Anda di halaman 1dari 2

NASKAH PIDATO BAHASA JAWA DENGAN TEMA

PENTINGIPUN PENDIDIKAN KARAKTER KAGEM GENERASI AGAMI LAN


NEGORO
(Pimpinan Ranting IPPNU Kedungleper, Bangsri, Jepara)


.


.

Dumateng sedoyo dewan juri engkang tansah kawulo mulyoaken........


Dumateng pemudo-pemudi pengurus Ancab IPNU IPPNU Kec. Bangsri lan sedoyo
rencang-rencang engkang tansah kawulo tresnani.....
Minangkani awalipun atur kulo ing mriki kulo muji syukur Alhamdulillah dateng
Alloh SWT ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat, Nimat, lan Hidayah
dumateng kito sedoyo sahinggo saged makempal wonten majlis ingkang insyaAllah
lumeber kaberkahan sangkeng Allah.......
Kanti ngendikan Allohummasholli ala sayyidina Muhammad.... monggo kito
sareng-sareng ngaturaken sholawat lan salam dumateng bendoro kito Nabi Muhammad
SAW seroyo ajeng-ajeng rohmatipun Gusti Allah lan mugi Kanjeng Nabi kerso pareng
syafaatul udzmahipun dumateng kito sedoyo benjang dinten akhir...Amin!
Kawulo ngaturaken matursembahnuwun sanget kalian wekdal engkang sampun
diparengaken dumateng kawulo saperlu ngaturaken pinten-pinten pesen dumateng
panjenengan sami engkang judulipun Pentingipun pendidikan karakter kagem generasi
agami lan negoro....
Poro rawuh ingkang kawulo hormati !
Negoro engkang mayoritas warganipun meniko tiang Islam, khususipun warga
NU, Negoro Indonesia meniko terkenal kalian kesantunanipun lan kesopananipun.
Penyebabipun enjih meniko warga Indonesia takseh ngugemi nilai-nilai agami, lan
Indonesia takseh dereng terserang arus globalisasi.
Kelawan nilai-nilai agami engkang luhur, Indonesia nunjuaken bileh warganipun
sakestu saget ngelampahaken nopo engkang dados tujuan diutusipun Gusti Kanjeng
Nabi Muhammad SAW enjeh meniko nyampurnaaken akhlak kados hadits nabi innama
dst............... engkang artosipun.....
Namun, wonten zaman akhir niki keadaan kados niku sampun angil olehe
nemuaaken... Zaman sampun berubah eng pundi Indonesia sakmeniko sampun
diserang kalian krisis moral generasipun. Pengaruh awon sangkeng arus globalisasi lan
majunipun teknologi andadosaken pemuda pemudi kito rusak lan nemen olehe awone.
Nopotoh kito mboten ajreh lan kawatir kalian perkawes ngoteniku? Awone akhlak
generasi meniko saget dadosaken rusakipun negoro lan peradaban. Amargi generasi
meniko benjang dados tiang sepuh lan dados tiang engkang bakalipun ngasto ilmu lan
kekuasaan. Lajeng, nopo engkang saget kito lampahi supados moral generasi
Indonesia saget tambah sae? pendidikan karakter atawi pendidikan moral meniko saget
dados solusi....
Poro rawuh ingkang kawulo hormati !
Pendidikan karakter saget diartosaken usaha kito kanti sengojo engndalem
sedoyo dimensi kauripan wonten sekolah atawi madrasah saperlu bantu pembentukan
karakter kanti optimal. Pendidikan karakter niki kedah dilaksanaaken miwit alit, remaja,
ngantos dewoso sahinggo saget bentuk karakter langkung sae lan mugio mboten enten
maleh murid engkang tawuran, nyontek, males-malesan lan liyan-liyane.
Konsep pendidikan karakter meniko dimasukaken eng selo-selone kurikulum,
dados mboten kedah enten tambahan mata pelajaran khusus tapi kalian metode
engkang beragam. Contonipun metode pembiasaan, keteladanan, pujian lan sanksi.
Kinten-kinten enten 18 nilai-nilai karakter salah sawijine enggeh meniko kadisiplinan lan
kajujuran. Disiplin lan jujur meniko kunci kasuksesan.
Poro rawuh ingkang kawulo hormati !
Wonten 3 komponen penting supados pendidikan karakter meniko terwujud sae,
injeh meniko tiang sepah, guru lan, masyarakat. Tiang sepah supados perduli lan
merhatosaken pendidikan karakter putra lan putrinipun. Ampun malah dados
penghambat perkembangan karakter putro. Bapak lan Ibu guru ugi kedah pareng
tauladan lan pembinaan engkang sae, terutami kepala madrosah engkang dados kunci
utama kasuksesanipun pendidikan karakter wonten sekolah. Anapun pendidikan
karakter wonten lingkungan perlu dipun perhatosaken ugi kalian masyarakat. Sahingga
lare-lare meniko saget mujudaken pendidikan karakter ten keluargo, sekolah lan
lingkungan masyarakatipun.
Poro rawuh ingkang kawulo hormati !
Monggo kito sareng-sareng gegayutan mujudaken pendidikan karakter milai
sakniki, milai sangking pribadi piyambak, milai sangking perkawis alit. Mugi-mugi
pendidikan wonten negoro kito langkung sae lan maju.
Cekap semanten atur kuwulo, kirang langkungipun, kulo nyuwun pangapunten.

Diposkan oleh Kholishotul Fauziyah di 19.31

Anda mungkin juga menyukai