Anda di halaman 1dari 1

Pidato Bahasa Jawa Tentang Lingkungan

Sekolah
Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, dhumateng Bapak lan Ibu guru lan dhumateng
rencang sedaya ingkang kulo tresnani lan hormati.

Monggo kita sesarengan njunjungake puji syukur marang Gusti allah SWT amargi
sampun maringi berkah lan karunia. Sholawat sarta salam kita aturaken marang Nabi
Muhammad SAW. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal
afiat. Kulo wonten ing panggenan niki ajeng nyampekaken pidato kang judule
lingkungan sekolah.

Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita
sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga
lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian
utawi bencana kangge kita.

Salah sawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga
kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi
lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged
terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados
nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.

Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit
ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged
diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, menawi sekolah kita resik tiang sanesipun
mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki
sekolah kita iki.

Mari kita sedaya njaga kebersihan lingkungan amarga saget ndadosaken nyaman
nalika kagiyatan belajar mengajar

Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo
nyuwun pangampunten.

Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh

Anda mungkin juga menyukai