Anda di halaman 1dari 2

SUNGKEMAN SIRAMAN

Kasalira : Mbak …………………

Ass.Wr.Wb.

Nuwun,

Bapak lan Ibu ingkang kula hormati,

Dinten menika kula bade nindakaken upacara siraman reresik lahir batin
jalaran benjang enjang kula bade dipun dhaupaken kaliyan mas
Heru .............

Pangabekti saha sembah sungkem kula mugi katur dateng Bapak lan Ibu ,
......... tansah nyuwun pangestu panjenengan. Mugi – mugi anggen kula
gesang bebrayan tansah pinaringan ridhanipun Allah SWT.

Kairing atur agunging panuwun awit sih katresnan saha sadaya sanguning
gesang ingkang sakalangkung piguna tumrap lumanjaning gesang kula.

Mesti kemawon kathah dosa kalepatan kula, langkung – langkung kula


ingkang asring damel kuciwa saha ribed pangalihipun Bapak lan Ibu, mugi
Bapak lan Ibu kersa paring pangapunten.

Sembahnuwun,
Wass.Wr.Wb.
SUNGKEMAN SIRAMAN ( ORTU CP.PUTRI)
Kasalira : Bp. ............................

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Anakku ingkang banget dak tresnani,

Dumeling tangismu nalika sliramu lahir koyo isih keprungu. Solah slagamu
wiwit cilik kang gawe senenging ati, wicaramu kang resep gawe bungah.
Kawumbuhan lantiping panggrahito kang kebak ing tata krama sayekti
banget gawe bombonging ati, semono gedene kanugrahan kang
diparingake dening Allah SWT, Bapak lan Ibu amung sadermo nampa
amanah momong kanthi lila legowo lahir trusing batin tanpa darbe pamrih
apa – apa, kajobo mung kepingin nyawang uripmu bagyo, mulyo nindya
ayem tentrem ing tembe, guyub rukun nggonmu omah – omah, langgeng
lestari adoh saka rubeda, cinaket ing karaharjan.
Pangestune Bapak lan Ibu tansah lumintu anut salakumu, muga Allah SWT
peparing ridho lan anjangkung sakabehing sedyamu.

Wass.Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai