Anda di halaman 1dari 2

Labibah Salwa Kaltsum (XI MIPA 4/17)

Susunan Acara Pengajian Akbar Dalam Rangkan Menyembut Bulan Suci


Romadhan

Assalaamu’alaikum Wr.Wb

Ingkang kinabekten panjenegan ipun ustadz Heri Susanto.


Ingkang kinabekten panjenegan ipun Kepala Desa Tiwir Bapak Sukadi
Ingkang kinabekten Takmir Masjid Al-Muttaqin Tiwir.

Ingkang kula hormati Ketua Remaja Masjid Saudara Rizki Anas, soho poro bapak ibu
Hadhirin Rokhimakumulloh.

Langkung rumiyin monggo kito panjataken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah
SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten kenikmatan, sehinggo wonten ing dalu
puniko kito saget makempal wonten ing Masjid Al-Muttaqien mriki kangge mengeti
pengaosan, kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal punopo.

Sholawat soho salam mugi-migi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW, engkang
mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken
sak meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah
Aamiin.

Wonten mriki kuwulo kajibah minongko pranoto hadicoro, badhe maosaken susunan
acoro wonten dalu puniko:

Adicoro kaping setunggal inggih meniko : Pambuko


Adicoro kaping kalih inggih meniko : Wosan ayat-ayat suci Alqur’an
Adicoro kaping tigo inggih meniko : Sambutan-sambutan
Adicoro kaping sekawan inggih meniko : Tausyiah dilajeng Do’a
Adicoro kaping gangsal inggih meniko : Penutup

Acoro kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing dalu puniko
kito bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.

Adicoro kaping kaleh enggeh puniko wosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bande
dipun waos dining adek Nita kalian Adek Nita, wedal soho panggenan kulo
sumanggaaken.

Adicoro engkang kaping tigo enggeh puniko sambutan-sambutan:


 Sambutan ingkang kaping setunggal saking ketua Remaja Masjid, dumateng
panjenenganipun saudara Rizki Anas wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
 Sambutan ingkang kaping kalih saking Kepala Desa Tiwir, dumateng
panjenenganipun Bapak Sukadi wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Adicoro kaping sekawan enggeh puniko tausyiah dipun lajengaken do’a, dumateng
panjenenganipun Ustadz Heri Susanto, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Adicoro kaping pungkasan inggih puniko penutup, monggo acoro pengaosan wonten
ing dalu puniko kito tutup kanthi waosan hamdallah.

Mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng
penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb

Anda mungkin juga menyukai