Anda di halaman 1dari 2

CERITA CEKAK (CERKAK)

Cerita cekak (cerkak), yaiku cerita gancaran gagrag anyar kang nyritakake perangan lelakon
kang dialami sawijine paraga kang dawane kurang luwih antara 1 nganti 5 kaca. Isine nyritakake
ngenani gegambaraning urip ing bebrayan/masyarakat lan ngandhut pitutur, piweling, lan
pasemon (kritik) tumrap pamaos.

Titikane Crita Cekak, yaiku:


1. Wujude gancaran (prosa).
2. Isine bab lelakon utawa kedadeyan ing masyarakat.
3. Ana paraga utama lan paraga panyengkuyung.
4. Ngandhut piweling, pitutur, pasemon, lan sapanunggalane.
5. Dawane crita ing antarane 1-5 kaca kertas folio.

Unsur Intrinsik Cerita Cekak (Cerkak)


Unsur-unsur intrinsik yaiku unsur-unsur sing mangun karya sastra saka jero. Unsur-unsur
intrinsik karya sastra yaiku:
1. Tema, yaiku ide sawijining crita kang bisa makili isining crita (punjering lelakon sajrone
crita)
2. Alur (plot), yaiku urutaning prastawa kang kedadeyan ing sajrone crita. Jinise alur ana telu,
yaiku: alur maju, alur mundur, lan alur maju mundur (flashback).
3. Paraga (Tokoh), yaiku kalungguhane paraga sajrone crita.
Jinis-jinise paraga:
- Paraga utama (dadi punjering crita),
- Paraga sampingan (dadi panyengkuyung crita),
- Paraga protagonis (paraga kang sipate apik),
- Paraga antagonis (paraga kang sipate jahat/ala).
4. Watak-wantune para paraga (penokohan), yaiku karakter utawa watak wantune kang
diduweni dening saben-saben paraga. Cara kanggo nemtokake watak-wantune paraga
bisa dideleng saka:
- Apa sing ditindakake paraga,
- Pocapan-pocapane paraga,
- Gegambaran (penggambaran) fisik paraga dening pangripta,
- Katrangan langsung saka paraga liya.
5. Busananing basa (gaya bahasa), yaiku cara sawijining pangripta anggone milih tema,
prekara, nintingi prekara kang dicritakake sajroning crita.
6. Pamawase pangripta (sudut pandang pengarang), yaiku sudut pandang kang dijupuk
saka pangripta kanggo ndeleng sawijining kedadeyan sajroning crita.
7. Latar (setting), yaiku katrangan kang nuduhake panggonan, wayah, lan swasana sajroning
crita.
8. Amanat, yaiku gagasan utawa pesen kang pengin disampekake dening pangripta/pengarang.

Unsur Ekstrinsik Cerita Cekak (Cerkak)


Unsur ekstrinsik, yaiku unsur kang mangun karya sastra saka njaba kayata:
1. Latar belakang kasrya sastra diciptakake, yaiku kapan karya sastra kasebit ditulis.
2. Kahanan bebrayan/masyarakat nalika karya sastra kasebut diciptakake, yaiku kahanan
bebrayan/masyarakat saka ekonomi, sosial, budaya, politik, nalika karya sastra kasebut
diciptakake.
3. Latar belakang utawa kahanan pangripta.
Analisis Unsur Kebahasaan
Ukara Kandha lan Ukara Crita
1. Ukara kandha (Kalimat Langsung)
Tuladha:
“Kirang penere manggen ing pundi. Pak?” pitakone pak Subali sumelang marang Pak
Muslih.
2. Ukara Crita (Kalimat Tidak Langsung)
Tuladha:
Pak Subali nakoni Pak Muslih ngenani panggonan kurang penere.
Teknik Nulis Cerita Cekak (Cerkak)
1. Milih Tema
Tema utawa topik apa wae ing masyarakat bisa didadekake bahan kanggo nulis cerkak.
2. Nemtokake paraga lan watak paraga
Paraga sajroning cerkak minangka piranti kanggo nyritakake sawijining prekara.
3. Nemtokake alur crita
Alur crita cacahe ana telu: alur maju, alur mundur, lan alur maju mundur.
4. Nemtokake latar crita
Nemtokake latar crita bisa nggunakake latar panggonan, latar wektu, lan latar prastawa.
5. Nemtokake pamawas (sudut pandang pengarang)
Pamawas bisa nggunakake pamawas langsung lan ora langsung.
6. Pilihan tembung
Pilihane tembung bisa diselarasake karo tema lan kanggo sapa cerkak kasebut ditujokake.
Nulis cerkak, uga bisa kanthi cara njarwakake cerkak kang bisa mawa basa Indonesia utawa basa
liyane, lan bisa uga nyadhur saka jinis sastra liyane, umpamane crita film, drama, lsp.

Teknik Nganalisis Struktur Teks Cerkak


Adhedhasar urut-urutane crita, struktur teks cerkak kaperang dadi:
1) Orientasi/ pambuka, arupa perangan pambukane crita;
2) Komplikasi/ konflik/pasulayan, arupa perangan teks kang isine bab ngrembakane prakara;
3) Resolusi/ pangudhare kabeh prakara kang dumadi. Perangan iki arupa pungkasane
pasulayan utawa dredah jrone crita, sarta
4) Coda/panutup arupa panintinge dudutan dening para pamaca.
Maca Cerkak
Maca cerkak kajaba bisa katindakake kanthi klompok, uga bisa katindakake
kanthi mandhiri. Kepriye carane?
Tindakna pakaryan iki:
1. Cerkak kang wis dipilih, diwaca batin dhewe-dhewe.
2. Dititi paragane ana pira, ditambah siji minangka narator, banjur didum.
3. Ajar maca cundhuk karo bageane dhewe-dhewe.
4. Yen pamacane wis cocog karo karaktere paraga bisa dipraktekake.
5. Praktekmu maca cerkak rekamen!
6. Kanggo meruhi asile, rekaman bisa disetel ing kelas, kanca liyane sing ngomentari.

Anda mungkin juga menyukai