Anda di halaman 1dari 1

ATUR PURWAKA PAHARGYAN PENGETAN ISRA LAN MIRAJ Assalamualaikum wr.

Wb Para rawuh kakung putri, mannga kula dhereaken sami ngaturaken puji syukur ing ngarsanipun Alloh SWT. Kathah peparingipun Alloh dhateng kita, bebasan tanpa wicalan. Yektos dhawuh pangandikanipun Rosulloh SAW. Bilih paringipun nikmat Alloh dhateng kita, manawi kaserat ngangge gagangipun ron ing sajaga, minangka pen, toya seganten minangka mansinipun, gagang toya sampun asat lan telas, nikmatipun Alloh dereng paja-paja kalong. Mila mangga paring nimat punika kita syukuri, kita ginakaken kangge ngluhuraken asmaning Alloh. Kula atas namaning Panitiya Pengetan Isra lan Miraj ngaturaken agunging panuwun dhateng panjenengan sadaya dende sampun kepareng rawuh mirengaken andharan Isra Miraj mangke, ingkang badhe keparingaken dening Bapak Raharjo. Ugi kula matur nuwun awit saking kepareng panjenengan paring sodakoh arupi bandha, bau, penggalihan, satemah Pengetan lumampah kanthi wilujeng, rancag. Dhateng Pamarentah ingkang sampun maringi palilah ijin dhateng Panitiya ngawontenaken Pengetan puniko, kula ngaturaken gunging panuwun. Mugi-mugi pengtan lan andharan mangke saged ndayani saening rancaging pembangunan dhusun. Akhiripun kula ugi matur nuwun dhateng Bapak Mubalegh, dene sampun keraya-raya rawuh mriki, perlu jihad ing agamaning Alloh, dados jariyah celengan panjenengan. Para rawuh, Kedadosan Isra Miraj punika kedadosan ingakang sakelangkung ngedap-edapi. Mila saged dados pendadaran (ujianipun) iman kita. Mila mangga andharan lan wucalan mangke kita pirengaken kanthi saestu, kita raosaken, kita pitados, lan wusananipun kita amalaken kanthi manteb lan setiti. Samanten atur pambuka kula, wonten kalepatan kula mugi keparenga sami paring pangapunten. Mangga pengetan punika sami kita kawiti sesarengan kanti maos basmallah : Bismillahirrohmanirrohim Waalaikumsalam Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai