Anda di halaman 1dari 1

SESORAH

PERPISAHAN KELAS 9

ASSALAMUALAIKUM Wr. Wb

Ingkang kula kurmati bapak kepala sekolah, bapak ibu guru ugi kanca kanca sedaya
ingkang kula tresnani. Langkung rumiyin monggo kita sedaya tansah muji syukur dumatheng
ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi kanikmatan, rahmat, taufiq saha hidayah
dumateng kita sedaya saengga kita saged kempal wonten acara
“ perpisahan kelas 9 " enjing menika. Sholawat ugi salam mugi" katur dateng junjungan kita nabi
agung Muhammad SAW. Ingkang angka kalih inggih menika kula ngaturaken maturnuwun sanget
dumatheng bapak kepala sekolah, bapak ibu guru ugi kanca" sedaya saengga acara meniko saged
kawujudaken kanthi meriah ugi mboten wonten alangan punopo punopo. Kula minangka sesulih
saking sedaya kanca SMPN 1 SDA disuwun ngaturaken sesorah dumateng panjenengan sedaya.

Para rawuh ingkang kula kurmati


Pendidikan punika, perkawis ingkang penting sanged amargi, pendidikan ugi
pengetahuan punika, bekal gesang wonten alam dunyo ngantos akhirat. Benten kaliyan perkawis
lintune kados perkawis arta. Kanthi ilmu, manungsa saged anggadahi drajat ugi gampil anggone
pados arta. Menawi tiyang mboten kagungan ilmu ugi pengetahuan, mangke kewetan anggone
pados pendamelan.

Para rawuh ingkang kula kurmati


Ginanipun pendidikan kagem generasi muda menika katah sanget, inggih punika
ndadosaken kita supados saged mangertosi ilmu umum, saged mangertosi ilmu agama, saged
mangertosi ilmu etika ugi tatakrama. Sarehdenten punika, mangga kita sedaya tansah sregep
anggone pados ilmu, supados kita dados tiyang ingkang minulya ugi sukses. Cekap semanten
ingkang saged kula aturaken, menawi wonten kalepatan kula nyuwun agunging pangapunten.

WASSALAMUALAIKUM Wr. Wb

Nama : Naswa Aulia Sabila

Kelas : IX-D / 23

Anda mungkin juga menyukai