Anda di halaman 1dari 6

PIDATO BAHASA JAWA DENGAN TEMA PERPISAHAN

Assalamu'alaikum wr. wb.


Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu
luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha
Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito
sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara
perpisahan sak manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang
sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah
kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang
warsa.
Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh
wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu
rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru
amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo
lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan
mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo
kelepatan kulo lan rencang - rencang.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan
menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan
kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken
ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten
kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Wasslamu'alaikum wr. wb.

CONTOH PIDATO SINGKAT BAHASA JAWA PERPISAHAN SEKOLAH


Pembukaan Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu
undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati,
adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang
Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan
rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi
pinaringan karaharjan.

Isi Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :


Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging
panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit
saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula
sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula
sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan


kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah
ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan,
kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah
dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji
ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit
kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit
saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten
mranani penggalih panjenengan sedaya.
Penutup Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih
kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing
Gusti Allah, Amin..
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur

saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun


pengampunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

PIDATO Bahasa Jawa: PERPISAHAN SISWA KELAS IX


PERPISAHAN SISWA KELAS IX
Nuwun , panjenenganipun Bapak Kepala ingkang dhahat kinurmatan. Para tamu
undhangan, Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang kula urmati. Sederek kula siswa
kelas IX lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Kanthi rahmating Gusti ingkang Maha Agung, ing wekdal menika kita sedaya taksih
pinaringan karaharjan saha kawilujengan, saengga kita sedaya saget makempal wonten
ing aula SMP N 4 Surakarta kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Minangka wakil saking siswa kelas VII lan VIII, ingkang sepisan kula ndherek bingah
dene sedherek kula kelas IX sedaya sampun kasil anggenipun ngangsu kawruh lan
ngrampungake kewajibanipun wonten ing pawiyatan menika.
Kaping kalihipun, kula ugi ngaturaken gunging panuwun awit sedherek kula kelas IX
sampun paring pambiyantu, bimbingan saha pitedah, wewarah babagan ngelmu,
katrampilan, kawasisan menopo kemawon dhumateng kula sakanca kanthi ikhlasing
manah. Kula bonten saged ngaturaken piwales saking Gusti Allah ingkang trep kaliyan
kesaenan panjenengan wau.
Boten kesupen, kula sakanca ugi tansah ndedonga, mugi-mugi sedherek kula kelas IX
salajengipun saget katampi ing pawiyatan ingkang sae lan dipunremeni, dadosa
manungsa ingkang migunani tumrap bangsa, agami lan negari.
Minangka panutuping atur , kula sakanca nyuwun pangapunten, menawi
sadangunipun srawung kaliyan sedherek kula kelas IX kathah atur saha tindak-tanduk
ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya. Kula minangka wakil kelas
VII,VIII nyuwun agenging pangapunten. Nuwun.

Contoh Pidato Perpisahan dalam Bahasa


Jawa
Assalamualaikum Wr. Wb.
Ingkang kawula urmati Bapak Kepala SMP 1 Banyumas,
ingkang

kinurmatan

dewan

guru,

komite

sekolah,

ingkang

berbahagia wali murid lan tamu undangan saha rencang-rencang


kelas 7,8,9 ingkang kawula tresnani.
Mangga langkung rumiyin kita sesarengan ngaturaken puja
lan puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi
kesehatan lan keselamatan dhumateng kita sedaya, sahengga
kita saged makempal pinanggih ing acara perpisahan kelas 9
tahun ajaran 2010/2011, dinten senin, 5 maret 2012 ingkang
enjang menika.
Nuwun sewu, kula kadhawuhan mewakili kelas 9 ingkang
acara perpisahan niki. Mbok bilih kula anggenipun pidato kathah
tuna dungkanipun kula nyuwun agunging samodra pangaksami,
awit kula menika taksih adhapur latihan.
Para rawuh ingkang kawula urmati, kula badhe ngaturaken
maturnuwun dhumaten Kepala Sekolah ingkang sampun maringi
sarana lan prasarana ingkang cekap sehingga kita saged belajar
kanti lancar. Mboten kesupen kula ngaturaken matur nuwun
kangge

bapak,ibu

guru

lan

warga

sekolah

ingkang

tumut

membimbing, mengajar, lan memotivasi sehingga kita saged


ngrampungaken
bermanfaat.

belajar

Kangge

lan

bapak

angsal
ibu,

ilmu-ilmu

matur

nuwun

ingkang
kangge

pengorbananipun ingkang sampun nyekolahaken kita ngantos


lulus teng SMP niki lan kawula sedaya nyuwun doa restunipun
kangge nglanjutaken teng sekolah ingkang lewih inggil. Ingkang

kaping

kalih,

kula

sedaya

ngaturaken

pangapunten

kangge

bapak,ibu guru ingkang sering dados kecewa, nelangsa lan nesu


amargi kekhilafan kita sedaya. Kangge adik-adik kula kelas 7 lan
8, tetap semangat kangge belajar lan meraih cita-citanipun.
Namun cekap semanten ingkang saged kula aturaken,
mbok menawi kathah atur tetembung ingkang mboten mranani
penggalihipun. Kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr.Wb

Anda mungkin juga menyukai