Anda di halaman 1dari 9

SOAL LATIHAN

“DRAMA”
A. Pilihen salah siji jawaban sing bener!
1. Tetembungan "cakra manggilingan" iku duweni teges …
a. manungsa kuwi uripe yen wis ditakdirake kepenak ora gelem ngrasakake
sengsara.
b. wong urip kuwi sok-sok ngalami jaya, ananging kadhangkala ya ngalami urip
rekasa.
c. manungsa kuwi yen wis ditekdirake sengsara selawase ora tau ngrasakake mulya.
d. manungsa urip kuwi ora ana sing gelem ditakdirake sengsara, njaluke mulya terus.
e. wong urip kuwi sejatine ora ana sing tau ngalami rekasa apadene ngrasakake
mulya.

2. Unsur-unsur kang ana ing sajrone teks drama yaiku…


a. tema, plot, paraga, dialog, monolog, epilog, lan piwulang
b. prolog, dhialoh, orientasi, komplikasi, resulusi, lan koda
c. abstraksi, orientasi, komplikasi, klimak, resulusi, lan koda
d. tema, alur, lelewane basa, komplikasi, resolusi, lan koda
e. tema, plot, paraga, pirembugan, setting, lan piwulang.

3. Perangane crita kang nerangake papan panggonan kanggo main drama, wektu
dumadine kedadeyan, lan kahanan (situwasi) kang dicritakake jroning pagelaran drama
diarani …
a. Tema
b. Plot
c. Alur
d. Seting
e. Dhialog

4. Underaning perkara kang dadi wosing rembug utawa sing dadi bakune crita jroning
drama diarani …
a. Tema
b. Seting
c. Plot
d. Dhialog
e. alur

5. Sing diarani eksposisi jroning alur crita drama yaiku...


a. lumakune crita kang diwiwiti saka pengenalan para paraga, pengenalan seting
(nuduhake panggonan, nuduhake wektu, lan kepriye swasanane) crita drama.
b. perangane crita sing nuduhake wiwit anane dredah utawa masalah (konflik) ing
antarane paraga utama karo paraga liyane (lumrahe karo paraga antagonis).
c. perangane crita sing nuduhake dumadi anane konflik jroning adegan-adegan
drama lan kena diarani tekan ing pucuking masalah kang njalari penonton padha
gregeten.
d. perangane crita adegan drama ngenani klimak ing saben adegan nyawiji lan wiwit
nemokake dalan kanggo ngudhari reruwet utawa masalah sing diadhepi paraga.
e. perangane adegan drama kang pungkasan sing nyritakake adegan kanggo
ngrampungake konflik utawa masalah sing diadhepi dening paraga utama.

6. Sing diarani komplikasi jroning alur crita drama yaiku ….


a. lumakune crita kang diwiwiti saka pengenalan para paraga, pengenalan seting
(nuduhake panggonan, nuduhake wektu, lan kepriye swasanane) crita drama.
b. perangane critasing nuduhake wiwit anane dredah utawa masalah (konflik) ing
antarane paraga utama karo paraga liyane (lumrahe karo paraga antagonis).
c. perangane crita sing nuduhake dumadi anane konflik jroning adegan-adegan
drama lan kena diarani tekan ing pucuking masalah kang njalari penonton padha
gregeten.
d. perangane crita adegan drama ngenani klimak ing saben adegan nyawiji lan wiwit
nemokake dalan kanggo ngudhari reruwet utawa masalah sing diadhepi paraga.
e. perangane adegan drama kang pungkasan sing nyritakake adegan kanggo
ngrampungake konflik utawa masalah sing diadhepi dening paraga utama.

7. Sing diarani klimaks jroning alur crita drama yaiku…


a. lumakune crita kang diwiwiti saka pengenalan para paraga, pengenalan seting
(nuduhake panggonan, nuduhake wektu, lan kepriye swasanane) crita drama.
b. perangane crita sing nuduhake wiwit anane dredah utawa masalah (konflik) ing
antarane paraga utama karo paraga liyane (lumrahe karo paraga antagonis)
c. perangane crita sing nuduhake dumadi anane konflik jroning adegan-adegan
drama lan kena diarani tekan ing pucuking masalah kang njalari penonton padha
gregeten.
d. perangane crita adegan drama ngenani klimak ing saben adegan nyawiji lan wiwit
nemokake dalan kanggo ngudhari reruwet utawa masalah sing diadhepi paraga.
e. perangane adegan drama kang pungkasan sing nyritakake adegan kanggo
ngrampungake konflik utawa masalah sing diadhepi dening paraga utama.

8. Sing diarani resolusi jroning alur crita drama yaiku…


a. lumakune crita kang diwiwiti saka pengenalan para paraga, pengenalan seting
(nuduhake panggonan, nuduhake wektu, lan kepriye swasanane) crita drama
b. perangane crita sing nuduhake wiwit anane dredah utawa masalah (konflik) ing
antarane paraga utama karo paraga liyane (lumrahe karo paraga antagonis)
c. perangane crita sing nuduhake dumadi anane konflik jroning adegan-adegan
drama lan kena diarani tekan ing pucuking masalah kang njalari penonton padha
gregeten.
d. perangane crita adegan drama ngenani klimak ing saben adegan nyawiji lan wiwit
nemokake dalan kanggo ngudhari reruwet utawa masalah sing diadhepi paraga.
e. perangane adegan drama kang pungkasan sing nyritakake adegan kanggo
ngrampungake konflik utawa masalah sing diadhepi dening paraga utama.
9. Struktur teks drama sing mujudake perangan wiwitane teks drama kang mujudake
katerangan gegambarane drama kanthi umum kanggo nepungake paraga, nerangake
papan panggonan lan wektu jroning drama diarani....
a. Prolog
b. Epilog
c. Dialog
d. Monolog
e. analog

10. Struktur teks drama sing mujudake perangan pungkasan jroning teks drama kang dadi
panutup kang awujud dudutan (kesimpulan) lan piweling (pesen moral) kang bisa
dijupuk saka sawijine teks drama diarani …
a. Prolog
b. Epilog
c. Dialog
d. Monolog
e. Analog

11. Salah siji ciri khase naskah utawa teks drama yaiku awujud.....
a. Crita
b. Gancaran
c. Narasi
d. Pirembugan
e. Paragraph

12. Amarga antawacana utawa dhialog jroning teks drama iku mujudake teks tulis kang
arep diucapake kanthi lisan, mula....
a. basa sing digunakake kudu basa baku
b. basane kecampuran tembung ora baku
c. basane trep karo unggah-ungguh basa
d. biasane ukara-ukarane dawa lan jangkep
e. basane standar kaya basa Jogja-Solo

13. Salah siji ciri-cirine basa lisan yaiku…


a. paramasatrane kudu jangkep
b. ditemtokake anane struktur basa
c. ora dibatesi panggonan lan wektu
d. diemtokake cendhek dhuwure swara
e. mung bisa digunakake kanggo drama

14. Salah siji kaluwihane basa lisan yaiku.....


a. Kadhangkala ukara-ukarane dibolan- baleni.
b. Basa sing digunakake ora manut paugeran baku.
c. Luwih cepet dingerteni wong sing diajak ngomong.
d. Basa lan ukarane luwih endah tinimbang basa tulis.
e. Ukarane ora jangkep, sok-sok nggunakake basa dhialek.
15. Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane basa lisan yaiku.....
a. Kowe kuwi mbok ya ora usah kakehan ngomong, ta!
b. Aku rumangsa kuwatir marang nasibe anakmu.
c. Aku sik panggah rung isa paham karo omonganmu.
d. Muga-muga apa sing kok pengini bisa kasembadan.
e. Bapak ora bisa sare merga krungu swara kang rame.

16. Maneka warna jinis asil cipta sastra (utamane gancaran), bisa diowahi (dikonversi/alih
wahana) dadi teks drama apadene sandhiwara. Carane, yaiku …
a. ngowahi gancaran dadi prosa
b. ngowahi guneman dadi dhialog
c. ngowahi guneman dadi antawacana
d. ngowahi janturan dadi antawacana
e. ngowahi antawacana dadi janturan

17. Jroning sandhiwara radhio amarga mung disemak kanthi cara dirungokake wae, mula
pamaraga/pemain Sandhiwara radio kudu temen-temen nduweni swara kang bisa.....
a. kaprungu endhek-dhuwur dening panyemak.
b. nggambarake figur/karakter tokoh kang diparagani.
c. kaprungu kanthi cetha/jelas dening panyemak.
d. diatur intensitas, intonasi, lan artikulasine,
e. kepenak dirungokake kaya swarane waranggana.

18. Sing diarani ngonversi teks narasi dadi teks drama yaiku …
a. ngowahi dhialog lan seting jroning crita gancaran dadi dhialog lan seting jroning
drama.
b. nerjemahake basa-basa sing ana jroning crita narasi didadekake basa jroning crita
drama.
c. ngowahi tetembungan sing ana jroning crita narasi dadi tetembungan jroning teks
drama.
d. ngowahi basa-basa sing digunakake jroning crita narasi dadi basa-basa jroning
teks drama.
e. nggabungake unsur-unsur jroning crita narasi karo unsur-unsur sing ana jroning
teks drama.
19. Jroning nulis teks drama sing dhisik dhewe kudu nemtokake tema drama sing arep
ditulis jalaran....
a. tema mujudake perangan sing paling narik kawigaten.
b. kanggo nggampangake olehe nemtokake para paråga.
c. pesen morale crita ditemtokake saka pamilihing tema.
d. tema mujudake idhe dhasar saka sakabehane naskah.
e. tema mujudake pituduh ngenani rerangkening crita.

20. Ing Ngisor iki mujudake bab-bab sing kudu digatekake nalika maragake naskah drama,
KEJABA.....
a. maca naskah drama kanthi setiti, supaya bisa ngerteni isi lan alure crita.
b. mahami wewatakane saben-saben paraga sing arep diparagakake.
c. milih utawa nemtokake sapa sing bisa lan gelem dadi sutradharane.
d. nemtokake lan milih penonton sing jumbuh karo drama sing diparagakake.
e. nemtokake paraga sing arep maragakake drama jumbuh karo wewatakane.
Soal-soal ing ngisor iki garapen manut prentahel

21. Sebutna lan jelasna apa wae unsur-unsur kang ana jroning teks utawa naskah drama!

22. Sebutna apa wae kekurangan lan kaluwihane basa lisan!

23. Jelasna kepriye tata carane ngonversi teks crita cekak dadi naskah drama!

24. Jelasna kepriye tata urutane nalika nulis naskah drama!

25. Jelasna bab-bab apa wae sing kudu ditindakake nalika maragakake naskah drama!
SOAL LATIHAN
“KRIDHANING BUDAYA”

A. Pilihen salah siji jawaban sing bener!

1. Sing dikarepake kridhaning budaya yaiku …


a. sakabehing kegiyatan sing tujuwane kanggo ngganteni budaya Jawa supaya
jumbuh karo budaya manca.
b. sawernaning kegiyatan budaya sing tujuwane kanggo nyaring budaya manca aja
nganti kalah karo budaya.
c. sakabehane kegiyatan budaya sing tujuwane kanggo nglestarekake budaya sing
asale saka manca negara.
d. sawernaning kegiyatan sing tujuwane kanggo njumbuhake budaya Jawa karo
budaya saka manca negara.
e. sawernaning kegiyatan sing tujuwane kanggo nguri-uri, nglestarekake lan
ngrembakakake wujuding budaya.

2. Sing diarani pagelaran seni tradhisonal yaiku …


a. sawijine pagelaran seni kang thukul lan ngrembaka ing sawijine dhaerah kang isih
disenengi lan diopeni dening masyarakate.
b. sawijine pagelaran seni isih ngugemi pakem tradhisional lan pakem sing wis ana
kasebut aja nganti ana sing diowahi utawa diganti.
c. sawijine pagelaran seni sing mung oleh ditindakake dening para pelaku seni ing
sawijine dhaerah saka ngendi kesenian kuwi thukule.
d. sawijine pagelaran seni sing sakabehane ubarampe (alate) nggunakake ubarampe
tradhisional ora oleh dicampur ubarampe modhern.
e. sawijine pagelaran seni sing mung dikhususake kanggo upacara-upacara adat sing
tujuwane kanggo ngleluri tradhisi sing isih lumaku

3. Jinise seni drama tradhisional (sandhiwara) sing tuwuh ngrembaka ing Jawa Tengah,
DI Yogyakarta, lan Jawa Timur kang sumber critane dijupukake saka crita babad,
sejarah, dongeng, lan crita rakyat diarani.....
a. Ludruk
b. Janger
c. Kethoprak
d. wayang kulit
e. tari remong

4. Jinise seni drama tradhisional khas rakyat Jawa Timur, nanging uga berkembang
nganti tumekane dhaerah liya kang sumber critane saka panguripan saben dina, bisa
uga dijupukake saka crita novel, roman, lan sapanunggalane diarani.....
a. Ludruk
b. Janger
c. Kethoprak
d. wayang kulit
e. tari remong

5. Jinise pagelaran seni tradhisional asale saka Jawa Timur, Jawa Tengah, lan D.I.
Yogyakarta kang ditindakake dening dhalang kanthi nglakokake boneka kang digawe
saka kulite sapi utawa kebo diarani ....
a. Ludruk
b. Janger
c. Kethoprak
d. wayang kulit
e. wayang wong

6. Ing ngisor iki mujudake kesenian tradhisional sing ana mung ing dhaerah-dhaerah
tartamtu, KEJABA…
a. reyog bulkiya blitar
b. tari seblang hanyuwangi
c. seni tayub
d. jaran bodhag probelinsero
e. topeng dhongkrek

7. Jroning pagelaran wayang kulit sing diarani adegan kedhatonan iku mujudake....
a. adegan kapisan kanggo miwiti lakune crita wayang.
b. adegan ing papan pasemeden (sanggar pamujan).
c. adegan pasebane patih karo para andhahane.
d. adegan perange para prajurit saka paraga becik.
e. adegan metune para punakawan lan satriya.

8. Jroning pagelaran wayang kulit adegan perange satriya karo bala raseksa (buta) kang
nggambarake lelakone satriya kang dikanthi dening para abdine ketemu karo buta
banjur perang diarani adegan…
a. perang kembang
b. perang gagal
c. perang brubuh
d. perang sampyuh
e. perang baratayudha

9. Jroning pagelaran kethoprak adegan sing mujudake paprangan cilik antarane tokoh
antagonis karo tokoh protagonis sing manggon ing alun-alun, pertapan/kasatriyan,
karang padesan, lan liya-liyane minangka asil saka parepatan ing jejer kedhaton
diarani …
a. perang kembang
b. perang gagal
c. perang brubuh
d. perang sampyuh
e. perang baratayudha
10. Pagelaran seni tradhisonal iku kejaba kanggo aweh tuntunan uga mujudake tontonan,
tegese kejaba kanggo menehi piwulang kudune bisa kena kanggo panglipur tumrap
sapa wae sing lagi nonton, kena kanggo ngilangi rasa kesel lan stres. Andharan ing
ndhuwur nerangake menawa pagelaran seni nduweni fungsi kanggo.....
a. Ritual
b. Panglipur
c. kritik sosial
d. pengobatan
e. pendhidhikan

11. Lumrahe bab-bab pokok utawa baku sing dibutuhake jroning pagelaran seni yaiku....
a. naskah, prabeya, seniman, ubarampen, panggonan, lan penonton
b. materi seni, ngelmu lan kawruh, penonton, lan panitia pagelaran
c. seniman, keprigelan, sutradhara, paniti pagelaran, lan ubarampen
d. materi seni, seniman, ubarampen, penonton, lan panitia pagelaran
e. materi seni, sutradhara, seniman, ubarampen, lan panitia pagelaran

12. Proses ngrancang lan netepake keputusan, ngorganisir, mimpin, lan ngendhaleni
utawa ngatur sakabehing sumber daya manungsa, prabeya, perkakas, lan informasi
kang ana sesambungane karo pagelaran supaya pagelaran sing digelar bisa kalaksanan
kanthi gangsar lan tumata diarani …
a. tatacarane ngembangake seni
b. kebutuhan jroning pagelaran seni
c. tata urutan pagelaran seni
d. guna paedahe pagelaran seni
e. manajemen pagelaran seni

13. Kanggo ngrancang sawijine pagelaran seni, kegiyatan dhisik dhewe sing kudu
ditindakake yaiku ....
a. ngevaluasi Latihan
b. ndhapuk panitia kerja
c. nyepakake ubarampen
d. nganakake gladhe resik
e. nglumpukake para seniman

14. Sing diarani materi seni yaiku…


a. para paraga sing dadi pemain jroning pagelaran seni
b. wujude karya seni sing disuguhake marang penonton
c. paraga sing duwe tanggung jawab jroning pagelaran seni
d. sakabehing ubarampen sing digunakake ing pagelaran seni
e. sakabehane bahan sing dibutuhake kanggo pagelaran seni

15. Jroning pagelaran seni kegiyatan sing mujudake latihan kang pungkasan kanthi para
paraga kaya-kaya wis nganakake pagelaran sing satemene diarani.....
a. gladhi resik
b. ngrancang seni
c. gladhi kotor
d. milih para paraga
e. nganakake gladhen

B. Soal-soal ing ngisor iki garapen manut prentahe!

16. Sebutna jinis-jinise pagelaran seni tradhisinal sing dadi ciri khas ing saben-saben
dhaerah sing ana ing Jawa Timur!

17. Sebutna lan jelasna pakeme (strukture) pagelaran ludruk!

18. Sebutna lan jelasna pakeme (strukture) pagelaran kethoprak!

19. Sebutna lan jelasna pakeme (strukture) pagelaran wayang kulit!

20. Jelasna teknik lan tatacara kanggo nganakake sawijine pagelaran seni!

Anda mungkin juga menyukai