Anda di halaman 1dari 18

MODUL

BASA JAWA

SMK KAWUNG 1
SURABAYA
SEMESTER GENAP
G
TAHUN AJARAN 2020/2021

Mugi-mugi modul pelajaran Basa Jawa


Penulis : ing SMK Kawung 1 Kelas XI meniko
YULI CAHYONO, S.PD. bermanfaat kagem siswa lan sedaya
pemaca angsal kawruh utawa
pengetahuan.
Atur Prawacana

Ngaturaken sembah lan sujud syukur mugi katamphi wonten ngarsaning Gusti kang Moho
Agung, Amargi kanthi berkah lan pitulunganipun Gusti panyerat saget purna kasusun Modul
pembelajaran Basa Jawa kelas XI ing SMK Kawung 1 Surabaya.

Modul menika dipun tulis kangge salah sijining sumber sinau siswa SMK Kawung 1 kelas XI
pelajaran Basa Jawa. Liyane sakmenika Modul dipun tulis kangge umum supayaning tumut
ugi mencerdaskan kahuripan bangsa Indonesia ing jamane perkembangan ilmu
pengetahuan lan teknologi sak menika.

Modul punika kawula susun kanthi temen lan estu kagem netepi lan njangkepi tugas saking
Sekolah, lan wonten pinten-pinten pitulungan saking rencang, kerabat lan pangucal
sahinggo saget purna kanthi sae lan endah.

Sedanten seratan meniko mboten estu lumrah hak leres, kagem nyampurna aken sedanten
klenta-klentu lan kiranganipun tulisan menika pramilo panyaruwe saha panyendu tansah
kula anthi-anthi saking sinten ke mawon ingkang maos.

Mugi-mugi seratan menika saget paring manfaat lan ngelmu ingkang manfaat kagem
sedanten ingkang maos seratan meniko, sugeng maos.

Surabaya, 2 Januari 2021

Panyerat
MODUL UNTUK SISWA SMK KAWUNG 1 SURABAYA

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA


Kompetensi / Sub Kompetensi : Menelaah teks Serat Wedhatama pupuh Gambuh.
Kelas / Program Keahlian : XI / AKL, OTKP, RPL
Semester : IV (Empat)
Tahun Pembelajaran : 2020 / 2021

A. TUJUAN KEGIATAN BELAJAR


 Peserta didik dapat membaca contoh teks Serat Wedhatama pupuh Gambuh
 Peserta mencermati uraian yang berkaitan dengan guru gatra, guru lagu, dan guru
wilangan Serat Wedhatama pupuh Gambuh
 Peserta didik menemukan nilai-nilai yang terkandung di dalam Serat Wedhatama pupuh
Gambuh
 Peserta didik menulis tembang Gambuh
 Peserta didik menyajikan secara lisan atau tulisan tembang Gambuh yang ditulis
 Peserta didik memberi tanggapan isi Serat Wedhatama pupuh Gambuh

B. URAIAN MATERI
1. Pangertene tembang Gambuh
Gambuh iku tambuh, embuh, kambuh, jumbuh lan tembung kang awanda mbuh. Tegese
Lanteh. Anggitane Natapraja. Kacarita mula bukane tembang iki lelagon gandarwa
(raseksa) ing jaman Mataram. Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh bakuh
(tegas/galak).
2. Pathokan tembang Gambuh
GAMBUH
Guru Guru lagu Guru gatra
wilangan
7 U
10 U
12 I 5
8 U
8 O

3. Watak tembang Gambuh


Watake tembang Gambuh iku supeketing kakluwargan/akrab, sumadulur. Ngandharake
tantangan kang kereng. Cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat paseduluran, pitutur,
piwulang,kekarepan.
4. Makna tembang Gambuh
Miturut maknane, tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik
dewasa utawa pribadii kang sansaya dewasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan
batin, kluwarga lan masarakat, pribadi karo Gusti. Tembang iki menehi pitutur, anggenah-
nggenahake utawa tansah menehi pangerten. Pancen lumrahe piyayi sepuh tansah isa
njumbuhake panguripane lan seneng aweh pitutur marang anak putu, patrap lan
pangucap isa nyawiji, panguripane ayem tentrem lan ora bot sisih. Makna sawijine sawise
omah-omah kudu padha ngertine, asah asih asuh marang sawenehe kabutuhan, tanggung
jawab lan perkara ing sajroning kluwarga kang saya abot lan maneka warna.

5. Tuladha tembang Gambuh


3 5 5 5 5 3 56
sa- mêng- ko ing- Sun tu- tur
6 5 3 2 2 3 5 5 3 56
sêm- bah ca- tur su- pa- ya lu- mun- tur
3 2 y 12 2 2 2 2 3 1 y t
dhi- ngin ra- ga cip- ta ji- wa ra- sa ka- ki
1 2 2 2 3 1 2 3
Ing ko- no la- Mun kê- tê- mu
3 5 6 5 3 23 1 2
tan- dha nu- gra- ha- ning Ma- non

C. TUGAS
Wangsulana pitakon ing ngisor iki!

Pada 1

Samengko ingsun tutur,


sembah catur supaya lumuntur,
dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki,
ing kono lamun tinemu,
tandha nugrahaning Manon.

Kelak saya bertutur, Empat macam sembah supaya dilestarikan; Pertama; sembah
raga, kedua; sembah cipta, ketiga; sembah jiwa, dan keempat; sembah rasa, anakku
! Di situlah akan bertemu dengan pertanda anugrah Tuhan.

Pada 2

Sembah raga puniku,


pakartine wong amagang laku,
susucine asarana saking warih, kang wus lumrah limang wektu,
wantu wataking wawaton.
Sembah raga adalah Perbuatan orang yang lagi magang “olah batin” Menyucikan
diri dengan sarana air,Yang sudah lumrah misalnya lima waktu Sebagai rasa
menghormat waktu

1. Apa kang kok ngreteni babagan tembang Gambuh?


2. Kepiye watake tembang Gambuh?
3. Golekana paugerane tembang Gambuh ing nduwur?
4. Tulisana Pitutur luhur kang ana ing tembang Gambuh ing nduwur?
5. Golekana isi tembang gambuh kang ana ing nduwur?
6. Gawea cakepan/ syair tembang macapat Gambuh jumbuh karo paugeran!
7. Golekana artikel bab tembang macapat ing majalah, koran, utawa ing internet!

Tempat mengumpulkan tugas


1 Guru bahasa Jawa (Yuli Cahyono, S.Pd.).
2 Pengumpulkan paling lambat tanggal 12 Februari 2021.
3 Pengumpulan kirim lewat e-mail : yuli.retak@gmail.com
4 Jika masih kurang mengerti silahkan Sharing lewat Whatshap 081553020666

Surabaya, 2 Januari 2021


Guru Mapel

Yuli Cahyono, S.Pd.


MODUL UNTUK SISWA SMK KAWUNG 1 SURABAYA

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA


Kompetensi / Sub Kompetensi : Memahami isi dan menyajikan sinopsis teks Cerita
Rakyat
Kelas / Program Keahlian : XI / AKL, OTKP, RPL
Semester : IV (Empat)
Tahun Pembelajaran : 2020 / 2021

A. TUJUAN KEGIATAN BELAJAR


 Peserta didik dapat membaca contoh teks Crita rakyat daerah setempat
 Peserta didik dapat mencermati uraian yang berkaitan dengan unsur-unsur pembangun
Crita rakyat
 Peserta didik membuat pertanyaan yang berhubungan dengan isi petikan Teks Crita
rakyat
 Peserta didik menemukan nilai-nilai yang terkandung di dalam Crita rakyat
 Peserta didik menulis sinopsis Crita rakyat dengan bahasa sendiri
 Peserta didik menyajikan secara lisan atau tulisan sinopsis Crita rakyat yang ditulis
 Peserta didik memberi tanggapan isi dengan bahasa sendiri Crita rakyat

B. URAIAN MATERI
1. Pangertene crita rakyat
Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep
minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan iku. Crita rakyat ing
tanah Jawa iki akeh wewujudane, ing antarane legendha, dongeng, mite lan
sapanunggalane. Tuladhane : Andhe-andhe Lumut, Nyai Rara Jonggrang, Bandung
Bandawasa, lan sapitirute. Manfaat kang isa dijupuk saka ngrungokake crita rakyat yaiku
ana pengalaman kang becik saka nulat para tokoh-tokohe.
Ing dhaerahmu mesthi uga ana cerita rakyat kang wis kumandhang. Sejatine ancas
(tujuwane) crita rakyat iku ura mung kaya crita sanyatane, nanging ana pesen kang
sinandi ing sajrone crita. Tuladhane : ana crita babagan wit gedhe kang angker lan wingit,
wos surasae crita iku ora walaka babagan wit kang angker, nanging kepiye carane para
leluhur biyen ben wit-wit gedhe kuwi ora ditegor sasenenge dhewe utawa diregeti
sakepenake dhewe. Upamane maneh ana crita yen liwat prapatan kudu ngebel sebab akeh
arwah gentayangan sing mapan ana kono. Iku mengku werdi ora kaya sanyatane ana
dhemit kang nglambrang, nanging welinge supaya ngati-ati yen liwat prapatan, lan
sapanunggalane.
Titikane cerita rakyat, kayata:
o Anonim: ora diweruhi sapa sejatine sing nganggit.
o Minangka karya kolektif: dianggep duweke rakyat bareng-bareng.
o Nyritakake bab ala lan bener kanggo tuladha.
o Nggambarake kadadeyan–kadadeyan kang mokal anane (imajer).
o Statis, tetep, ora ana owah-owahan sing wigati saka jaman menyang jaman.
o Dicritakake turun-temurun.
o Nduweni nilai-nilai luhur.
o Sifate tradisional.
o Nduweni werna-werna versi dan variasi.
o Nduweni bentuk–bentuk klise.
o Ngrembaka lumantar saka tuturan.
o Cerita rakyat dicritakake kanthi lisan.
2. Tuladha crita rakyat
Keong Mas
Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine
larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.
Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur,
nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali
kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula.
Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusti paringana pepajar ing desa kula
mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”
Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling
ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa
kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul
sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa
mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.
Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk
krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing
emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang
luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon
sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone
wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing
pawone.
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka
genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu
kuwi.
“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong
Mas ?”
“Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja
Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin
muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh
saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan
nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang
ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen
aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara
lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane
nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk
banyu kang diwadahi bokor kencana.
Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget
amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana
kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang
Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine
garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo
garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa
Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha
Dhadapan.

3. Unsur-unsur Cerita Rakyat


Unsur-unsur kang kamot sajroning cerita rakyat iku tokoh, alur, setting, amanat/pesen.
a. Tema
Tema iku minangka idhe pokok utawa permasalahan utama kang ndasari lakuning
cerita. Tema cerita rakyat kang digunakake kaku, istanasentris, adat istiadat lan
mistis. Surasane cerita khayal lan fantastis.
b. Setting
Setting iku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita. Setting
ngamot wektu,papan/panggonan, sosial budaya.
c. Sudut pandang
Sudut pandang ing cerita rakyat yaiku nyritakake tokoh, barang, papan/panggonan
lan social budaya.
d. Alur/plot
Alur/plot yaiku rerangkining/cengkoronganing prastawa/kedadeyan ing cerita. Alur
diperangdadi 2, yaiku alur maju (progresif) yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi
trap- trapan adhedasar kronologi tumuju ing alur crita. Dene alur mundur (flash back
progresif) yaiku dumadi kangana sesambungane karo prastawa kang lagi dumadi.
e. Penokohan
Penokohan iku gambarake kanggo paragraf pelaku. Paraga bisa dimangerteni
karakter saka tumindhake, ciri fisike, lingkungane lan sak piturute.
f. Konflik
Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita. Ing perangan iki pancen diketokake
perkara apa kang ndadekake crita iki dadi narik kawigaten. Sansaya jlimet lan tasih
anggone gawe konflik ndadekake crita iku ngundakake kawigaten pandhemene.

4. Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan cerita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake
cerita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku:
Tema(Tema yaiku gagasan pokok, pokok cerita),Latar (Latar yaiku lakuning cerita), Alur
(Alur yaiku paraga cerita), Penokohan (Penokohan yaiku paraga cerita).

C. TUGAS
1. Apa kang kok mangerteni babagan cerita rakyat!
2. Sebutna unsur-unsur cerita rakyat!
3. Goleka cerita rakyat kanthi judul “Asal Usul Aksara Jawa”!
4. Saka crita Asal usul aksara jawa kasebut banjur golekana:
a. Sinopsis.
b. Unsur-unsur critane.
Tempat mengumpulkan tugas
5 Guru bahasa Jawa (Yuli Cahyono, S.Pd.).
6 Pengumpulkan paling lambat tanggal 5 Maret 2021.
7 Pengumpulan kirim lewat e-mail : yuli.retak@gmail.com
8 Jika masih kurang mengerti silahkan Sharing lewat Whatshap 081553020666

Surabaya, 2 Januari 2021


Guru Mapel.

Yuli Cahyono, S.Pd.


MODUL UNTUK SISWA SMK KAWUNG 1 SURABAYA

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA


Kompetensi / Sub Kompetensi : Menelaah Teks Iklan Berbahasa Jawa
Kelas / Program Keahlian : XI / AKL, OTKP, RPL
Semester : IV (Empat)
Tahun Pembelajaran : 2020/2021

A. TUJUAN KEGIATAN BELAJAR


 Peserta didik membaca contoh teks dengaran iklan berbahasa Jawa
 Peserta didik mencermati uraian yang berkaitan dengan struktur dan kaidah teks
dengaran iklan berbahasa Jawa
 Peserta didik menemukan pokok-pokok yang terkandung di dalam teks dengaran iklan
berbahasa Jawa

 Peserta didik membuat teks dengaran iklan berbahasa Jawa

 Peserta didik menyajikan secara lisan atau tulisan teks dengaran iklan berbahasa Jawa

B. URAIAN MATERI
1. Pangertene pariwara/iklan
Pariwara/iklan iku sawijining pesen babagan barang/jasa (produk) kang digawe
dening prodesen kang diandharake lumantar media (cetak, audio, elektronik) utawa papan
panggonan umum kang ditujokake marang bebrayan agung.
Gatekna tuladha pariwara ing ngisor iki!
Bab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku :
a. Ukarane cekak lan aos (singkat jelas)
b. Basa kang digunakake isa dingerteni utawa ora mbingungake (komunikatif)
c. Tulisan lan gambare narik kawigaten

2. Ancas pariwara
Ancase pariwara yaiku:
a. Menehi ngerti masyarakat.
b. Ngajak masyarakat supaya tuku utawa nggunakake produk kasebut.

3. Unsur-unsur pariwara/iklan
Unsure iklan ing antarane kayata :
a. Jeneng barang/jasa kang ditawakake
b. Alamat produsen
c. Kahanan barang/jasa kang ditawakake, lsp.
4. Jenise pariwara/Iklan
a. Pariwara Tinulis
Cara panggawene pariwara tinulis:
1) Gawenen tampilan (layout) kang prasaja. Tampilan kang prasaja yaiku fokus,
imbang/simetris,ukuran, wujud, garis, tipografi kang narik kawigaten.
2) Desain werna
Pamilihing werna kang pas ndadekake pariwara iku nyenengake, carane yaiku:
o Olehan werna dadi werna kang bisa narik kawigaten.
o Gawenen werna kang kontras.
3) Headline lan isi utama desain
Gampang anggone maca pariwara dadi babagan kang penting. Babagan visual
bisa digawe mengkono.
4) Gaya tulisan:
Italics utawa miring: menehi kesan aksi, cepet progresif.
Aksara kapital: konservatif, menehi kesan formal.
Huruf kecil: menehi kesan ramah lan asor.
Aja nggunakkake aksara kapital ing isi utawa nggunakake font berukir.
Bayangke menehi kesan 3D ing tulisan.
Tulisan script menehi kesan feminim .
Aksara kandel menehi kesan maskulin.
Gunakake tipe huruf font kang jumbuh kanggo pariwara. Aja nggunakake
manekawarna tipe huruf font. Diwatesi udakara 3 utawa tipe huruf font.

Gatekna tuladha pariwara tulis ngisor iki !


b. Pariwara Radio
Iklan ing radio duwe cakrik (karakteristik) kayata: theater of the mind, tegese
pariwara kang dirungokake kudu ngemot pesenan kang ndadekake pamiyarsane
duwe angen-angen (imajinasi) tumrap pariwara kang dirungokake.Pribadi tegese
pariwara radhio pesenan kaya-kaya ngomong langsung marang pamiyarsane.
Pariwara radhio iku lumrahe mung diwartakake satleraman. Mula saka iku panulise
teks pariwara becike:
1) Nulis kanggo micara, ora diwaca utawa disawang. Tembung kang digunakake
yaiku tembung lan ukara gampang ditampa. Amarga kang dituju iku
pangrungone dudu panyawange.
2) Nulis minangka wujud komunikasi langsung. Mula kudu ner/fokus marang
pamiyarsane ora menyang liyane.
3) Nulis kanthi kreatif saka individu siji marang liyane. Mula kudu nuwuhake rasa
keakraban komunikasi personal, carane yaiku:
Nyingkiri nulis kanthi sesorah.
Swara tulisan kudu nyipta swasana akrab.
Naskahe kudu nyipta swasana akrab.
Naskahe kudu komunikatif: saterna, saukara, cekak lan aos.
Nulis kanthi ancas langsung dipahami . Mula aja kedawan ukarane.
Tembung ngemu kasunyatan lan aja nggunakake tembung-tembung kang
meh padha pangucape.
Pariwara radhio iku nggunakake swara manungsa, musik, jingle, efek swara.
Gatekna tuladha pariwara radhio ngisor iki:
Iklan “Tolak Angin Komplit”
Bapak : “ Aduh bune awakku kok padha pegel kabeh!”
ibu : “Punapa tho pakne?”
Bapak : “Ora ngerti aku, apa jalarane rasane kok kaya masuk angin.”
Ibu : “Oalah bapakne masuk angin tho?”
Bapak : “Iya bu awit wingi bengi bali saka Semarang ngeterke barang dagangan.”
Ibu : “Niku pakne mesthi supe ngunjuk obat.”
Bapak : “Iya bune, ben cepet mari diapakna ya, dipijeti wae piye bune?”
Ibu : “Oalah gampil yen soal pijet, niki tak dhamelke unjukan riyin, supados ical
pegel-pegelipun.”
Bapak : “Apa iku bune?”
Ibu : “Niki lho pakne jamu TOLAK ANGIN KOMPLIT, obat herbal kangge masuk
angin,mendhakake weteng kembung, weteng lara, nglegakake tenggorokan, njaga
kasarasan awak sarta apik diunjuk nalika perjalanan, awak sayah lan kurang turu.
Obat iki didhamel saka bahan alami kayata minyak adas, kayu ules, godhong
cengkeh, meniran, jahe lan madu. Ayo pakne diunjuk saniki supados enggal
waras.”
Bapak : “Wah enak tenan bune, awak krasa seger buger kaya lebar dipijeti wae.”
Ibu : “Bener tho omongku, awak dadi seger buger amarga ngunjuk TOLAK ANGIN
KOMPLIT.”
c. Pariwara TV
Cakrik pariwara TV yaiku:
1) Pocapan (lafal): kudu nggatekake aksara vokal lan konsonan.
2) Lagu ukara, yaiku gegayutan kalawan cendhek dhuwuring swara/nada.
3) Kawijangan pocapan, yaiku gamblang dirungokake lan bener tumraping
panganggo basa.
4) Pandhelenging netra, sakisa-isane tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg.
5) Sikep maca kang santun.
C. TUGAS
Tindakna pakaryan ing ngisor iki kanthi tumemen!
1. Gatekna pariwara ana tv, majalah utawa internet!
2. Pariwara mau banjur salinen ana buku tugasmu!
3. Gaweya pariwara Basa Jawa kang ana gegayutane kaliyan tradisi Jawa!

Tempat mengumpulkan tugas


1 Guru bahasa Jawa (Yuli Cahyono, S.Pd.).
2 Pengumpulkan paling lambat tanggal 26 Maret 2021.
3 Pengumpulan kirim lewat e-mail : yuli.retak@gmail.com
4 Jika masih kurang mengerti silahkan Sharing lewat Whatshap 081553020666

Surabaya, 2 Januari 2021


Guru Mapel

Yuli Cahyono, S.Pd.


MODUL UNTUK SISWA SMK KAWUNG 1 SURABAYA

Mata Diklat : BAHASA JAWA


Kompetensi / Sub Kompetensi : Teks Eksposisi tentang Seni Pertunjukan Jawa
Kelas / Program Keahlian : XI / AKL, OTKP, RPL
Semester : IV (Empat)
Tahun Pembelajaran : 2020/2021

A. TUJUAN KEGIATAN BELAJAR


 Peserta didik membaca teks eksposisi tentang seni pertunjukan Jawa dengan cermat
 Peserta didik mencermati struktur dan kaidah teks eksposisi tentang seni pertunjukan
Jawa
 Peserta didik menemukan pokok-pokok isi teks eksposisi tentang seni pertunjukan Jawa
 Peserta didik menulis teks eksposisi tentang seni pertunjukan Jawa
 Peserta didik menyunting kesalahan teks eksposisi tentang seni pertunjukan Jawa
 Peserta didik menganalisis pilihan kata dalam teks eksposisi tentang seni pertunjukan
Jawa
 Peserta didik mendiskusikan penggunaan kawruh kagunan basa: purwakanthi, parikan,
wangsalan, atau basa rinengga
B. URAIAN MATERI
Lampiran 1
Drama Tradisional
Tembung drama tradisional iku asale saka tembung drama lan tradisional. Tembung
drama iku minangka bedhahan (istilah) kanggo ngarani crita kang diwedhar kanthi
lantaran omong-omongan utawa pacelathon/crita ing drama bisa dinikmati kanthi cara
maca naskah (teks) lan bisa uga digelar ing panggung minangka totonan. Dene tembung
tradisional iku tegese apa-apa kang asale saka run-tumurun. Dadi yen kaya mengkono,
sing diarani drama tradisional yaiku kagunan (kesenian) drama kang diturunake dening
para leluhur dhek jaman biyen marang para wong wong ing jaman saiki.
Tembung tradisional kang nempel ing drama mau uga nudhuhake anane sambung
rapete karo wektu-wektu sing wis kapungkur. Sawijining wektu kang wis mlumpat saka
sak turunan (satu generasi), mula saka iku kedadeyan lan lelakone manungsa kang
dicritakake ing drama tradisional iku wis kedaden ing atusan taun kapungkur. Mula saka
iku sing dadi tuk utawa sumber cerita ing drama tradisional bisa arupa crita babad
jaman kerajaan, utawa crita-crita biyen kang minangka hasil kasusastran jaman biyen.
Dene tontonan kang kalebu golongane drama tradisional yaiku kethoprak, wayang wong
lan ludruk.

Adhedasar andharan-andharan mau mula banjur kena dijupuk dudutan (kesimpulan)


ngenani tontonan tradisional, yaiku :
a. Tontonan tradisional iku asli kagunan (seni) kang diwarisake run-temurun saka para
leluhur marang wong-wong ing jaman saiki.
b. Sumber utawa tuke crita iku asale saka crita babad, crita kerajaan, utawa crita-crita
saka asil kasusastran dhek jaman kerajaan, umpamane serat Panji, serat Menak lan
liya - liyane. Dene yen wayang wong babon critane bisa saka Serat Ramayana lan
Serat Bharatayuda.
c. Sandhang penganggone para paraga tontonan drama tradisional uga ngemba (niru)
sandhang pangangone wong-wong jawa dhek jaman biyen, cundhuk karo lelakon
kang digelar.
d. Tontonan drama tradisional nggunakake gamelan Jawa kanggo ngrenggani
pagelarane.

Lampiran 2
1. Purwakanthi
Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing
ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing
saburine.
Tuladha :
Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.
Ana dina ana upa, ana awan ana pangan
Ing ukara kasebut ana swara kang runtut saengga kepenak dirungokake yaiku swara
“ur”. Ana ing ukara kapindho ana swara kang runtut yaiku swara “a” lan swara “ an”.
Purwakanthi ana werna telu yaiku :
a. Purwakanthi guru swara: yaiku purwakanthi kang runtut swarane.
Tuladha:
Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati
Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon
Yen gelem obah bakal mamah
b. Purwakanthi guru sastra : yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane.
Tuladha:
Para mudha kudu nduweni watak tata titi tatag tutug lan tanggon.
Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebed.
Sluman slumun slamet.
c. Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani purwakanthi guru basa : yaiku
purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake.
Tembung guru ing kene tegese paugeran utawa pathokan. Purwakanthi guru swara
ateges purwakanthi kang nganggo pathokan swara.
Tuladha :
Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Nora gampang wong urip neng alam donya.
Witing klapa, klapa mudha saupama. Salugune mung mardi reh raharja.
Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada.

2. Parikan
Parikan yaiku tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa
paugeran ajeg. Tembunge liya parikan iku rerangkening tembung kang awewaton
gunggunging wanda, runtuting swara (vokal), lan nganggo pathokan pambuka sarta
tundhone isi dadi bakuning karep (maksud). Ing piwulang basa Indonesia parikan iku
diarani pantun.Ciri-cirine :
a. Cacahe wanda ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.
b. Ukara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi (wose).
c. Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.
d. Parikan bisa kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bisa patang gatra.
e. Bisa kedadeyan saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kedadeyan saka wolung
wanda saben Sagatra.
Tuladhane :
1. Parikan kedadeyan saka rong gatra.
Wajik klethik, gula jawa.
Kalah dhisik, ora papa.
Kutha Kendhal, kali wungu.
Ajar kenal, karo aku
Ngasah arit, nganti landhep.
Dadi murid, kudu sregep.

2. Parikan kang kedadeyan saka patang gatra.


Bibi Surip tuku klobot,
Pethuk encik tawa roti.
Uwong urip pancen abot,
Mula becik ngati-ati.

Jangan kacang jangan kara,


Kaduk uyah kurang gula.
Piwelingku mring pra mudha,
Aja wedi ing rekasa.
3. Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging
batangane (wangsulane) wis dikandhakake. Mung anggone ngandhakake ora kanthi melok,
jelas utawa cetha, nanging sarana disebutake sawanda utawa luwih.Wangsalan ana kang
gampang ditegesi, nanging uga ana kang kudu njlimet anggone nggoleki karep kang
saknyatane.
Tuladhane :
(1). Jenang gula, kowe aja lali
(2). Njanur gunung, kadingaren kok wis rawuh
(3). Jangan gori, nganti judheg anggonku ngrasakake
Pratelan ing ndhuwur bisa diarani wangsalan, amarga nitik saka ukarane wis ana wangsulan
tumrap cangkriman kang dikarepake, yaiku (1) jenang gula iku arane glali, mula bisa dadi
tembung lali, (2) janur gunung iku arane aren, mula bisa dadi tembung kadingaren, (3)
jangan gori iku arane gudheg mula bisa dadi tembung judheg.
4. Basa rinengga
Basa rinengga yaiku basa kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah.
Endahing karangan kasawung sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake, sarta basa
kang edi peni. Edi penining basa warna-warna, lan katon manawa diucapake. Racikaning
basa kang edi peni karana rinengga-rengga lan warna-warna rerengganing basa. Kajaba
marga endahing basa, karangan katon endah marga becik pangrakite, laras pangrumpakane.
Iku katon ing prakara runtut lan mathis panataning tembung lan ukarane. Endahing
karangan marga cocog pamilihing tembung.
Upamane, bab anggone migunakake tembung camboran, dasanamaning tembung.
Luwih-luwih bab pamilihing tembung lan kridhaning swara ing sajroning ukara. Kadhang
kala endahing karangan utawa rumpakan karana mathis pamilihing busananing basa.
Upamane, bab pangraciking swara lan pangrakiting tembung. Ing istilah Jawa ana kang
ingaran purwakanthi.

C. TUGAS
I. Ing ngsior iki ana wangsulan sing bener, pilihen!
1. Sanajan jaman wis ora karu-karuwan kaya mangkene iki aja nganti katut marang
pambujuk kang bakal nyilakani. Amarga yen wis ana ing madyaning cecongkrahan
wong eling kang bakal bisa ngendhaleni dhiri. Pratelan kasebut padha karo ….
a. Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati
b. Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon
c. Yen gelem obah bakal mamah
d. Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada.
e. Sluman slumun slamet.
2. Saiki ing ngendi papan iku bakuni ora kena bebendu lan pepalang, Mula tansah eling
mring Gusti. Saben aku arep lunga menyang ngendi-endi supaya ora ana alangan apa-
apa aku ngucap ….
a. Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati
b. Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon
c. Yen gelem obah bakal mamah
d. Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada.
e. Sluman slumun slamet.
3. Tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg, diarani
……
a. Paribasan d. parikan
b. Unen-unen e. wangsalan
c. Cangkriman
4. Ing ngisor iki titikane parikan, kajaba……
a. cacahe wanda ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.
b. ukara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi
(wose).
c. cacahe larik bebas.
d. parikan bisa kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bisa patang gatra.
e. bisa kedadeyan saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kedadeyan saka
wolung wanda saben sagatra
5. Parikan iki tutugna! Nyangking ember kiwa tengen, ……
a. dadi murid kudu pinter
b. lungguh jejer nggo tamba kangen
c. luwih becik sing prasaja
d. wong urip aja neka-neka
e. mumpung enom sregep makarya
II. Esay

1. Jlentrehna apa kang diarani wacana eksposisi iku!


2. Gaweya saparagraf eksposisi babagan seni pertunjukan tradisional!
3. Gawea parikan nganggo bahasamu dewe (3)!

Tempat mengumpulkan tugas


1 Guru bahasa Jawa (Yuli Cahyono, S.Pd.).
2 Pengumpulkan paling lambat tanggal 23 April 2021.
3 Pengumpulan kirim lewat e-mail : yuli.retak@gmail.com
4 Jika masih kurang mengerti silahkan Sharing lewat Whatshap 081553020666

Surabaya, 2 Januari 2021


Guru Mapel

Yuli Cahyono, S.Pd.

Anda mungkin juga menyukai