Anda di halaman 1dari 2

Labibah Salwa K.

(17/XI MIPA 4)

PRANATACARA PENGAJIAN KELAS

Assalamu’alaikum Wr. Wb

Ingkang kinurmatan Bapak saha Ibu ingkang kagungan dalem


Ingkang kula hormati Bapak Ibu Guru SMA Negeri 1 Godean
Ingkang kula hormati ugi Ustadzah Dian ingkang dados Pamedhar Sabda
Saha kanca-kanca ingkang kula tresnani

Ingkang langkung rumiyin, sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti
Allah ingkang Maha Kuwaos, amargi sampun diparingi karaharjan, kabagaswarasan,
satemah kita saged pepanggihan wonten ing papan menika kanthi lancar kalis nir ing
sambikala.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita panjenengan
Nabi Muhammad SAW, mugi-mugi benjang ing yaumul akhir kula lan panjenengan
tansah pikantuk syafaatipun. Aamiin

Kula ingkang minangka pranatacara, keparenga kula badhe ngaturaken urut


reroncening adicara wonten ing sonten menika.
1. (Adicara angka sepisan) Pambuka
2. (Angka kalih) Atur Pambagya Harja
3. (Adicara angka tiga) Atur pangandikan saking wakil SMA Negeri 1 Godean
4. (Ingkang angka sekawan) Pangaosan ingkang badhe kaparingaken saking Ustadzah
Dian
5. (Adicara ingkang pungkasan) Panutup

Para rawuh, mekaten urut reroncening adicara Pengajian Kelas wonten ing sonten
menika. Kangge miwiti adicara punika, sumangga kita maos Basmalah sareng-sareng.

-------------------------------------------------

Cekap, matur nuwun. Adicara ingkang angka kalih inggih menika atur pambagya harja.
Dhumateng Ibu Alamanda kula sumanggakaken.

-------------------------------------------------

Mekaten atur pambagya harja sampun kaaturaken. Adicara ingkang angka tiga, atur
pangandikan saking wakil SMA Negeri 1 Godean. Dhumateng Ibu Guru, wekdal
kasumanggakaken.

------------------------------------------------

Mekaten atur pangandikan saking Ibu Guru. Acara salajengipun, acara ingkang kita
tengga-tengga. Kula sumanggakaken dhateng Ustadzah Dian, ingkang badhe
ngaturaken pangaosan.
------------------------------------------------

Kula aturaken matur nuwun dhumateng Ustadzah ____, ingkang sampun maringi
pangertosan ilmu. Ndungkap adicara ingkang pungkasan, inggih menika panutup.
Sumangga kita pungkasi acara wonten ing sonten menika, kanthi maos Hamdalah
sareng-sareng.

-------------------------------------------------

Mugi-mugi, saking acara Pengajian menika kita saged mendhet manfaatipun lan saged
nambah iman kita dhumateng Gusti Allah. Aamiin.

Kula ingkang pinangka dados pranatacara, ngaturaken lumunturing samudra


pangaksami, mbok bilih anggen kula ngaturaken adicara wonten ing wekdal menika
wonten klenta-klentunipun. Sepindhah malih, kula nyuwun pangapunten. Matur
nuwun

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai