Anda di halaman 1dari 6

Contoh Pidato Singkat Bahasa Jawa Perpisahan Sekolah

Pembukaan Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :


Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula
hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih
pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan

Isi Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu
Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken
kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti
Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged
nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit
saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Penutup Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha
barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula
nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Pidato : SESORAH PERPISAHAN KELAS IX

SESORAH PERPISAHAN KELAS IX

Assalamualaikum Wr.Wb

Nuwun,

Bapak Kepala SMPN 12 Babat ingkang satuhu kinurmatan

Bapak/Ibu guru ingkang kula kurmati

Kanca-kanca kelas 9, adhik-adhik kelas 7 lan 8 sing daktresnani

           

Ingkang sepindah, monggo kita sareng-sareng ngucapaken Puja-puji sukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring rahmat
sarta hidayah katitik ing wekdal punika kula panjenengan sedoyo sami saged makempal wonten ing SMPN 12 Babat,kangge
angestreni perpisahan kelas IX, kanthi sehat walafiat boten wonten alangan menapa.

            Ingkang kaping kaleh ,sholawat ugi salam kita aturaken dhumateng Nabi besar Muhammad SAW ingkang sampun nuntun
kita sedaya saking margi ingkang lepat dumugi margi ingkang leres inggih menika dinul islam.

            Ingkang saklajengipun,kula ngucapaken matur suwun sanget dhumateng para rawuh ingkang sampun rawuh dateng
penggenan menika.

            Para rawuh ingkang kinurmatan,kula minangka wakil siswa-siswi  kelas IX ngaturaken gunggunging panuwun ingkang tanpa
upami,awit kaiklasan tuwin katresnan Bapak/Ibu guru nggulawentah para siswa pramila saged ngerampungaken sedoyo ilmu
ingkang sampun kaparingaken tigang tahun. Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi amal lan kesaenan Bapak/Ibu guru
sedaya pikantuk piwales saking Allah SWT,saha tansah pinaringan kasarasan. Boten kesupen kula sakanca ugi nyuwun
pangapunten ,awit kula sakanca asring damel Bpak/Ibu guru kuciwa awit saking atur solah bawa kula sakanca ingkang boten
mranani penggalih panjenengan.

            Para Bapak/Ibu guru lan para rawuh, ing wekdal punika kula sakanca nyuwun pamit lan nyuwun donga pangestu,mugi-mugi
sasampunipun medal saking pawiyatan ngriki kula sakanca saged ngelajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan
candhakipun. Makaten ugi mugi-mugi adhik-adhik kelas VII lan kelas VIII saged kasil ngangsu kawruh kanthi kasil ingkang langkung
sae.

Para rawuh ingkang kinurmatan, makten atur kula. Bokbilih wonten kirang sarta kalepatanipun , kula nyuwun agunging samudra
pangkasami.

Nuwun,

Wassalamualaikum Wr.Wb  
Assalamu’alaikumWr.Wb.

          Ingkang kawula urmati Bapak Kepala SMP 1 Banyumas, ingkang


kinurmatan dewan guru, komite sekolah, ingkang berbahagia wali murid lan tamu
undangan  saha rencang-rencang kelas 7,8,9 ingkang kawula tresnani.
          Mangga langkung rumiyin kita sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur
dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi kesehatan lan keselamatan
dhumateng kita sedaya, sahengga kita saged makempal pinanggih ing acara
perpisahan kelas 9 tahun ajaran 2010/2011, dinten senin, 5 maret 2012 ingkang
enjang menika

          Nuwun sewu, kula kadhawuhan mewakili kelas 9 ingkang acara perpisahan
niki. Mbok bilih kula anggenipun pidato kathah tuna dungkanipun kula nyuwun
agunging samodra pangaksami, awit kula menika taksih adhapur latihan.
          Para rawuh ingkang kawula urmati, kula badhe ngaturaken maturnuwun
dhumaten Kepala Sekolah  ingkang sampun maringi sarana lan prasarana ingkang
cekap sehingga kita saged belajar kanti lancar. Mboten kesupen kula ngaturaken
matur nuwun kangge bapak,ibu guru lan warga sekolah ingkang tumut
membimbing, mengajar, lan memotivasi sehingga kita saged ngrampungaken
belajar  lan angsal ilmu-ilmu ingkang bermanfaat. Kangge bapak ibu, matur nuwun
kangge pengorbananipun ingkang sampun nyekolahaken kita ngantos lulus teng
SMP niki lan kawula sedaya nyuwun doa restunipun kangge nglanjutaken teng
sekolah  ingkang lewih inggil. Ingkang kaping kalih, kula sedaya ngaturaken
pangapunten kangge bapak,ibu guru ingkang sering dados kecewa, nelangsa lan
nesu amargi kekhilafan kita sedaya. Kangge adik-adik kula kelas 7 lan 8, tetap
semangat kangge belajar lan meraih cita-citanipun.
          Namun cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mbok menawi kathah
atur tetembung ingkang mboten mranani penggalihipun. Kula nyuwun
pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb
Pidato bahasa jawa perpisahan kelas 9 SMP bagian pembuka
Assalamu’alaikum wr. Wb.

Alhamdulillahi robbil’alamin, washho-laatu wassa laamu ‘ala asysyrofil ambiyaa-i wal mursaliina wa’ala aalihi wa askhaabihi
ajma’in. 

Asyhadu anlaa ilaaha ilallohu wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna muhammadan ‘abduhu wa rosuuluhu laa nabiya
ba’dah. Ama ba’du.

Salam kasugengan sarta karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula sedaya aamii.
Panjenenganipun bapak kepala sekolah SMP Negeri 1 Sleman ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati.

Bapak ibu guru sarta karyawan pawiyatan SMP Negeri 1 Sleman ingkang pantes sinuba ing pakurmatan.

Miwah kanca-kanca kelas 9 (songo) lan adhik-adhik kelas 7 uga kelas 8 ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyen sumangga tansah kula sedaya kraos lan rumaos kanthi ngunjukaken puji saha syukur wonten
ngarsanipun Gusi Allah SWT ingkang sampun keparing angrentahaken pinten-pinten kabagyan, kanikmatan mliginipun
iman ingkang jejeg sarta kalodhangan, satemah kula sedaya saget kempal manunggal ing plataran pawiyatan menika
ingkang tansah dados gegatilaning ati.
Selajenganipun kula minangka wod-lumaraping atur para kanca pawiyatan kelas 9 SMP Negeri 1 Sleman riki keparing
matur wonten ngarsanipun Bapak-Ibu guru karyawan saha para adhik kelas 7 lan 8.

Pidato bahasa jawa perpisahan kelas 9 SMP bagian isi


Sepisan ngaturaken sedaya kalepatan salebeting sesrawungan ing pawiyatan SMP Negeri 1 Sleman menika, sae ingkang
kasedya menapa dene ingkang mboten kasedya, ingkang sampun kalaer utawi ingkang tasih kabatos, mugi panjenengan
sedaya keparing anglunturaken sih samodra pangaksami, kosok wangsulipun mbok menawi panjengan ugi kagungan
kalepatan datheng kula sakanca siswa kelas 9, ugi mboten kawratan caos pangapunten.

Wondene atur ingkang nomer kalih, saestu kula dalah sedaya kanca siswa kelas 9 ngaturaken agenging panuwun
dhumateng Bapak/Ibu guru sarta karyawan ingkang sampun kepareng paring pawucal, tuladha-tuladha, ugi bimbingan
kang sedayanipun saged andayani dhateng mekaring kadewasan kula sedaya. Awit saking sedaya kesaenan panjenengan
sedaya, kula namung tansah sumendhe dhumateng ngarsaning Pangeran Ingkah Maha Wikal, mugi sedaya amal kesaenan
panjenengan kewau pikantuk lelintu nugraha ingkang saageng-angengipun. Aamiin, Aamiin, Alloh huma Aamin.

Pidato bahasa jawa perpisahan kelas 9 SMP bagian penutup


Mekaten ingkang saged kula aturaken, wonten lepat saha kasaring atur nyuwun lunturing samodra pangaksami.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Assalamu'alaikum wr. wb.


 
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu
luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.
 
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung
ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi
sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.
 
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak
ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak
konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.
 
Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten
ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang -
rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing
tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo
menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi
Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang.
 
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika
amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo.
Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh
wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget
dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
 
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo
nyuwun agenging pangapunten.
 
Wasslamu'alaikum wr. wb.
 

Anda mungkin juga menyukai