Anda di halaman 1dari 11

UNGGAH-

UNGGUH
BASA
Kasusun dening :

1. Aziana Silvia .N.P. (1401417397)

2. Azalea Dewi .L. (1401417427)

3. Naily Fauzia .R. (1401417431)


TATARAN UNGGAH-UNGGUH
BASA
BASA NGOKO LUGU

Basa ngoko lugu kuwi lumrahe mahyakake (medharake) pasrawungan


kang kahanane raket banget, kayata:
a) Pacelathon ing antarane sapepadhane kang wis kulina banget.
b) Pacelathon karo wong sing drajate luwih endhek/asor.
c) Pacelathon wong tuwa marang bocah utawa wong kang luwih enom.
d) Digunakake nalika ngunandika utawa omong dhewe.
e) Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.
TULADHA BASA NGOKO
LUGU
“ Aku mung bisa nginep sawengi lho” ujare Triana. “Iya, aku mengko bengi ya turu
kene. Ndeleng mengko piye,”aloke Heni.
BASA NGOKO ALUS
Basa ngoko alus nduweni titikan kaya ing ngisor iki :
(1) Tetembungane ngoko kacampuran krama inggil tumrape wong kang diajak
guneman (orang kedua) lan wong kang digunem (orang ketiga) saperlu kanggo
ngajeni/ngurmati.
(2) Tembung sesulih purusa (kata ganti orang) panjenengan (tumrap wong kang
luwih tuwa), sliramu (tumrap wong kang luwih enom), panjenengane utawa
slirane.
(3) Tembung kriya (kata kerja)
Tembung kriya kang digawe krama inggil iku tembung kriya tumrap wong kang
diajak guneman (orang kedua) lan wong kang digunem (orang ketiga).
.(4) Ater-ater lan panambang tumrap tembung krama inggil utawa krama andhap
tetep ngoko.
TULADHA BASA NGOKO
ALUS
Bapak wis kondur saka kantor, dene Ibu malah tindak arisan.
BASA KRAMA LUGU

Gunane basa krama lugu kasebut dienggo guneman dening:


a. Wong tuwa marang wong enom utawa kalah pangkat.
b. Wong sing lagi pitepungan anyar.
c. Para murid marang gurune.
d. Abdi marang bendarane.
e. Andhahan marang pimpinane.
TULADHA BASA KRAMA
LUGU
Mbah Warno mirengaken giyaran ringgit purwa kanthi lampahan ‘Karna Tandhing’.
Anggenipun mirengaken kaliyan nedha kacang goreng.
BASA KRAMA ALUS

Basa krama alus bisa digunakake kanggo guneman marang sapa wae sing
pancen kudu dikurmati. Panganggone kayata:
(1) Wong enom marang wong tuwa.
(2) Batur marang bendarane.
(3) Murid marang gurune.
(4) Andhahan marang pimpinane.
(5) Kanca karo kanca sing durung kulina.
TULADHA BASA KRAMA
ALUS
Manawi Ibu badhe dhahar, ngersakaken dhaharan punapa, mangga kula ladosi
MATUR NUWUN

Anda mungkin juga menyukai