis katinggal saking katebihan
dampyak dampyak tindaknya pinganganten kakung dalah para pengarak anyaketi sasana
wiwaha inggih bale wiswane bapak ………(ortu pi ) soyo cedhak soyo celak genya
lumampah temanten kekalih, hangenya sami anyaketi ranupadha uborampe pangging
hanengging ing sasana kang wus tertamtu minagka papan panggihing temanten sekaliyan,
keder ndredek kang rinoso jroning jojo.Pinanganten sekaliyan ingkang arsa pepanggihan,
soyo caket soyo parek, soyo cedhak, soyo celak pingangnten kekalih dening kang kaesti
temanten kakung lan putri muhong sih pangestu para tamu kakung putri mugi anggene
apolokrami tansah rinobyong robyong murah rizki.
Saksana temanten putri mulat teamnten kakung, teamanten kakung hamirsani
temanten putri.Mangkono tempuking catur pandulu nuwuhake lindu jroning jojo.Saksana
teamnten kekalih kumlawe kang asta hambalangken sadak kang kinarya saking suruh
ginulung tinali lawe tondho pratitis pamilihe lha menika to janmo kang kinarsake dadi
jodhone, marmo binalang sadak kang kinarya saking suruh tinali lawe puteh suruh labet
kasusu selak weruh kang Dadi jodhone, tinale lawe puteh lambange kasucen mugi genya
bebrayan sekalihan among adedasar niat sarto gegayuhan ingkang suci.Nulya temanten
kekalih jawat asta ateges sesalaman kapratitisaken dening ibu renggo buasana mugi gusti
ingkang akarya jagat tansah pinardawa kamulyane.
Dene temanten putri sumembah hanguwos pepodho tondho bektining kang tanpo
upomo.Jumbuh kalih suraose ayat saking al qur’an surat an nisa ayat 34 ……..Satuhuning
kaum Priya iku mujudake pemimpin tumrap kaum wanita labet wus kaparingan kaluwihan
mila kedah den bekteni, dene pinanganten kakung mulat antiga ginakaet ing bokor rukmitan
saronto ing wardaya antiga tinindak ing podho pecah sanalika.
Bundering kanangan antiga mralambangaken tekat temanten kekarone kang wus
bunder kempleng golong gilik sayuk sayek saeko kapi.Antiga kapecah mengku pralampita
mugo mugo sak wunyo polokrama temanten karone biso pecah nalare mandireng pribadi
lepas saking tanggel jawabe tiyang sepuh sekalihan.Temanten putri amijiki amparane kang
garwa mawi toya kembang manca warna, temanten putri kajumenengaken dening temanten
Priya gadahi tanggel jawab paring pangayoman kang sembadha linambaran deranging asmara
agenging trisno.
LIRU KEMBAR MAYANG
Sunartan acaoro liru kembar mayang yo acoro ijol ijolan kembar mayang.Kembar
mayang kang lumebet sasana mralambangaken nugraha agung saking ngarsane gusti Allah
ingkng maha sugih.Wondene kembang mayang ingkng medal saking pasiti pesto
mralambangaken gudha rencana miwah angkara murka sarto sambikala ingkang binucal
tebih.
Saksana temanten kalih jumeneng jajar semandhing temanten kakung anyang sono
sisih kanan dene temanten puti anyang sono ing sisih kereng, nuli bapak ……….( ortu pi )
sekaliyan anyeketi temanten kekalih.Temanten sekaliyan gya dinulang bogo mewah
pinaringan unjukan tirta wening, temanten kekalih dinulang sega putih dening bapak …….
(ortu pi ).Mugo mugo bening pikire jenjem penggalihe, among ka ayem lan kantentreman
kang tansah tinemu.
GENDONGAN
Nuli temanten sekaliyan sinampiran sindur ingkang awarni rekta miwah seto ateges
abang lan putih dening bapak …….(ortu pi ), Kanti acdicara Sindur binayang, ingkang tansah
ngemu pralambang anetepi sabdatama ki hajar dewantara “ Ing Ngarsa Asung Tuladha, ing
Madya hambangun karsa, Tut Wri handayani “
Marmo ginendong mawi selendang kekarone awerni rekta miwah seta digigolo mugi
temanten kekarone tansah tinuntun rehing kautaman wani belo bebener wedi nindaake
kanistan, alon genya lumaksana ingkang amengku karso sarwi hangendong temanten Priya
lan wanita kanti acoro singepan sindur.Yo acoro gendong sindur yo winastan acoro sindur
binayang lamun keni kawelo ing lisan pangudi asmoro driyaning bapak …… tumrap
temanten kakung lan temanten putri.
Ngger putraning rama labet mangsilangut kang siro tuju yo ngger mulo sing ati ati ojo
pegat ing kaprayitnan, mangkono jinurung pujo puji mugo- mugo kang akarya jagat tansah
paring rahmat maring siro sakoloron kaki nini.
KROBONGAN
Wus prapto ing sasana kang tinuju tindaknyo ingkang amengku karso genya gendong
temanten, prapto ing sitinggil inggih panti pinajang, temanten kekalih nulya kapangku dening
bapak …….., kapratitisaken dening juru renggo busana sanking ………..ingkang madepok
wonten …….. milo risang teamnten kapangku dening bapak …….( ortu pi ) Kanti adicara
bobot timbang.Temanten kakung pinangku ing ampeyan sisih kanan wondene temanten putri
kapangku ing ampeyan sisih kereng, nuli ibu ……..kepareng nyuwun pirso nuwun sewu
awerat ingkang pundi pak? …..podho abote iki bu ………Tondho pangrengkohe keluargo
agung bapak ….. tumrap temanten kakung lan putri, kekalihipun karengkuh kadi dene putra
miwah putri piyambak.
Saksana temanten kekalih klaengggahaken dening bapak ………kanti adicoro Tanem Jero,
Sak wusyo polokrama temanten kekarone ugi kinudang mugo biso urip mulya mukti Wibowo
tan kalendran ngagungaken asmane keluargo ngluhurake asmane wong tuwo bebasan mikul
duwur mendhen jero.
Wus satoto lenggah temanten kekarone nulya ngleksanaaken adicara Kacar kacur,
minangka pralampita raos tanggel jawabe temanten kakung dening temanten putri anyekepi
baga wastra mewah sasana , tegesipun nyekapi pangan sandang lan papan mewah pareng
pangayoman kacu bangun tulak jinereng ing pangkone temanten putri wondene temanten
putra ngasta tilam lampus isi uborampen kacar kucur, ora sronto ing wardaya uborampe kacar
kucur gya sinuntar wonten pangkone kang garwa.mangkono lamun cinandra kacar kucur,
kacar kucur, kacar kucur mugo mugo uripe temanten biso sempulur awit berkahing gusti
Allah kang maha luhur, kacar kucur kacar kucur kacar kucur wong liyo biso dadi sadulur
miwah kacar kucur kacar kucur kacar kucur yen awan padha ngluyur yen bengi tunggal
sakasur, menika ingkang awasta jejodohan uborampe kacar kucur kang katampi dening
temanten putri milo katur wonten ngarsane bapak lan ibu …… pralampita yen to tiyang
sepuh kedah paring wewarah pitedah saha panggulowentah, muo Widodo lestari bebrayane
temanten kakung lan putri.
Ana Kenya kalih kang endah sulistya warni angasta bogo rinengga peni katur
temanten kakung lan putri ingkang nedya DAHAR SESARENGAN Yo dahar dulang
dinulang temanten kakung atur dulangan dumanteng temanten putri, temanten putri ugi
paring/ atur dulangan dumateng temanten kakung.Linambaran esem kang pahit madu marmo
kumembang ing lati “ Duh kang mas marem ing lati pinampi pandulang panjenengan kang
mas “, semono ugo aku yayi roso marem jroning ati yen to nompo pandulang iro wong ayu
Nadya wujute naming sego putih lawuhe iwak gerih, lamun kang mas caket ana sanding iro
diajeng pindo mungguhing suwarga luko.
Mekaten menggah biso kawiyos ing lisan pangudi asmaraning driya temanten
sekaliyan kang wus sesandingan sarto dahar sesarengan, nulya temanten kekalih nedya
ondrowino inggih NGUNJUK TIRTA WENING sesarengan kinarya dadiyo kekiyatan
anggen iro amurwakani mangun bebrayan mugo ilang suker sakite, kare bagas kawarasane
ilang senthek sukertane kariya bagya mulyane.Ana jejaka kekalih kang pekik tur bagus endah
sulistya warno angasta unjukan tirta wening katur temanten kekalih bade manggih duh kita
lan bagya mulya arso tinempuh piyantun sekaliyan bungah susah padha dilakoni bebasan
ringan sama dijinjing berat sama dipikul.Gembul bujana dalah ondrowino sampun paripurna,
nulya bapak….sekaliyan nedya jengkar saking dampar palenggahan kepareng hamapak
rawuhipun sang besan kanti adicara mertuwi yo adicara tilik nitik yo adicara MAPAK
BESAN sarwi gegandhengan asta panjenenganipun bapak…..( ortu pi ) sekalyan hamapak
sang besan kinaseh hanenggeh ingkang kinurmatan bapak……(ortu pa ) sekaliyan ingkang
mijil saking telatah ……. ( alamat manten pa ).
Kawustingal saking katebihan mandap saking roto titian mijil saking wisma
palereman bapak …..( ortu pa ) sekaliyan.Inggih rama lan ibunipun temanten kakung,
ingkang kepareng rawuh ing kalenggahan menika ( punika ), ketebang ketebang lumampah
lon lunan lumebet ing panti wiwaha.Prpto ing gapurane panti pesta mangkana pinapak dening
bapak ……..( ortu pi ) sekaliyan, esem kang pahit madu kumembang ing lati.Mangkono
saksana pyuk gapyuk, kanti jawat asta bapak….( ortu pi ) hanggandeng bapak….( ortu pa ) ,
lon lunan tumuju sasana rinengga temanten.Temanten sekaliyan jumeneng atur pakurmatan
dumateng rawuhipun sang werdha catur, sawetawis bapak ……( ortu pi ) sekaliyan
kadereaken lenggah ing dampar palenggahan caket palenggahanipun temanten
putri.Wondene panjenenganipun bapak…..( ortu pi ) sekaliyan pinarak lenggah ing panti
palenggahan sisih kanane temanten kakung rawuhipun sang werdha catur soyo damel
jangkeping kabgyan risang temanten sekaliyan.
Nulya temanten kekalih anglepas kalang canela ( sandal ), temanten kakung anglolos
duwung ( keris ) nedya sumungkem angabiyantoro dumateng rama lan ibune kanti adicara
ngabekten yo ADICARA SUNGKEMAN.Canela linepas duwung linolos, temanten kekalih
nulya marak sebo mangkono depe depe tan silahing, bebasan jaja teken yanggut siwito
wonten ngarsane ibu lan rama sarwi andap asoring manah “ pangabekti kulo katur rama lan
ibu miwah nyuwun lumunturing puji astuti “ iyo yo nger tak tompo, gawene gedene
pangestune rama muga tumandhuk marang sliramu wong ayu.Gilir gumantos temanten
kekalih hanggenya anyungkemi pepadane kawiwer wiwer rekmane sinartan lumunturing
berkah pangestu mugiya genya palakrama temanten kekalih tansah manggih yayu hayem
tentrem, paripurna sumungkem wonten ngrasane bapak ….( ortu pi ) sekaliyan.
Temanten kekalih sumungkem wonten ngrasane bapak ….( ortu pa ) sekaliyan,
ngerpepeh ngerpepeh pindo soto matarangan genya lumampah temanten kekalih, tinampi
sungkeman winsik wewarah luhur sinartan lumunturing puji astute, mugi mugi genya
polokrami temanten kakung lan putri tansah winantu ing suko basuki, kawistingal kanti gilir
gumantos risang temanten hanyungkemi pepadanipun bapak …..( ortu pa ) sekaliyan , inggih
kepareng ngaturaken puji konjuk sak andaping pepadha miwah nyuwun puji astowo mugo
hanggenya bangun balewisma tansah winantu ing suko basuki nulya kales ing rubedha nir ing
sambikala jumbuh kang ginayuh lulus raharja kang sinedya.
Paripurna adicara sungkeman katur rama lan ibu kepareng sungging sesarengan, katur
bapak ….( ortu pi ) sekaliyan, kepareng hangapit temanten kekalih nedya kalestantunaken
dening …..( fotografer ) miwah …….( shooting ) mugi kenging kinarya pangenget enget
mbenjang kauri lamun temanten kakung lan putri ingkang rinupoko dening juru paes saking
…….sami hamirsani lembar bogo lembar album keluarga saking ……( fotografer ) mieah
hamirsani video ingkang rinepta saking ……( shooting ), mila tertamtu enget rikala
sinengkaake ing aluhur dadi raja sedina ratu sedalu hinggo tuwuh greget ingkang makantar
kantar kinarya gayuh gegayuning kayun mamayu bawana mugo- mugo widada lestari
bebrayane temanten.

Parz 2019 Second Claster ….Manfaat…..Barokah Ya rabb…..

Anda mungkin juga menyukai