Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum Wr. Wb.

Damai sejahtera damel kita sedaya

Ingkang kinurmatan Bu Riska selaku guru basa jawi


Lan rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Mangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun
maringi rahmat, taufik serta hidayah saengga kita saged makempal ing acara punika kanthi mboten
wonten alangan satunggal punapa.

Para hadirin ingkang kula hormati, sak menika sekolah kita badhe minuju sekolah Adiwiyata.
Kita kedah nderek ndukung program menika, saged kita lampahi saking hal ingkang alit, inggih
punika dipunwiwiti sampah ingkang wonten sakcelakipun kita. Saking milah sampah punika, kita
saged nyegah wontenipun sampah ingkang kekathahan. Saklintunipun kalihan milahi sampah, inggih
punika pengolahan sampah ingkang nerapaken 3R (Reduce, Reuse, Recycle). Reduce ingkang
artosipun ngirangi jumlahipun sampah sakkedik-kedik. Reuse ingkang artosipun ndamel malih
supados saged ngirangi jumlahipun sampah. Recycle ingkang artosipun barang-barang ingkang
sampun mboten saged didamel dipun olah malih dados barang-barang ingkang saged dipun sade.
Tujuanipun inggih punika ngirangi sampah ingkang kathah banget, kita saged pikanthuk penghasilan
ingkang kathah saking sadean barang-barang daur ulang punika. Mugi-mugi kita kagungan kesadaran
utamanipun mbucal sampah dhateng panggenanipun

Cekap semanten atur kula. Menawi wonten pitutur kula ingkang kirang subasita, kula nuwun
pangapunten, matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai