Anda di halaman 1dari 13

Kalokaning Tembang Macapat

1. Identitas
a. Nama Mata Pelajaran : Basa Jawa
b. Semester : 4 (Empat)
c. Kompetensi Dasar : 3.5 – 4.5

3.5 Mengidentifikasi, memahami, menganalisis nilai-nilai moral yang terkandung


dalam tembang macapat
4.5 Menginterpretasi nilai-nilai moral yang terkandung dalam tembang macapat.

d. Materi Pokok : Tembang Macapat


e. Alokasi Waktu : 2 JP x 4 Pertemuan
f. Tujuwan Pasinaon :

Melalui kegiatan pembelajaran dengan menggunakan model Discovery Learning


dengan pendekatan berbasis genre/teks (Genre Based Approach), peserta didik dapat
Mengidentifikasi, memahami, menganalisis nilai-nilai moral yang terkandung dalam
tembang macapat serta dalam Menginterpretasi nilai-nilai moral yang terkandung
dalam tembang macapat dengan perilaku jujur, peduli, santun, dan tanggung jawab
dalam penggunaan bahasa daerah serta sikap responsif (berpikir kritis) dan proaktif
(kreatif), dan mampu berkomukasi dengan baik.

g. Materi Pasinaon :
Supaya konsep lan teori kang bakal disinaoni ing UKBM iki bisa mangerteni kanthi apik,
mula luwih dhisik semaken lan gatekna Buku Teks Pelajaran (BTP) ksebut: Purnomo,
Bambang. Dkk. 2015. Sastri Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK Kelas XI. Surabaya: Dinas
Pendidikan Provinsi Jawa Timur. Referensi buku liyane saka materi tembang macapat
uga ana ing buku: 1) Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W. 2014.Wiyata Basa Kanggo SMA/
SMK/ MA Kelas XI. Surabaya: Penerbit Duta; 2) Hidayah, Nurul dan Umi Nayirotin. 2015.
Sayaga Basa Jawa kanggo SMA/MA Kelas XI. Jakarta: Penerbit Erlangga; lan sumber
liyane sing kira-kira bisa ditemokake sesambungan karo materi tembang macapat,
kanggo iki bisa maos wacan sing ana ing internet

BJW-3.5/4.5/4/5-5
2. Peta Konsep
Guru gatra

Paugeran
Guru lagu
Tembang

rasaning Unsur basa Guru


basa tembang wilangan

Pitutur luhur
tembang
Tembang
Macapat Laras

Pathet
Rasaning
swara
Cakepan

Titilaras

3. Proses Pasinaon
a. Pambuka

Kabudayan Jawa umure wis ewon taun. Salah sijine yaiku kesenian sing awujud
tembang. Seni tembang ing kabudayan Jawa kasebut ngandhut unsur estetis, etis, lan
historis. Unsur estetis utawa kaendahane seni tembang yaiku dulce et utile sing
tegese nyenengake utawa migunani. Nilai rekreatif tembang bisa nyenengake pikiran
sing lagi bingung dadi ayem tentrem. Nilai utilitaris tembang sing gandheng karo
gunane tembang ana praktik ritual masyarakat Jawa. Umpamane, ajegan macapatan,
panembrama, ura-ura, lan gegendhingan, nuduhake menawa seni tembang tansah
BJW-3.5/4.5/4/5-5
diuri-uri murih lestari. Nilai etis utawa kasusilan awujud tata krama, unggah-ungguh,
budi pakerti, wejangan, wedharan, sopan-santun, pranatan, lan duga prayoga. Mula akeh
banget kitab-kitab Jawa kang ngonceki babagan unsur etis mau. Umpamane Serat
Wulangreh, Serat Wedhatama, Serat Tripama, lan liya-liyane.
Tembang macapat mono mujudake karya sastra Jawa kang adiluhung. Lumantar
piwulangan iki ing pangajab bisa nggugah para siswa supaya gelem melu nguri-uri,
cancut taliwanda gumregah cawe-cawe nglestarekake, nyinau, lan nemokake pitutur
luhur kang kinandhut sajroning tembang macapat. Sadurunge dibacutake, wangsulana
pitakon ing ngisor iki!
1. Apa sing diarani tembang?
2. Apa wae jinise tembang?
3. Kabudayan Jawa iku maneka warna. Apa kang bisa kotindakake kanggo ngleluri
sawernane kabudayan Jawa? Wenehana tuladhane!
4. Pitutur luhur apa sing kongerteni, lan apa maknane?
5. Aranana siji wae tembang macapat sing wis kongerteni, banjur terangna apa
pitutur luhur kang ana tembang mau!
Sawise ngrampungake soal- soal kasebut, para siswa kudu nglanjutake
piwulangan sabanjure adhedhasar pituduh sajrone UKBM iki

Nah, kepriye? Wis siap nyinaoni materi sabanjure? Ayo, terusake


maneh sinaune !

b. Kegiyatan Inti
1) Pituduh UKBM
a) Ing UKBM iki siswa bakal ngembangake kawasisan pikiran kang luwih gamblang
ngenani tembang macapat mligine ing babagan paugeran lan nembangake
tembang macapat. Senajan ing piwulangan kelas X wis disinaoni babagan
tembang macapat nanging ing UKBM iki siswa kawasisan bakal nambah.
Kegiyatan kawasisan pikiran kang bakal ditindakake dening siswa sajrone UKBM
iki yaiku ngerteni paugerane tembang macapat, nerangake kawruh basa kang
ana ing tembang macapat, negesi tembung ing tembang macapat, lan wataking
tembang macapat. Sabanjure diajab para siswa uga nemokake pitutur luhur,
ngripta, mbiwarakake, lan nembangake tembang macapat. Mula saka iku, siswa
kudu nyinaoni kanthi sabar lan tekun saengga siswa bisa mangerteni, gelem lan
mampu nindakake kegiyatan kawasisan pikiran kasebut liwat kegiyatan
pasinaon iki
b) Waca lan mangerteni materi ing buku:
 Purnomo, Bambang. Dkk. 2015. Sastri Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK
Kelas XI. Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.
 Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W. 2014.Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA
Kelas XI. Surabaya: Penerbit Duta;
 Hidayah, Nurul dan Umi Nayirotin. 2015. Sayaga Basa Jawa kanggo
SMA/MA Kelas XI. Jakarta: Penerbit Erlangga;
c) Garapen UKBM iki ing buku tulis utawa langsung ana ing papan wangsulan.
Siswa bisa nggarap dhewe-dhewe, nanging amrih apike yen digarap kanthi cara
kelompok utawa diskusi supaya bisa trampil anggone komunikasi marang
kancane
d) Siswa bisa sinau kanthi cara mangsuli saben gladhen, saumpama siswa wis
yakin lan mangerteni sarta bisa nggarap gladhen 1, 2, 3, 4 siswa bisa langsung

BJW-3.5/4.5/4/5-5
melu lan nggarap tes formatif UKBM supaya bisa sinau maneh ing UKBM
sabanjure.
2) Kegiayatan Pasinaon
Ayo…… Sinau tembang macapat kanthi sabar lan patitis!!!

Kegiyatan Sinau 1

Sajrone pasinaon iki para siswa diajak ngidhentifikasi tembang macapat kang kaserat
ing serat wedhatama, serat wulang reh lan liyane. Kanthi nyemak tembang macapat mau para
siswa diajab bakal mangerteni paugeran lan jinise tembang macapat.

Tembang Macapat
Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu kang pangucape
kudu nggunakake kagunan swara. Mulane ing tembang macapat ana perangan rasaning
swara (titilaras) lan rasaning basa (sastra). Ing tembang iku rasaning swara winengku ing
rasaning basa, tegese nalika nembang kudu ngutamakake basa utawa sastrane.
Rasaning basa tuwuh saka pilihan tembung kang digunakake kanggo ngrakit utawa
nulis rumpakan sing mangun tembang macapat. Pilihan tembung – tembung ing rumpakan
sing mangun tembang mau saben jinis tembang macapat mawa paugeran mligi. Paugeran
mligi iku sing diarani struktur teks tembang macapat
Struktur teks tembang macapat yen mung sapada mau wujude guru gatra, guru
wilangan lan guru lagu. Manawa karakit dadi serat tembang macapat mau bisa kapilah –
pilah rupa pupuh. Saben saserat lumrahe dumadi saka pirang-pirang pupuh. Saben pupuh
mau dumadi saka pirang-pirang pada. Ing saben pada bisa ditemokake guru gatra, guru
wilangan, lan guru lagu/swara. Arane saben pupuh mau bisa dideleng saka sasmitaning
tembang lan struktur tembang macapat. Jinise tembang macapat ana sewelas. Saben jinis
tembang macapat saliyane nduweni struktur teks mligi uga ngandhut filsafat.

Nah, kanggo luwih gamblangake pamawasmu sajrone


paugeran lan filsafat kang kinandhut ing tembang macapat,
wacanen maneh tuladha tembang macapat kang ana ing BTP Bahasa
Jawa Kelas XI kaca 102—107!

Semaken tuladha tembang macapat kang kapethik saka serat wulang reh lan serat
wedhatama
a. Tembang mijil
Poma kaki padha dipuneling,
ing pitutur ingong,
sira uga satriya arane,
kudu anteng jatmika ing budi
ruruh sarta wasis,
samubarangipun
(Serat Wulangreh, Kanjeng Sri Susuhunan Pakubuwana IV)
b. Tembang pucung
BJW-3.5/4.5/4/5-5
Basa ngelmu mupangate lan panemu
Pasahe lan tapa
Yen satriya tanah jawi
Kuna-kuna kang ginelut triprakara
(Serat Wedhatama, Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo Mangkunegoro IV)

Mbabar wawasan:
Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan saka Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Sri
Mangkunegara IV, kang ngamot filsafat jawa mligine bab kawruh manunggaling kawula Gusti.
Tetembungan Serat Wedhatama asale saka telung tembung yaiku “Serat”, “Wedha”, lan “Tama”.
Serat tegese tulisan utawa kasusastran, Wedha tegese kawruh utawa ajaran, lan Tama dumadi saka
tembung “utama” kang tegese apik, dhuwur utawa luhur. Dadi serat wedhatama duweni teges yaiku
sawijining susastra kang ngemot kawruh ajaran kautaman uga kaluhuran uripe manungsa.
Serat wulang reh yaiku seratan tembang macapat saka Raja Surakarta yaiku Sri Susuhunan
Pakubuwana IV. Tembung “wulang reh” asale saka tembung “wulang” lan “reh”. Tembung
“wulang” tegese pitutur utawa ajaran, lan tembung “reh” asale saka basa jawa kuna kang tegese
dalan, aturan lan tuntunan. Dadi serat wulang reh bisa ditegesi minangka serat kang ngemot ajaran
kanggo nuntuni sawijining babagan mligine babagan marang panguripan kang luwih apik

Gladhen

Sawise siswa mangerteni andharan singkat materi lan tuladhane, coba diskusikake karo
kancamu soal ing ngisor iki!

Wacanen maneh tuladha tembang macapat (BTP Bahasa Jawa Kelas XI kaca 102—107).
Adhedhasar tuladha kasebut, coba golekana tuladha tembang macapat kang kaserat ing serat
wedhatama lan serat wulang reh kanthi cara njangkepna tabel ing ngisor iki!

No Serat wedhatama Serat wulang reh

1
........................................................................... ...........................................................................

.......................................................................... ..........................................................................

........................................................................... ...........................................................................

........................................................................... ...........................................................................

BJW-3.5/4.5/4/5-5
2
........................................................................... ...........................................................................

.......................................................................... ..........................................................................

........................................................................... ...........................................................................

........................................................................... ...........................................................................
3
........................................................................... ...........................................................................

.......................................................................... ..........................................................................

........................................................................... ...........................................................................

........................................................................... ...........................................................................

Sawise milah tuladha tembang macapat kang kapacak ing BTP Bahasa Jawa Kelas XI kaca
102—107, Ing gladhen sabanjure siswa coba nganalisis paugeran lan jinise tembang macapat
bebarengan karo kancamu. Njangkepana tabel paugeran lan jinise tembang macapat kang ing
BTP Bahasa Jawa Kelas XI kaca 112—113!

Yen siswa wis rampung nggarap paugeran lan jinise tembang macapat ing
ndhuwur, banjur siswa bisa nerusake ing kegiyatan sinau 2

Kegiyatan Sinau 2

Tembang minangka asil susastra kawangun mawa tembung-tembung endah utawa basa
rinengga. Mula ing bab iki para siswa mung kari nggoleki lan nemokake basa rinengga
sajroning tembang macapat

Tembung
kawi
Tembung
Sengkalan saroja

Unsur
Sandhi basa Tembung
BJW-3.5/4.5/4/5-5 asma garba
tembang
Tembung
Baliswara dasanama
Purwakan-
thi

Tetembungan kang wigati


 Tembung kawi, yaiku tetembungan kang cak-cakane winates ana ing basa endah
saka basa Jawa kuna.
 Tembung garba yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi nyuda
cacahing wandane, lumrahe tinemu ing tembang, minangka kanggo njumbuhake
guru wilangan.
 Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese banjur
digawe bebarengan
 Tembung dasanama yaiku tembung kang nduweni teges luwih saka siji kang padha
utawa meh padha
 Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan
nggandheng wanda utawa tembung ing saburine
 Bali swara, yaiku ukara kang diwalik papan panggonane kanggo nuhoni guru lagu.
 Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara
 Sandi asma ya iku tetenger kang ora ngegla kang pancen disingidake, digawé wadi,
disandi

Semakaen unsur basa tembang macapat ing ngisor iki!

Tembang Kinanthi
(Serat Rama, gubahan Yasadipura I)

Anoman malumpat sampun

Prapteng witing nagasari Kalebu baliswara saengga tembung anoman malumpat


dadi malumpat anoman
Mulat mangandhap katingal
Kalebu tembung garba saengga tembung prapteng
Wanodya yu kuru aking
asale saka tembung prapta  ing
Gelung rusak wor lan kisma

Kang iga-iga kaeksi


Kelebu tembung saroja saengga tembung kuru aking
nduweni tegese kuru banget

BJW-3.5/4.5/4/5-5
Gladhen

Sawise siswa mangerteni andharan singkat materi lan tuladhane, coba diskusikake karo
kancamu soal ing ngisor iki!

Wacanen maneh tuladha tembang macapat (BTP Bahasa Jawa Kelas XI kaca 102—107).
Adhedhasar tuladha tembang macapat kasebut, analisisen unsur basa sajrone tembang
macapat kanthi cara njangkepna tabel ing ngisor iki!

a. Arane tembang
b. Guru gatrane
c. Guru wilangan lan guru
d. Kaendahan-Kawruh
lagune Basa
1. Tembung Kawi
2. Tembung Saroja
3. Tembung Garba
4. Tembung dasanama
5. Bali swara
6. Purwakanthi swara
7. Purwakanthi sastra
8. Purwakanthi basa
9. Sandhiasma
10. Sengkalan

Yen siswa wis rampung nggarap struktur teks pidhato ing ndhuwur, banjur
siswa bisa nerusake ing kegiyatan sinau 3

Kegiyatan Sinau 3

Tembang-tembang kang dirembug ing pasinaon iki kapilih kang ngemu pitutur luhur.
Serat yasane para pujangga mau ngandhut mutyara pitutur luhur kang gedhe banget guna
paedahe tumrap tata panguripan saben dinane.

Kepriye carane supaya bisa nemokake


pitutur luhur ing tembang macapat?

BJW-3.5/4.5/4/5-5
Salah siji cara kanggo nemokake pitutur luhur ing tembang macapat yaiku
kanthi mangsuli ukara pitakon kang nggunakake tembung pitakon ”apa”,
”sapa”,”geneya/ya ’apa”, lan ”kepriye/ya’apa”:
Tembang-tembang ing ngisor iki gatekna! Bebarengan karo kancamu sabangku gawea
ukara pitakon kanthi tembung
1) ”apa”, ”sapa”, “geneya/ya’apa”, lan ”kepriye/ya’apa”, paling sethithik 3 pitakon.
2) Sabanjure pitakon mau ijolna karo bangku/kelompok sandhingmu.
3) Wangsulana pitakon-pitakon ijolan sing kotampa mau!
4) Tulisen maneh wangsulanmu, dadi dudutan pitutur luhur kang ana ing
tembang!

Tembang Pitakon lan Wangsulan

1. Asmarandana sapa sing ora oleh turu sore?


Aja turu sore kaki + kula
Ana Dewa nganglang jagad sapa sing nglanglang jagad?
Nyangking bokor kencanane + dewa
Isine donga tetulak Sandhang apa sing digawa para dewa?
kelawan pangan Yaiku + bokor kencana
bageyanipun apa isine bokor
Wong melek sabar narima mau?
+ donga tetulak,
sandhang lan pangan kabeh mau
bageyane sapa?
+ wong sing melek lan sabar narima
*Pitutur luhure :
Wong mono kudu akeh prihatine. Ora
kakehan turu, sabar lan narima. Ya
wong ngono kuwi sing bakal oleh
kanugrahaning Hyang Maha Kuwasa.

Gladhen

Kanggo gladhenmu babagan pitutur luhur, wacanen maneh BTP Bahasa Jawa Kelas XI
kaca —, banjur jangkepana tabel ing ngisor iki!

Tembang Pitakon lan Wangsulan

BJW-3.5/4.5/4/5-5
1. Sinom ……..……………………………………?
Nulada laku utama, …………………………………………..
Tumrape wong Tanah Jawi, ……………………………………………..?
Wong agung ing Ngeksiganda, + …………………………………………..
Panembahan Senopati, ……………………………………………..?
+ …………………………………………..
Kepati amarsudi,
*pitutur luhure:
Sudane hawa lan nepsu,
……………………………………………………
Pinepsu tapa brata,
……………………………………………………
Tanapi ing siyang ratri,
……………………………………………………
Amamangun karyenak tyasing sesama. ……………………………………………………

2. Pucung ……..……………………………………?
Ngelmu iku kalakone kanthi laku …………………………………………..
Lekase lawan kas ……………………………………………..?
+ …………………………………………..
Tegese kas nyantosani
……………………………………………..?
Setya budaya pangekese dur angkara
+ …………………………………………..
*pitutur luhure:
……………………………………………………
……………………………………………………
……………………………………………………
……………………………………………………
……………………………………………………

Yen siswa wis rampung nggarap babagan pitutur luhur saka tembang
macapat ing ndhuwur, banjur siswa bisa nerusake ing kegiyatan sinau 4

Kegiyatan Sinau 4

Ing pasinaon iki siswa bakal nembangake salah siji tembang macapat. Sadurunge siswa
nembangake tembang macapat siswa kudu mangerteni babagan rasaning swara sajrone
tembang macapat.

Tembang Macapat
Ing perangan rasaning swara tembang macapat ana sing diarani laras, titilaras, cakepan,
pathet, pedhotan. laras yaiku swara iramaning gamelan, swara thinthingane gamelan, utawa
runtute swara gamelan. Laras tembang macapat ana laras slendro lan laras pelog. Laras
slendro iku nduweni titilaras (notasi angka) kang cacahe lima, yaiku 1,2,3,5,6
(ji,ro,lu,ma,nem). Laras pelog iku nduweni titilaras (notasi angka) kang cacahe lima, yaiku
1,2,3,4,5,6,7 (ji,ro,lu,pat,ma,nem,pi). Titi laras yaiku tulisan utawa tandha sing bisa
nggambarake endhek dhuwuring swara. Titilaras uga ana anane titilaras slendro lan titilaras
pelog. Titilaras slendro iku ana telung pathet, yaiku slendro pathet nem, slendro pathet
sanga, lan slendro pathet manyura. Titilaras pelog uga ana telung pathet, yaiku pelog pathet
nem, pelog pathet lima, lan pelog pathet barang

BJW-3.5/4.5/4/5-5
Cakepan yaiku unen-unen utawa rerangkening tetembunge kang ana sajroning tembang.
Pathet yaiku dhasar endhek dhuwuring larase swara gamelan. Pedhotan yaiku tata carane
medhot tetembungan supaya kepenak diwaca ing sajroning gatrane tembang. Mula banjur
ana pedhotan kendho lan pedhotan kenceng. Pedhotan kendho iku pedhotan kang manggon
ing wekasaning tembung lan ora medhot wandaning tembung, dene pedhotan kenceng iku
pedhotan kang ora manggon ing wekasaning tembung.

Tembang Pangkur
Laras pelog pathet lima

3 5 5 5. 3 3 3 3  titi laras
Ming – kar  ming – kur – ing    ang  -  ka  -  ra    cakepan

3 5 5 56 1 1 1. 2 3. 3 21
A  -  ka    -  ra   -   na,    ka   -   re  -     nan    mar  -  di    si   -wi

5 6 1° 1° 1° 1°6 1°2° 2°
Si  -  na   -   wung  res  - mi – ning    ki -    dung

1° 6 5 5 5 5 35
Si   -  nu  -   ba     si   -   nu  -   kar  -  ta

3 5 6 5 3 1 1 1 2 3 2 3
Mrih   ker -  tar  -  ta,   pa  -  kar  -   ti  -  ning    ngel  -  mu     lu -  hung

6˳ 1 1 1 1 1 1 1
Kang   tum -  rap    neng   ta -  nah    ja -  wa

1 2 3 1 2 3 3 21
A    -  ga  -   ma      a    -  ge   -  ming,      a   -   ji

Gladhen

Sawise siswa mangerteni materi rasaning swara lan nyemak tembang macapat ing
ndhuwur, coba saiki tembangna maneh tembang macapat kasebut banjur analisisen
paugeran tembang, unsur basa lan pitutur luhur tembang macapat kanthi cara beberengan
karo kancamu!

4. Panutup
Kepriye siswa saiki?

BJW-3.5/4.5/4/5-5
Sawise siswa sinau kanthi sithik-sithik lan nerusake saka kagiyatan pasinaon 1, 2, 3, lan 4,
ing ngisor iki diwenehi tabel kanggo ngukur siswa dhewe-dhewe miturut materi sing wis
disinaoni. Wangsulana kanthi jujur anggenmu nguwasani materi ing UKBM iki!

Tabel Refleksi Diri Pemahaman Materi


No Pertanyaan Ya Tidak
1. Apa siswa wis mangerteni babagan paugeran tembang
macapat?
2. Apa siswa wis bisa nggoleki unsur basa sajrone
tembang macapat?
3. Apa siswa wis bisa nggoleki pitutur luhur sajrone
tembang macapat?
4. Apa siswa wis bisa nembangake tembang macapat
kang laras karo titilaras?

Jika menjawab “TIDAK” pada salah satu pertanyaan di atas, maka pelajarilah kembali
materi tersebut dalam Buku Teks Pelajaran (BTP) dan pelajari ulang kegiatan belajar 1, 2,
3, 4 atau 5 yang sekiranya perlu Anda ulang dengan bimbingan Guru atau teman sejawat.
Jangan putus asa untuk mengulang lagi!. Dan apabila Anda menjawab “YA” pada
semua pertanyaan, maka lanjutkan berikut.

Dimana posisimu?
Ukurlah diri Anda dalam menguasai materi struktur, kebahasaan, dan pesan moral
tembang macapat dalam rentang 0—100, tuliskan ke dalam kotak yang tersedia.

Setelah Anda menuliskan penguasaanmu terhadap materi struktur, kebahasaan, dan


pesan moral tembang macapat, lanjutkan kegiatan berikut untuk mengevaluasi
penguasaan Anda!.

Yuk Cek Penguasaanmu terhadap Materi Struktur, Kebahasaan, dan Pesan Moral
Tembang Macapat!
Agar dapat dipastikan bahwa Anda telah menguasi materi struktur, kebahasaan, dan
pesan moral tembang macapat, maka kerjakan soal berikut secara mandiri di buku kerja
Anda masing-masing.

1) Tulislah struktur tembang macapat!


2) Apa saja kebahasaan tembang macapat? Berikan penjelasan dan contohnya!
3) Apa pesan moral yang bisa diambil dari tembang macapat?
4) Nyanyikan tembang macapat makumambang laras pelog pathet lima!

Setelah menyelesaikan soal di atas dan mengikuti kegiatan belajar 1, 2, 3, dan 4, Silakan
Anda berdiskusi dengan teman sebangku atau teman lain apabila masih ada beberapa hal
yang perlu dikaji ulang. Selain itu. tuliskan dalam buku kerja Anda tentang refleksi diri

BJW-3.5/4.5/4/5-5
Anda dengan menggunakan cara dan bahasa Anda sendiri sebagai bagian dari pengakuan
terhadap apa yang sudah Anda kuasai.

Ini adalah bagian akhir dari UKBM materi struktur, kebahasaan, dan pesan moral tembang
macapat, mintalah tes formatif kepada Guru Anda sebelum belajar ke UKBM berikutnya.
Sukses untuk Anda!!!

KAPUSTAKAN

Purnomo, Bambang. Dkk. 2015. Sastri Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK Kelas XI. Surabaya:
Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.
Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W. 2014.Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas XI. Surabaya:
Penerbit Duta;
Hidayah, Nurul dan Umi Nayirotin. 2015. Sayaga Basa Jawa kanggo SMA/MA Kelas XI. Jakarta:
Penerbit Erlangga;

BJW-3.5/4.5/4/5-5

Anda mungkin juga menyukai