Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum Wr. Wb.

Damai sejahtera damel kita sedaya

Bapak Kepala sekolah ingkang Kinurmatan,


Bapak / Ibu ingkang satuhu luhuring budi,
Para karyawan ingkang kinurmatan,
Lan rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha
Agung ingkang sampun maringi rahmat, taufik serta hidayah saengga kita saged makempal ing acara
punika kanthi mboten wonten alangan satunggal punapa.

Para sederek ingkang kula hormati, sak menika sekolah kita badhe minuju sekolah Adiwiyata.
Kita kedah nderek ndukung program menika. Sedanten punika saged kita lampahi saking hal ingkang
alit, inggih punika dipunwiwiti sampah ingkang wonten sakcelakipun kita. saking milah sampah
punika, kita saged nyegah wontenipun sampah ingkang kekathahan. Saklintunipun kalihan milahi
sampah, cara ingkang lintu inggih punika pengolahan sampah ingkang nerapaken 3R (Reduce, Reuse,
Recycle). Reduce ingkang artosipun ngirangi jumlahipun sampah sakkedik-kedik. Reuse ingkang
artosipun ndamel malih supados saged ngirangi jumlahipun sampah. Recycle ingkang artosipun
barang-barang ingkang sampun mboten saged didamel dipun olah malih dados barang-barang ingkang
saged dipun sade. Kita saged angsal bathi saking barang-barang ingkang ulang menika. Tamtu
kemawon salah setunggalipun ingkang dados tujuanipun inggih punika ngirangi sampah ingkang
kathah banget, sakmanten ugi kita inggih saged pikanthuk penghasilan ingkang kathah saking sadean
barang-barang daur ulang punika.

Mugi-mugi kita kagungan kesadaran kangge utamanipun mbucal sampah dhateng


panggenanipun, ugi milahi malih supados nggadhati regi sade ingkang cekap inggil saking sampah-
sampah punika, supados wonten kesadaran enggal inggih punika sampah mboten malih dados
masalah nanging dados peluang.

Cekap semanten atur kula. Menawi wonten pitutur kula ingkang kirang subasita, kula nuwun
pangapunten, matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai