Anda di halaman 1dari 3

Cerkak

10 February 2022

Pangerten Cerkak
Cerita cekak (cerkak) yaiku sawijining karangan kang nyeritakake bab-bab kang ana
gegayutane karo lelakone manungso. Crita ing cerkak dumadi andhedhasar saka urutan
sawijining kedadean utawa prastawa. 

Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyaritakake panguripan sabendina,


kawangun kanthi basa padinan. Ewadene kanggo nambah kaendahane cerkak, pangripta
migunakake basa kang mirunggan. Tegese kanggo nguripake crita uga mentingake
lelewaning basa (majas). 

Ciri - ciri Cerkak


1. Critane ringkes.
2. Ana gegayutane karo lelakone manungsa.
3. Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah (bertengkar; berkelahi; berselisih), lan
ngrampungake perkara.
4. Cacahe tembung kurang saka sewu tembung.

Unsur Intrinsik Cerkak

Cerkak nduweni unsur sing mbangun crita saka njero crito kasebut. Unsur kasebu diarani
unsur intrinsik. 

1. Tema

Tema yaiku pokok jroning crita utawa masalah sing utama kang dadi
lelandhesan/undhering crita(gagasane crita).

2. Setting/Latar

Setting ngemot wektu, papan/panggonan, lan swasana jroning crita.

3. Punjering Crita (Sudhut Pandang)

Sudut pandang utawa punjering crita yaiku penulis anggone ngetrapake awake naliko
nyeritakake. 
Punjering crita kaperang dadi telu yaiku:

1) Panganggit nggunakake sudut pandang paraga utama lan tembung sesulih wong


kapisan, nyritakake apa kang dilakoni penulise.
2) Panganggite nggunakake sudut pandang liyane, dheweke luwih akeh
ngamati saka njabaning crita tinimbang sajroning crita. Panganggite biyasane
nggunakake tembung sesulih wong katelu.
3) Panganggite nggunakake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane
dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngreti.
Pangangite nyawang paraga nganti sajroning pikiran lan atine. Mula panganggit
ing kene bisa nyritakake rahasia batine paraga.

4. Alur/Plot

Alur utawa plot yaiku lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkasan. Alur kadhapuk
kanthi urutan kedadean. Alur kaperang dadi telu yaiku:

1) Alur Maju yaiku prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi


tumuju ing alur crita. Alur maju runtut saka wiwitan nganti pungkassan.
2) Alur Mundur yaiku olehe nyritakake biyasane dijujug saka pungkasan, nalikane
wis arep rampung, bajur mbaleni crita. 
3) Alur Campuran yaiku gabungan antarane alur maju karo alur mundur.

5. Paraga lan wewatakan

Para yaiku pawongan utawa tokoh sing ana sajrone crita. Dene watak yaiku sifat lan
karakter saben paraga sing ana sajrone crita.

Adhedhasar watake, paraga diperang dadi 3, yaikku:

1) Paraga Protagonis: Paraga sing tumindake becik 


2) Paraga Antagonis: Paraga sing tumindake ala/elek
3) Paraga Tritagonis: Paraga sing nengahi antarane paraga protagonis lan antagonis

6. Amanat

Pesen kang disampekake penulis kanggo wong kang maca crita supoyo bisa dadi
patuladhan kanggo urip. Amanat uga diarani pesen moral.

Unsur Ekstrinsik Cerkak


Unsur Ekstrinsik yaiku unsur pamangune cerkak kang ana ing sajabane cerkak, ora
nduweni gegayutan langsung marang pamangune cerkak.

Unsur ekstrinsik ana telu, yaiku:

1) Nilai sajrone crita (agama, budaya, politik, ekonomi)

2) Pangalaman uripe pengarang


3) Kahanan sosial nalika cerkak ditulis

Struktur Teks Cerkak


Adhedhasar urut-urutane crita, struktur teks cerkak kaperang dadi papat:

1) Orientasi/ pambuka, arupa perangan pambukane crita

2) Komplikasi/ konflik/ pasulayan, arupa perangan teks kang isine bab


ngrembakane prakara

3) Resolusi/ pangudhare kabeh prakara kang dumadi. Perangan iki


arupa pungkasane  pasulayan  utawa  dredah  jrone  crita

4) Coda/panutup arupa panintinge dudutan dening para pamaca

Anda mungkin juga menyukai