Anda di halaman 1dari 5

Contoh Geguritan Lawas

Ibu

(Intan Nukhi Adhiya)

Anakmu kang dak wanti wanti

Kang dak kawatirak

Kak kok titipake ana pawiyatan luhur iki

Iki anakmu

Kang durung isa nyenengke ibu

Kang durung bisa nyenengke keluarga

Kang isih dadi tanggunganmu ibu

Nanging ibu

Anakmu iki bakal banggakke ibu

Banggakke keluarga kabeh

Anakmu ora bakal nyerah bu

Kanggo nyekel lintang ana langit

Kang kadhang ditutup mendhung

Kang kadhang mripat wae wes ora bisa weruh

Ananging anakmu iji janji ibu

ANGGERKU

(Yanik Agus Setyaningsih)

Ngger

Biyung nyuwun ngapura

Ora bisa dadi biyung kang sampurna

Ora bisa nglegakne atimu

Ngger,

Uripku kebak kaluputan

Ngiwa luput, nengen nggih luput

Rumangsaku aku wes manut

Bangun turut karo sing jarene winasis


Nanging nyatane isih tetep luput lan diluputi

Lara atine biyung, nggih

Kepengin cerita wae,

Ora enak sing gelem krungu

Apa male sambat, mung arep di geguyu

Kabeh wes ora percaya karo Biyung

Kabeh iki nyatane ngapusi

Ananging biyung isih tetep percaya, ngger

Mung siji sing ora bakal ngapusi

Gusti Kang Maha Agung

KITIR

Kitir iki

Isi panantangku marang wengi

Kang kebacut anggone nguja sepi

Dolanan swarane asu baung nggeririsi

Kitir iki

Wujde pangundamanaku marang awang-awang

Kang kebacut brangasan

Ngrentengi lintang, nguntal rembulan

Kitir iki

Srana gugatmu marang isen isening jagad

Sing pijer royokan berkat

Tan keguh njaluk ruwat

LINTANG PANJER RAHINA

Nalika bumi isih sepi

Lintang panjer rahina wes tangi

Menehi pepadhang sagung dumadi

Kang wiwit gumregah ngupaya rezeki


Para among tani wes ndalidir mecaki galengan

Mbok bakul sinambiwara wus sengkut makaryo

Para ngulama tumungkul pangestu puja

Para santri wiridan ngaji

Jago kluruk sesautan

Melu tasbih marang pangeran

Ndonya sampun gagat rahina

Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa

PAMULANGAN

(Budhi Setyawan)

Jarene simbah aku kudu sekolah

Kareben dadi bocah genah mrenah orah nggladrah

Jarene ram ibu aku kudu sregep mangkat

Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat

Jarene bapak ibu guru aku kudu sregep sinau

Tambah ilmu

Kareben kelakon kabeh kang tinuju

Nanging

Prakanca….

Coba delengen kahanan nyata

Apa sih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata

Pamulangan kang tanpa tuladho

Pamulangan kang kasatan piwulang

Pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta

Siji lan siji ana piro ?

Jare anut kang nduwe kersa

Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maleh tata krama

Lali duso…
Kabeh lurung binarung kumalungkung

Pamrih pamuji siji

Pamulangan ora aweh pepadang

Simbah…

Nyuwun pangapunten

Kulo mboten kepingin dados dokter

Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper

Rama…

Nyadong duka

Kulo mboten kapilut drajat pangkat

Jalaran ajrih sumpahing rakyat

Kang panggah mlarat sekarat

Bapak ibu guru.....

Nyuwun dungo pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu saget dados sangu

Sendhang Tirta Panggesangan

(S.Wignya Raharja)

Kinclong, klimpah-klimpah, kumricik ilining toya

Pating sliri tawes, wader pari dalasan anggang-anggang

Sedaya memuji mring Hyang Widhi

Tanpa sih Paduka Gusti

Dados punapa awak mami?

Widodari kayangan sami lelumban

Tumurun madyaning sendhang

Jamas, reresik tan emut ing wanci

Kamanungsan si Tarub

Segering tirta sendhang dadya panjanging yuswa

Saiba bombong kula nyumurupi

Sesami titahing Gusti anjagi lestari


Punapa boten rumaos

Punapa sampun wuta tyasira

Kutu-kutu walang ataga sami sun cawisi

Kantho lelahanan tanpa nyulihi

Ngantos telas tan nyisa kula legawa

Nanging geneya?

Kori kula kasumpet aspal

Beton, ngantos nduwa margi kula

Kados pundi punika Gusti?

Nyingkur kawula, Gusti …

Sok sintena ingkang mireng pisambat kawula

Keparenga paring marga

Satemah boten namung kabuncang muspra

Kepara damel kasangsaran dhumateng manungsa

Kula kapang dados sendhang tirta panggesangan

Anda mungkin juga menyukai