Anda di halaman 1dari 11

BAJA-3.1/4.

1/1/1

TELAAH TEKS SERAT WEDHATAMA


PUPUH PANGKUR

IDENTITAS
a. Nama Mata Pelajaran : BAHASA JAWA
b. Semester :1
c. Kompetensi Dasar :

3.1. Menelaah teks Serat Wedhatama pupuh Pangkur.


4.1. Menanggapi isi Serat Wedhatama pupuh Pangkur dan menulis syair tembang Pangkur
dengan bahasa sendiri, serta menyajikannya secara lisan/tulis.

d. Indikator Pencapaian Tujuan:


3.1.1. Memahami watak Serat Wedhatama Pupuh Pangkur lisan maupun tulisan.
3.1.2. Mengidentifikasi struktur dan kaidah Serat Wedhatama Pupuh Pangkur lisan
maupun tulisan.
3.1.3. Menganalisis pitutur luhur Serat Wedhatama Pupuh Pangkur lisan maupun
tulisan.
3.1.4. Mengevaluasi relevansi dengan masa kini pitutur luhur Serat Wedhatama
Pupuh Pangkur lisan maupun tulisan.

4.1.1 Menginterpretasi pitutur luhur Serat Wedhatama Pupuh Pangkur lisan maupun
tulisan.
4.1.2 Memproduksi syair Serat Wedhatama Pupuh Pangkur lisan maupun tulisan.
4.1.3 Menyunting syair Serat Wedhatama Pupuh Pangkur karya teman.
4.1.4 Menyajikan Serat Wedhatama Pupuh Pangkur lisan maupun tulisan.

e. Materi Pokok : Serat Wedhatama Pupuh Pangkur


f. Alokasi Waktu : 6 JP
g. Tujuan Pembelajaran:

Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan dan presentasi, peserta didik dapat
menelaah teks Serat Wedhatama pupuh Pangkur dan dapat Menanggapi isi Serat
Wedhatama pupuh Pangkur dan menulis syair tembang Pangkur dengan bahasa
sendiri, serta menyajikannya secara lisan/tulis., sehingga peserta didik dapat
menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya,mengembangakan
sikap jujur, disiplin, dan bertanggungjawab, serta dapat mengembangkan
kemampuan berpikir kritis, komunikasi, kolaborasi, kreativitas (4C).

h. Materi Pembelajaran:
Lihat dan baca Buku Teks Pelajaran (BTP):
1. Bausastra Jawa
2. Widaryatmo, Gandung dkk. 2014. Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas X.
Jakarta: Penerbit Erlangga.

Kang diarani tembang macapat yaiku tembang kang kaiket paugeran guru gatra, guru
wilangan lan guru lagu. Kang diarani
Guru Gatra : Cacahing gatra (baris) saben sapada (sabait)
Guru Wilangan : Cacahing wanda (suku kata) saben sagatra (sabaris)
Guru lagu : Tibaning swara ing pungkasane gatra (dhong dhinge lagu)
Pathokan tembang pangkur yaiku
Guru gatra : 7 gatra
Guru wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8,
Guru lagu : a, i, u, a, u, a, i

Tembang macapat iku cacahe ana 11 yaiku maskumambang, mijil, sinom, kinanthi,
asmaradhana, gambuh, dhandhanggula, durma, pangkur, megatruh, pocung.
Watak tembang macapat bisa digambarake ing uripe manungsa kaya mangkene :
1. Maskumambang
Saka tembung mas lan kemambang iku nggambarake manungsa utawa janin kang
kemambang ana ing njero wetenge ibu nalika ibu isih ngandhut.
2. Mijil
Mijil tegese wijil, metu. Yaiku nggambarake bayi kang lair ing alam donya kang wis
kenal panguripan.
3. Sinom
Saka tembung enom yaiku mangsa nalika isih enom. Nggambarake manungsa kang isih
enom kang lagi ngenal barang-barang anyar.
4. Kinanthi
Saka tembung dikanthi-kanthi yaiku mangsa nggoleki sapa sejatite awake dhewe iku.
5. Asmaradhana
Saka tembung asmara lan dahana. Asmara yaiku rasa tresna lan dahana tegese geni.
Asmaradhana nggambarake pawongan kang lagi nggoleki katresnan ing panguripan.
Katresnan marang kanca, pasangan mengkone. Kajaba iku uga katresnan marang Gusti
lan alam donya.
6. Gambuh
Saka tembuh jumbuh. Yaiku nggambarake panguripan keluwarga kang diwiwiti saka
nikahan kang njumbuhake loro pawongan.
7. Dhandanggula
Saka tembung gegadhangan lan gula. Gegadhangan tegese pangarep-arep, pepinginan lan
gula tegese manis. Ing mangsa iki minangka puncake kasuksesane manungsa. Apa kang
diarep-arepke bisa kawujud ing mangsa iki.
8. Durma
Ing mangsa iki panguripane maungsa kudu didermake kanggo panguripan kang luwih
apik kayata ing kegiatan sosial. Ora meneh mung nggoleki gemerlape donya maneh.
9. Pangkur
Saka tembung mungkur. Yaiku nggambarake panguripane maungsa ing mangsa kang wis
umur kudu nyingkiri tumindak kang ora apik lan kudu nyedhakake marang Kang Maha
Kuwasa.
10. Megatruh
Saka tembung megat lan ruh. Megat tegese pisah ruh tegese ruh utawa nyawa. Pisahe
nyawa saka jasade manungsa.
11. Pocung
Yen wis pisah saka ruhe bajnur di pocong. Yaiku mangsa manungsa bali marang kang
Maha Kuwasa.

Serat Wedhatama kuwi salah siji anggitan saka KGPAA Mangkunegara IV. Ing Serat
Wedhatama iku ana 5 pupuh yaiku pupuh pangkur, pupuh sinom, pupuh pocung, pupuh gambuh,
lan pupuh kinanthi. Ing pupuh pangkur ana 14 pada. Kang nggambarake manungsa urip ing
ngalam donya iki ora bisa uwal saka Gusti Kang Maha Kuwasa, kang uwis maringake
kanugrahan awujud rasa pangrasa minangka sawijining bab kang mbedakake ala lan becik kang
ditindakake ing bebrayan agung. Tumindak kasebut yaiku tansah eling lan waspada ing
samubarang gawe, lan kudu bisa ngendhaleni hawa nepsu kang gawe kapitunan marang awake
dhewe lan wong liya.
Tembang pangkur iku nggambarake mangsa nalika wis kliwat umur kang wus
ngungkurake babagan kadonyan. Pangkur saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa
nepsu angkara murka.
Isine tembang pangkur ing serat wedhatama yaiku kudu bisa ngedohake hawa nepsu, aja
tumindak kaya dene tumindake wong bodho kang seneng ongas (sombong), ing kene diajarake
yen agama iku minangka cagaking urip kang luhur.

i. Peta Konsep

SERAT
WEDHATAMA

Pupuh
Pupuh Pangkur Pupuh Sinom Pupuh Pocung Pupuh Kinanthi
Gambuh

Isi/Pitutur
Watak/makna Pathokan
Luhur

Guru Gatra Guru Wilangan Guru Lagu

j. Kegiatan Pembelajaran
a. Pendahuluan
Sebelum belajar pada materi ini silahkan kalian membaca dan memahami tembang
pangkur di bawah ini.

Mingkar mingkuring angkara


akarana karenan Mardi siwi
sinawung resmining kidung
sinuba sinukarta
mrih ketarta pakartining ngelmu luhung
kang tumrap ing tanah jawa
agama ageming aji

Apa isine tembang pangkur ing ndhuwur iku?


Kepriye carane supaya entuk ilmu kang luhur?

Untuk dapat memahami persoalan tersebut, silahkan kalian lanjutkan ke kegiatan belajar
berikut dan ikuti petunjuk yang ada dalam UKBM ini.
Kegiatan Inti

Pertemuan ke-1

Petunjuk Umum
a) Baca dan pahami materi pada buku Widaryatmo, Gandung dkk. 2014. Prigel
Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas X. Jakarta: Penerbit Erlangga.
Manfaatkan Perpustakaan, lingkungan sekitar, laboratorium bahkan jika
memungkinkan browsing di internet.
b) Setelah memahami isi materi dalam bacaan berlatihlah untuk berfikir tinggi
melalui tugas-tugas yang terdapat pada UKBM ini baik bekerja sendiri maupun
bersama teman sebangku atau teman lainnya.
c) Kerjakan UKBM ini di buku kerja atau langsung mengisikan pada bagian yang
telah disediakan.
d) Kalian dapat belajar bertahap dan berlanjut melalui kegiatan ayo berlatih,
apabila kalian yakin sudah paham dan mampu menyelesaikan permasalahan-
permasalahan dalam kegiatan belajar 1, 2, dan 3 kalian boleh sendiri atau
mengajak teman lain yang sudah siap untuk mengikuti tes formatif agar
kalian dapat belajar ke UKBM berikutnya.

Kegiatan Belajar 1
Lakukanlah prosedur penemuan terbimbing tentang struktur dan kaidah serat wedhatama pupuh
pangkur.

Tujuan:
- Menjelaskan pengertian tembang macapat
- Memahami watak serat wedhatama pupuh gambuh
- Mengidentifikasi struktur dan kaidah serat wedhatama pupuh pangkur

Langkah Kegiatan Belajar:


1. Bergabunglah dengan kelompok kalian masing-masing!
2. Perhatikan rumusan masalahnya! Kalian diperbolehkan menambahkan rumusan
masalahnya.
3. Rumuskan hipotesisnya!
4. Kumpulkan data melalui kajian pustaka dan browsing internet!
5. Presentasikan hasil diskusi kelompok kalian!

Rumusan Masalah Bahan Diskusi Kelompok:


1. Apa kang diarani tembang macapat?
2. Apa wae pathokan tembang macapat? Jlentrehna!
3. Ing serat wedhatama ana pirang pupuh? Sebutna!
4. Sebutna pathokan tembang pangkur!
5. Kepriye watake tembang macapat pangkur miturut tembang pangkur kang ana ing
serat wedhatama?
Apabila kalian telah mampu menyelesaikan bahan diskusi di atas, maka kalian bisa
melanjutkan pada kegiatan belajar 2 berikut.

Pertemuan Ke-2

Kegiatan Belajar 2

Bacalah uraian materi berikut ini serta lihat dan baca pada Buku Teks Pelajaran (BTP):
- Widaryatmo, Gandung dkk. 2014. Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas X.
Jakarta: Penerbit Erlangga.
- Manfaatkan Perpustakaan dan browsing di internet.

Lakukanlah prosedur penemuan terbimbing tentang struktur dan kaidah serat wedhatama pupuh
pangkur.

Tujuan:
- Menganalisis pitutur luhur Serat Wedhatama Pupuh Pangkur lisan maupun tulisan.
- Mengevaluasi relevansi dengan masa kini pitutur luhur Serat Wedhatama Pupuh
Pangkur lisan maupun tulisan.

Langkah Kegiatan Belajar:


1. Bergabunglah dengan kelompok kalian masing-masing!
2. Perhatikan rumusan masalahnya! Kalian diperbolehkan menambahkan rumusan
masalahnya.
3. Rumuskan hipotesisnya!
4. Kumpulkan data melalui kajian pustaka dan browsing internet!
5. Presentasikan hasil diskusi kelompok kalian!

Rumusan Masalah Bahan Diskusi Kelompok:


1. Tulislah serat wedhatama pupuh pangkur yang terdapat dalam serat wedhatama!
2. Tulislah artinya setiap kalimat (gatra)!
3. Tulislah amanat (pitutur luhur) setiap tembang!
4. Berilah contoh relevansi pitutur luhur serat wedhatama dengan masa kini!

Apabila kalian telah mampu menyelesaikan bahan diskusi di atas, maka kalian bisa
melanjutkan pada kegiatan belajar 3 berikut.

Pertemuan Ke-3

Kegiatan Belajar 3

Bacalah uraian materi berikut ini serta lihat dan baca pada Buku Teks Pelajaran (BTP):
- Widaryatmo, Gandung dkk. 2014. Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas X.
Jakarta: Penerbit Erlangga.
- Manfaatkan Perpustakaan dan browsing di internet.

Lakukanlah prosedur penemuan terbimbing tentang memproduksi dan menyajikan tembang


pangkur.

Tujuan
Memproduksi syair Serat Wedhatama Pupuh Pangkur lisan maupun tulisan.
Menyunting syair Serat Wedhatama Pupuh Pangkur karya teman.
Menyajikan Serat Wedhatama Pupuh Pangkur lisan maupun tulisan.

Langkah Kegiatan Belajar:


1. Cermati stuktur dan kaidah tembang pangkur!
2. Buatlah tembang pangkur dengan memilih salah satu tema (pendidikan, agama, budi
pekerti, dll)
3. Setelah menjadi sebuah tembang pangkur, tukarkan dengan temanmu agar dikoreksi
oleh temanmu.
4. Setelah selesai dikoreksi temanmu sajikan tembang pangkur tersebut secara lisan.

Rumusan Masalah Bahan Diskusi Kelompok:


1. Buatlah tembang pangkur dengan menggunakan pathokan tembang pangkur!
2. Tembangkan tembang yang sudah kamu buat!

Apabila kalian telah mampu menyelesaikan bahan diskusi di atas, maka kalian bisa
melanjutkan pada kegiatan ayo berlatih.

Ayo Berlatih

A. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi milih aksara a, b, c, d, utawa e minangka
wangsulan kang paling bener!

1. Jinejer ing wedhatama,


Mrih tan kemba kembenganing pambudi,
Mangka nadyan tuwa pikun,
Yen tan mikani rasa,
Yekti sepi sepa lir sepah asamun,
Samangsane pasamuan,
Gonyak ganyuk nglelingsemi
Guru gatra, guru wilangan gatra katelu, lan guru lagu gatra kalima yaiku .
a. 7, 8, i d. 8, 7, a
b. 9, 8, i e. 7, 8, u
c. 8, 7, i
2. Werdine yen tan mikani rasa yaiku .
a. Kang ora mahami rasa ing jero ati
b. Seneng dianggep bodho
c. Nanging ora gelem dianggep bodho
d. Omongane ora tinemu nalar
e. Wateke ketok nalika ngomong ora gelem ngalah
3. Pitutur kang ana ing tembang pangkur dhuwur mau yaiku .
a. kudu ngadohi tumindak ala supaya kasil ilmu kang becik
b. aja tumindak kaya dene tumindake wong bodho, kang omongane ora karuan
c. aja tumindak kang seneng kleru kang gawe isin
d. aja tumindak kurang sopan lan santun ing pasatemon
e. tumindak becik iku minangka lambang kamulyan
4. Tembang pangkur ing ngisor iki kang isine aja manut karepe dhewe yen ora seneng diarani
bodho yaiku .
a. Mingkar-mingkuring angkara, d. Si pengung nora nglegawa,
akarana karenan mardi siwi, sangsayarda denira cacariwis,
sinawung resmining kidung, ngandhar-andhar angendhukur,
sinuba sinukarta, kandhane nora kaprah,
mrih kertata pakartining ngelmu luhung, saya elok alangka longkangipun,
kang tumrap ing tanah Jawa, si wasis waskhita ngalah,
agama ageming aji, ngalingi marang si pingging
b. Nggugu karsane priyangga, e. Marma ing sabisa-bisa,
nora nganggo peparah lamun angling, bebasane muriha tyas basuki,
lumuh ingaran balilu, puruhita kang patut,
uger guru aleman, lan traping angganira,
nanging janma ingkang wus waspadeng semu, ana uga angger ugering kaprabun,
sinamun samudana, abon aboning panembah,
sesadoning adu manis, kang kambah ing siyang ratri.
c. Socaning jiwangganira,
jer ketara lamun pocapan pasthi,
lumuh asor kudu unggul,
semengah sesongaran,
yen mangkono kena ingaran ketungkul,
karem ing reh kaprawiran,
nora enak itu kaki.
5. Tembang macapat pangkur iku asale saka tembung mungkur kang ateges .
a. nyingkiri hawa nepsu angkara murka d. manungsa wiwit mbangun bale
wisma
b. nggambarake manungsa kang lagi lair e. nggambarake wayah isih
jejaka/prawan
c. nggambarake manungsa kang wis kenal asmara

B. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki

Mingkar mingkuring angkara,


Akarana karanan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa,
Agama ageming aji.
1. Gancarna tembang ing dhuwur kuwi!
2. Goleken isine tembang ing dhuwur iku!
3. Miturut panemumu isine tembang pangkur ing dhuwur mau isih cocok karo kahanan
zaman saiki apa ora? Jlentrehna wangsulanmu!
4. Sebutna tuladha kang nuduhake budi pekerti luhur kang ana ing sakiwa tengenmu!
5. Kepriye carane ngrembakake budi pekerti luhur marang kanca sakelasmu?
PANGKUR (Sembah Raga/Syariat)

1. Mingkar mingkuring angkara,


Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih ketarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa,
Agama ageming aji.
2. Jinejer neng Wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa,
yekti sepi asepa lir sepah, samun,
Samangsane pasamuan
Gonyak ganyuk nglilingsemi.
3. Nggugu karsane priyangga,
Nora nganggo peparah lamun angling,
Lumuh ingaran balilu,
Uger guru aleman,
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana,
Sesadon ingadu manis
4. Si pengung nora nglegawa,
Sangsayarda denira cacariwis,
Ngandhar-andhar angendhukur,
Kandhane nora kaprah,
saya elok alangka longkanganipun,
Si wasis waskitha ngalah,
Ngalingi marang si pingging.
5. Mangkono ngelmu kang nyata,
Sanyatane mung weh reseping ati,
Bungah ingaran cubluk,
Sukeng tyas yen denina,
Nora kaya si punggung anggung gumrunggung
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip.
6. Urip sepisan rusak,
Nora mulur nalare ting saluwir,
Kadi ta guwa kang sirung,
Sinerang ing maruta,
Gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung,
Pindha padhane si mudha,
Prandene paksa kumaki.
7. Kikisane mung sapala,
Palayune ngendelken yayah wibi,
Bangkit tur bangsaning luhur,
Lha iya ingkang rama,
Balik sira sarawungan bae durung
Mring atining tata krama,
Nggon anggon agama suci.
8. Socaning jiwangganira,
Jer katara lamun pocapan pasthi,
Lumuh asor kudu unggul,
Semengah sesongaran,
Yen mangkono keno ingaran katungkul,
Karem ing reh kaprawiran,
Nora enak iku kaki.
9. Kekerane ngelmu karang,
Kekarangan saking bangsaning gaib,
Iku boreh paminipun,
Tan rumasuk ing jasad,
Amung aneng sajabaning daging kulup,
Yen kapengok pancabaya,
Ubayane mbalenjani.
10. Marma ing sabisa-bisa,
Bebasane muriha tyas basuki,
Puruita-a kang patut,
Lan traping angganira,
Ana uga angger ugering kaprabun,
Abon aboning panembah,
Kang kambah ing siyang ratri.
11. Iku kaki takokeno,
marang para sarjana kang martapi
Mring tapaking tepa tulus,
Kawawa nahen hawa,
Wruhanira mungguh sanyataning ngelmu
Tan mesthi neng janma wredha
Tuwin mudha sudra kaki.
12. Sapantuk wahyuning Allah,
Gya dumilah mangulah ngelmu bangkit,
Bangkit mikat reh mangukut,
Kukutaning jiwangga,
Yen mengkono kena sinebut wong sepuh,
Lire sepuh sepi hawa,
Awas roroning atunggil
13. Tan samar pamoring sukma,
Sinuksmaya winahya ing ngasepi,
Sinimpen telenging kalbu,
Pambukaning warana,
Tarlen saking liyep layaping aluyup,
Pindha pesating sumpena,
Sumusuping rasa jati.
14. Sejatine kang mangkana,
Wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi,
Bali alaming ngasuwung,
Tan karem arameyan,
Ingkang sipat wisesa winisesa wus,
Mulih mula ulanira.
Mulane wong anom sami.

Anda mungkin juga menyukai