Anda di halaman 1dari 3

Nama : Gilang

No : 13

Kelas : VIII B

Pidato Bahasa Jawa Tentang


Pendidikan
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang
berbahagiya niki monggo kulo lan pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur
dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun
sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu
ngengeti dinten pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggai kaping kalih saking wulan
Mei tahun ;…….

Perlu sanget kito sedoyo sumerapi mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab
UUD 1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi
umur pitung tahun. Kito ugi sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun lami
ngantos pinten-pinten abad niku, wakdal nabi saw. taksih gesang sampun mrogramaken
utawi anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedoyo maksudipun supados
umat beliau dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan ugi supados dados
umat beliau saw. ingkang boten bodoh. Masalah niki kados pengendakane nabi saw. ing
dalem hadits riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun :

“Nggoleko ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno
ingatasi saben-saben wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno
sayape marang wong sing nggolek ilmu sebab repote marang pengga-wean iku.”

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan
sedoyo ningkataken malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu
agami utawi arupi ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan
gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang wonten hubungane kaliyan akhirat.

Semanten ugi kito sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten
nggadah ilmu. Lan mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami
Allah swt. Amiin yaa Rabbal Aalamiin. Akhirul Kalaam.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.


PIDATO BAHASA JAWA BERANTAS KKN

Assalamu’alaikum wr. wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan


bapak/ibu guru maple utawi ingkang satuhu kinabakten
Lan konco-konco ingkang kula tresnani

Saderengipun, sumangga sesarengan kita ngonjukaken puja-puji pujiastuti ing


ngarsanipun Gusti Allah SWT, deneng kalenggahan punika, kita sedaya taksih
pinaringan Rahmat saha Hidayahipun, katitik kula saha panjenengan sedaya taksih
saged makempal wonten ing pagan ngrilci, kanthi widodo nir sambikala. Sholawat
saha salam mugya katetepaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung
Muhammad SAW, ingkang kita ajeng¬ajeng syafa'atipun benjang ing dinten
qiyamat.
Para rawuh ingkang satuhu minulya.
Negari kita Indonesia mardika sampun 64 tahun laminipun. Negari ingkang
kondhang wiyaripun, ugi kekayaan alamipun. Nanging kenging punapa saengga
sepriki taksih kathah rakyat Indonesia ingkang gesangipun sarwa kekirangan?
Punika jalaran saking polah saperangan tiyang ingkang kagungan kalenggahan
wonten ing Pemerintahan ingkang tumindak mboten leres, inggih punika
nindakaken korupsi, ingkang sanget ngrugekaken negari. Mboten kirang-kirang
para mahasiswa, pelajar, LSM, Ian sanesipun ingkang nindakaken demonstrasi
anti korupsi punika. Nanging saengga sepriki korupsi taksih ndadra, katitik kabar
saben dintenipun wonten ing media elektronik punapa dene media cetak.
Alhamdulillah, Pemerintah sampun nggatosaken, malah sampun mbrastha para
pejabat ingkang nindakaken korupsi punika, malah sampun kathah ingkang
sampun kenging paukuman saha dipun kunjara.
Para lenggah ingkang bagya mulya.
Mugi-mugi para pelaku korupsi enggal emut bilih menapa katindakaken punika,
awisampun agami ugi negari. Dhumateng para mahasiswa, pelajar, LSM Ian
sanesipun sampun ngantos kendhat anggenipun ngawontenaken gerakan anti
korupsi, ngantos korupsi ing negari kita saged kabrastha, saengga kita anggadhahi
"Pemerintahan yang bersih dan berwibawa". Dhumateng Pemerintah ugi kula
suwun sampun ngantos kendhat anggenipun gumrugut, mbrastha KKN, ingkang
dados penyakitipun masyarakat.
Cekap sementen atur kula uibok bilih kathah cewet kuciwaning atur, tuwin kirang
tata trapsila mawantu-wantu kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum wr. wb.

Anda mungkin juga menyukai