Anda di halaman 1dari 1

PIDATO BAHASA JAWA

PERPISAHAN SEKOLAH KLS IX

Assalamualaikum Wr.Wb
Ingkang kinurmatan ibu kepala sekolah ugi bapak-ibu guru ingkang
satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kelas 9 ingkang kula
tresnani.Sumangga kita sedaya ndereake puji syukur wonten ngarsanipun
dalem gusti allah ingkang maha agung,ingkang sampun paring kanikmatan
dumateng kita sedaya,saengga kita saged kempal manunggal ing aula SMP
N 3 Tuntang kanthi sehat wal afiat.
Saklajengipun kula aturaken panuwun dating bapak/ibu guru ingkang
sampun nglonggaraken wekdal nrawuhi adicara mrnika.
Kula minangka wakil saking kelas 9 ngaturaken agungin panuwun
dumateng bapak/ibu guru,amargi awit saking katresnan panjenengan
anggenipun ngguwetah dumateng kulo sakanca ngangsu kawruh wonten ing
pawiyatan menika,saha saged lulu 100%.Ingkang nomer kalih,kulo
sakanca nyuwun ndonga pangestu,mugi mugi ketampi wonten sekolah
ingkang dipun idam-idamken.Ingkang pungkasan,kulo sakanca dintrn
menika nyuwun pamit nilaraken SMP N 3 Tuntang menika.
Kulo dedunga,mugi-mugi SMP N 3 Tuntang tetep jaya lan majeng
prestasinipun.
Cekap semanten atur kulo,menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa
ingkang mboten mranani penggalih,kulo nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai