Anda di halaman 1dari 11

BJW - 3.1/4.

1/1/1-1

UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI


(UKBM )
( BJW - 3.1 / 4.1 / 1 / 1-1 )

IDENTITAS
a. Judul : Geguritan
b. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Daerah-Jawa
c. Semester :3
d. Alokasi waktu : 3 x 2 JP ( 6 JP )
e. Kompetensi Dasar :
3. 1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks drama, prosa atau
puisi sesuai kaidah.
Menginterpretasi, menanggapi dan memperagakan teks drama, puisi, dan
prosa sesuai isi dengan bahasa yang komunikatif.

f. Tujuan Pembelajaran :

Melalui UKBM kalian diharapkan jujur, teliti dan disiplin dalam,


mengidentifikasi, memahami, menganalisis, struktur dan isi geguritan
menginterpretasikan dan menanggapi pesan moral/amanat dalam
teks geguritan serta mengekspresikan teks geguritan (puisi) dalam
bentuk paraphrase geguritan, memberi tanda jeda dan membaca
indah geguritan sesuai kaidah, serta dapat mengembangkan
kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi, berkolaborasi,
berkreasi(4C).

1. Peta Konsep

struktur teks geguritan

Mengidentifikasi Isi teks geguritan


teks geguritan
Pesan / amanat teks
geguritan
Teks
Sastra
(geguritan )
Parafrase teks geguritan

menginterprestasi Memberi tanda jeda


teks geguritan teks geguritan

Membaca indah teks


geguritan

1
BJW - 3.1/4.1/1/1-1

2. Proses Belajar

1. Pituduh Umum Pasinaon iki :


1) Sadurunge miwiti pasinaon UKBM awakmu amrih kudu ngaturake dunga supaya
diwenehi mupangat kang maksimal.
2) UKBM iki disinaoni kanggo mangerteni struktur geguritan, isi geguritan,
pesan/amanat sajroning geguritan lan maca endah teks geguritan.
3) Sajrone nyinaoni saben kagiatan pasinaon, awakmu kudu nggarap gladhen-gladhen
sing wis disediakake kanggo ngerteni sapira awakmu wis nguasai materi sing
kinandhut ing njerone kagiyatan kasebut.
4) Nalika awakmu nyinanoni UKBM iki, awakmu bakal dinilai ngenani pamahaman
sajrone ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis geguritan, sing kaperang dadi struktur
geguritan, isi geguritan, pesan/amanat geguritan, nggawe geguritan, lan maca
endah geguritan.

2. Pituduh Khusus Pasinaon iki :


Waca lan pahami materi ngenani geguritan saka buku :
1) Hidayah ,Nurul, dkk. 2015. Sayaga Basa Jawa kanggo SMA/MA Kelas XI. Jakarta :
Penerbit Erlangga
2) Purnomo, Bambang, dkk.2015. Sastri Basa SMA/SMK/MA/MAK Kelas XI. Dinas
Pendidikan Provinsi Jawa Timur
3) Sukendro, Dhita P.dkk. 2015. Wiyata Basa kanggo SMA/SMK/MA Kelas XI. Surabaya:
Penerbit Duta
4) Sukendro Tresno,dkk. 2019. Trampil Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas
XI.Surabaya:Erlangga

a. Pambuka

Coba gatekna gambar ing ngisor iki!

Sawise nggatekake gambar ing dhuwur, apa awakmu tau maca kasusastran Jawa ing buku,
majalah, utawa ing koran ? Kasusastran iku ngenani bab apa ? Ing era iki, generasi mudha
saya suwi saya lali karo kasusastran jawa. Kasusastran Jawa dianggep kasusastran sing
ora gaul amarga dianggep kuna. Sakliyane iku, media-media tulis lan lisan uga jarang kang
ngemot babagan kasusastran jawa. Amarga iku, kita generasi muda kudu nglestarekake
basa jawa kanthi nyinauni kasusastran Jawa supaya ora luntur.

Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis!


1. Coba jlentrehna penyebabe generasi muda ora ngerti kasusastran jawa?
2. Kenapa kita kudu nglestarikake kasusastran jawa?
3. Kepriye carane nglestarikake kasusastran jawa?
4. Coba jlentrehna kasusastran Jawa apa sing kokmangerteni?
5. Ing papan panggonanmu, apa ana wong kang seneng kasusastran jawa, khususe
geguritan ?

2
BJW - 3.1/4.1/1/1-1

b. Kagiyatan Inti

Kagiyatan 1

PITUDUH :
Bukak lan wacanen buku Trampil Basa Jawa Kelas
XI , wulangan I , kaca 1 – 16.

tegese

Geguritan yaiku tulisan kang minangka asil pangangen-angen pangripta tumrap


kahanan sing diamati, dihayati / dilakoni kang panulisane mawa basa kang endah,
ringkes, mentes sarta mawa paugeran tartamtu.

Miturut asal-usuling geguritan saka tembung “ gurit” sing tegese “kidung”, tembang utawa
tulisan sing wujude ukiran utawa tatahan. Geguritan iku ora ditembangake nangng diwaca nanggo
irama, wirasa lan wiraga manut surasane.
Jenis geguritan kaperang dadi loro yaiku geguritan tradisional lan geguritan modern.
Geguritan radisional kuwi geguritan nganggo paugeran-paugeran tartamtu kayata cacahing larik
saben pada, cacahing wanda saben larik uga dhongdhinge swara. Kang kagolong geguritan
tradisional antara liya yaiku, parikan, wangsalan, tembang macapat, tembang tengahan lan
tembang gedhe. Tembang modern ora diwatesi pathokan-pathokan lan paugeran kaya kang ana
ing geguritan tradisional. Tegese saben pada ora ditemtokake cacahe larik. Saben larik ora
ditemtokake cacahing wanda lan dhongdhinge swara. Pangripta mardhika (bebas) anggone
medharake karep. Mula geguritan modern uga diarani geguritan bebas utawa kang saiki lumrah
diarani geguritan.
Ing UKBM iki awakmu bakal nyinaoni babagn geguritan gagrag anyar sing luwih asring diarani
geguritan.

Nyemak Teks Geguritan

Semaken kanthi premati, teks geguritan kang diwaca dening kancamu!

Tuladha geguritan tradisional / gagrag lawas :

Sun Nggegurit
Kaanane jaman saiki
Sipat pemudha pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kudi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngati ati

Yen manut wasitaning kuna


Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wusananing tibeng papa

( kapethik saka : modul bahasa jawa kelas xi, lintas jatim )

3
BJW - 3.1/4.1/1/1-1

tuladha geguritan modern / gagrag anyar :

MRIPAT
Dening: Moch. Nursyahid P.
Mripat
Cahyamu landhep kaya panah
Nanging endah

(kapethik saka : Sastri Basa SMA/SMK/MA/MAK Kelas XI )

Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi patitis !


1. Apa sing diarani geguritan iku ?
Geguritan yaiku salah sawijining wujud sastra jawa modern kang bahasane cekak,
mentes, lan endah

2. Andharna apa wae jenis geguritan iku ?


Geguritan gagrak anyar lan geguritan gagrak lawas

3. Andharna apa sing diarani geguritan gagrag lawas !


Geguritan kang isih kaiket dening wewaton (guru gatra, guru lagu, guru wilangan)
kaendahane ana ing tembung/diksine

4. Andharna apa sing diarani geguritan gagrag anyar !


Geguritan kang wis ora kaiket dening wewaton (guru lagu, guru gatra, gur wilangan)
kaendahane ana ing tembung/diksine.

5. Andharna apa bedane geguritan karo tembaang macapat !


 Geguritan iso milih tema bebas, menawi macapat tema kudu padha karo isi (pocung,
pangkur, durma, lan liyane)
 Geguritan oleh gak kaiket dening wewaton (guru lagu, guru gatra, gur wilangan),
menawi macapat kudu kaiket dening wewaton sing ditamtukake

Kagiyatan 2

Gatekno geguritan ing ngisor iki !

Aku lan Pangudiku

Nadyan samya akeh sing ora seneng


Nadyan akeh wong sing nyacad
Tan bisa dadi pepalang
Ngranggeh impen aneng awang-awang
Tekadku wis ora bakal lumuntur
Kanggo mujudake pangudi

Pangudi kanggo urip kang luwih mulya


Apa ora babar pisan
Aku bakal mujudake
Nadyan diarani aneh tur nyleneh
Kang wigati aku bisa wujudake pangudiku
Ya….pangudi dadi wirausahawan kang sukses
Ngangkat drajad lan martabat kluwargaku
Dadi wirausahawan kang migunani tumrap ibu pertiwi

4
BJW - 3.1/4.1/1/1-1

(Kapethik saka wiyata basa kanggo SMA/SMK/MA kelas XI)

Gladhen 1. Bausastra/ Kamus cilik

1. awang-awang = angen-angen, hangkara


2. lumuntur = mangerteni
3. nyacad = kathah omonge
4. pangudi = usaha
5. samya = padha
6. wigati = penting
7. tumrap = kanggo

Ing kagiyatan 2 iki ana pitakon-pitakon kang gegayutan karo geguritan. Pitakon iki wigati
banget kanggo nyumurupi babagan geguritan.

Gladhen 2. Mangsuli Pitakonan


1) Apa irah-irahan geguritan ing dhuwur ?
Wangsulan : Aku lan Pangudiku

2) Geguritan ing dhuwur ana pirang pada?


Wangsulan : 2

3) Geguritan ing dhuwur saben sapada ana pirang gatra ?


Wangsulan : pada kaping pisan ana 6 gatra lan pada kaping pindo ana 8 gatra

4) Apa tegese pada lan apa tegese gatra ?


Wangsulan : pada yaiku cacahe bait ing geguritan, yen gatra yaiku cacahe baris saben
sapada

5) Apa teges kang kinandhut ing pada 1 ?


Wangsulan : Semangat nggayuh pangudi masio kathah kang ora seneng.

Yen wis rampung ngerjakake Gladhen 1 lan Gladhen 2, awakmu bisa nerusake Kagiyatan 3.

Kagiyatan 3

1. Struktur geguritan

Struktur geguritan

Struktur Struktur
fisik batin

tipografi tema

5
BJW - 3.1/4.1/1/1-1

diksi rasa

imaji nada

Tembung amanat
konkret

Busananing
basa

wirama

Katrangan :
 Tipografi yaiku bentuke geguritan.
 diksi yaiku pamilihe tembung kang maknane mentes .
 imaji yaiku pamedhar pengalaman indrawi.
 Tembung konkret yaiku tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indrawi.
 Busananing basa yaiku panganggone basa kang bisa nguripake swasana.
 Wirama yaiku runtuting swara kang bisa ing wiiwitan, tengah utawa ing pungkasan.
 Tema yaiku kekarepan kang kinandhut sajroning geguritan
 Rasa yaiku pandungkape rasa (sikap) panggurit.
 Nada yaiku kekarepane panggurit marang pamaos.
 Amanat yaiku pesen kang kinandhut sajroning geguritan.

Gladhen 3. Nganalisis Struktur Geguritan

Sakwise nyinaoni struktur geguritan l, gawea analisis teks geguritan kang judule Aku lan
Pangudiku ing kagiyatan 2.

No. Struktur Analisis

1 tipografi  Ana 2 pada, pada kaping pisan ana 6 gatra lan pada
kaping pindo ana 8 gatra.
 Diawiti aksara ageng.
 Mboten dipungkasi tanda titik.

2 diksi Tekadku wis ora bakal lumuntur

3 imaji Imaji pangrasa

4 Tembung Tembung nyacad


konkret

5 Busananing  Nadyan diarani aneh tur nyleneh


Basa  Nadyan samya akeh sing ora seneng
 Nadyan akeh wong sing nyacad

6
BJW - 3.1/4.1/1/1-1

6 wirama Wiramane ora teratur

Miturut panemumu, teks geguritan kang judule Aku lan Pangudiku kalebu ing jinis
geguritan : Gagrag Anyar (Modern)
Andharna buktine :
a. Ora diawiti tembung sing nggegurit
b. Runtutan swara saben gatra ora padha
c. Saben bait ora padha cacahing gatrane

Gladhen Mandhiri !!
Pituduh :
1. Pilihen siji wae tuladha geguritan sing ana ing buku Trampil Basa Jawa Klas XI
Wulangan 1.
2. Pilihen teks geguritan 1 wae.
3. Analisisen geguritan pilihanmu gawe tabel analisis kaya ing dhuwur.
4. Garapan kanthi mandhiri ing kertas folio, yen wis rampung paringne dwija minangka
tugas mandhiri.

Yen wis rampung ngerjakake Gladhen Mandhiri , awakmu bisa nerusake ing Kagiyatan 4.

Kagiyatan pasinaon 4

1. Nyemak unsur kebahasaan teks geguritan

Semaken kanthi premati teks geguritan ing ngisor iki !

Rongsokan

Lumaksana tanpa tujuwan


Nadyan sungkawa away murka
Bisnis ora kenal manungsa sing lemah
Menawa urip wus kasil bakal nandhang kahastaman

Dumadi ing tengahing rongsokan


Tan ana manungsa sing kinira
Saklebatan kadya mung golek upa
Kamangka ing kana bisa urip mulya

(Kapethik saka wiyata basa kanggo SMA/SMK/MA kelas XI)

Geguritan ( puisi Jawa gagrag anyar ), panulisane bebas. Ewasemana isih tetep ngugemi ananing
rasa kaendahan. Endahing geguritan dumunung saka : a. Pamilihan tembung kang ringkes, mentes ,
b. Migunakake purwakanthi, c. Tembung entar kang kapilih , d. Tembung andahan kang karimbag
Yen ditintingi kaendahane tinemu ing ukara-ukara, umpamane “ Saklebatan kaya mung golek upa”
ukara iki ngemu pepindhan, sing dipindhakake kahanane mula diarani paribasan. Rekasane
manungsa golek pakaryan kanggo nyukupi kebutuhan pangan kaya-kaya mung kaya golek upa
(sego saglintir). Kang ateges kaya nggoleki barang kang sepele kasile. Ana uga kang migunakake
basa kawi , umpamane ing pada kaping 2 gatra 2 (tan ateges ora ). Lan sapanunggalane.

Yen wis rampung nggarap gladhen 3, awakmu bisa nerusake ing Kagiyatan 4.

7
BJW - 3.1/4.1/1/1-1

Kegiyatan
pasinaon 4

2. Parafrase Geguritan

Ing ngisor iki kalebu cara kanggo nggancarake geguritan, yaiku :


1. Negesi tembung sing katulis ing geguritan, menawa kangelan anggone negesi bisa digoleki ing
bausastra Jawa ( kamus Basa Jawa ).
2. Mangerteni maknane geguritan ing saben gatra.
3. Nggathukake maknane geguritan ing saben gatra.
4. Nggoleki dudutan maknane ing pada.
5. Nggathukake maknane geguritan ing antarane pada siji karo pada liyane.
6. Nyimpulake maknane geguritan kanthi wutuh.

Gladhen 5. Nggancarake geguritan

Bukak en Buku Trampil Basa Jawa Kelas XI


kaca 12- 13 !

Tindakna pituduh-pituduh ing ngisor iki!


1. Wacanen geguritan kanthi irah-irahan Nyambut Gawe kanthi patitis!
2. Catheten babagan tetembungan kang wigati ing geguritan!
3. Owahana geguritan mau dadi gancaran miturut cara-carane sing wis kasebut ing dhuwur!
4. Garapen kanthi rembugan karo kancamu sakelompokmu!
Wangsulan :

Nyambut Gawe
Dening : Nadya Ayu Ramadhani

Aku iki siswa


(Aku siswa)
Sing durung mangerteni carane nyambut gawe
(durung ngerti anggone nyambut gawe)
Aku nduweni pepengen
(Aku nduweni pepengen)
Kepriye carane nyambut gawe
(Kepriye carane anggone nyambut gawe)
Kang kasil
(Ingkang ngasilne)
Pangudi kang kapisan ora kasil
(Usahane ingkang kapisan ora ngasilne apa-apa)
Pangudi kang kapindho ora kasil
(Usahane ingang kapindho ora ngasilne apa-apa)
Pangudi kang katiga uga ora kasil
(Usahane ingkang katiga uga ora ngasilne apa-apa)
Nanging aku ora cukup tekan samene
(Nanging aku ora nyerah ning kene)
Aku ora oleh ngrekadaya
(Aku ora oleh ngreka daya)
Sakiki aku wes ngerti
(Sakiki aku mangerteni)

8
BJW - 3.1/4.1/1/1-1

Kepriye carane nyambut gawe


(Kepriye anggone nyambut gawe)
Jare sapa siswa ora bisa nyambut gawe
(Jare sapa yen siswa iku ora bisa nyambut gawe)
Sakiki aku bisa ngasilake dhuwit dewe
(Sakiki aku bisa kasil dewe)
Aku siswa wirausahawan kang kasil
(Aku siswa kang bisa ngasilne)

 Tetembangan kang durung dimangerteni tegese :


1) Kasil : Ngasilne/sukses
2) Pangudi : Usaha
3) Ngrekadaya : Ngreka daya/kahanan, diana-ana
4) Nyambut gawe : Kerja golek dhuwit

 Nggancaran geguritan “Nyambut Gawe”


Masio isih dadi siswa, kudu nduwe pepingin gawe nyambut gawe supaya nduwe
kasil dewe. Aja mandhek yen pangudine ora kasil apa-apa. Semangat pangudi nyambut
gawe aja dicukupne tekan semana yen wis gagal kasil, kudu terus nglanjutake pangudi
nyambut gawe supaya iso dadi wirausahawan lan kasil dhuwit dewe.

Kegiyatan
pasinaon 6

Maca Endah Geguritan


Maca endah geguritan iku satemene nggandhengake sawijining ketrampilan basa lan
kaendahan utawa seni. Mula sapa wae kanga rep maca geguritan wes samestine mangerteni
geguritan luwih dhisik utamane mangerteni isine. Miturut seni / patrape dhewe-dhewe ora niru
wong liya sing bisa ngilangi konsentrasi.
Tata cara maca endah geguritan , antara liya yaiku :
a) Olah swara,yaiku volume swara, tata aturing napas, intonasi, lan sapanuggalane.
b) Solah bawa, yaiku nggatekake solah bawa, ekspresi, panjiwaan.
c) Tanda jeda (mandheg), yaiku ndheg-ndhegan lakune pocapan sajroning maca geguritan.
/ = mandheg sedhela saetungan
// = mandheng rada suwe, telung etungan
/// = mandheg suwe, kanggo akhir pada utawa akhir geguritan

Aku / lan Pangudiku//

Nadyan/ samya akeh/ sing ora seneng//


Nadyan/ akeh wong/ sing nyacad//
Tan bisa/ dadi pepalang//
Ngranggeh impen/ aneng awang-awang//
Tekadku wis ora bakal lumuntur/
Kanggo/ mujudake pangudi//

Pangudi/ kanggo urip kang/ luwih mulya//


Apa ora babar pisan/
Aku bakal mujudake/
Nadyan/ diarani aneh/ tur nyleneh//
Kang wigati/ aku bisa/ wujudake pangudiku//
Ya…/ pangudi/ dadi wirausahawan/ kang sukses//
Ngangkat drajad/ lan martabat kluwargaku//
Dadi wirausahawan/ kang migunani/ tumrap ibu pertiwi//

(Kapethik saka wiyata basa kanggo SMA/SMK/MA kelas XI)

9
BJW - 3.1/4.1/1/1-1

Gladhen Mandhiri !
Tindakna pakaryan iki :
1. Pilihen siji wae geguritan sing koksenengi saka buku Sayaga Basa Jawa Kelas XI , wulangan 1.
2. Sawise kokmangerteni isine, wenehana tandha jeda andhegan miturut interprestasimu.
3. Tulisen ing kertas kumpulna dhateng dwija minangka nilai tugas mandhiri.
4. Gladhenen maca endahmu, nganthi trampil lan becik.
5. Peragakna maca endahmu geguritan pilihanmu ing sangarepe dwija lan kanca-kancamu
minangka penilaian ketrampilan / psikomotor kompetensi dasar geguritan.

C. Panutup
Kepriye awakmu saiki?
Sakwise awakmu sinau bertahap lan nglanjutna saka kagiyatan pasinaon 1, nganti 6, ing ngisor iki
diwenehi tabel kanggo ngukur panguwasaanmu tumrap materi geguritan sing wis disinaoni. Dwija
bakal maringi penilaiane marang awakmu miturut panguwasaan materi geguritan ing UKBM iki!
Tabel Refleksi Diri Pemahaman Materi
No Pertanyaan bisa Ora bisa
1. Apa siswa wis mangerteni babagan teks geguritan
2. Apa siswa wis bisa nyebutake struktur geguritan
3. Apa siswa wis bisa nggancarne teks geguritan?
4. Apa siswa wis bisa maca endah geguritan kanthi
menehi tanda jeda?

Yen penilaiane dwja “ora bisa” ing salah siji pitakon ing dhuwur, mula iku sinaunana maneh
materi kasebut ing sumber belajar sing disaranake ing “Materi Pembelajaran” uga sumber liyane
sing relevan, sinaunana maneh kagiyatan-kagiyatan belajar sing sakirane awakmu perlu mbaleni
kanthi bimbingan dwija lan kancamu.
“aja putus asa kanggo mbaleni sinau maneh”. Lan yen dwija paring penilaian bisa ing kabeh
pitakonan, iku pratandha yen awakmu mangerteni lan nguwasai kanthi becik. Mula kuwi lanjutne
candhake .

PENGHARGAAN
Ing ngendhi panggonanmu ?
Penilaine dwija marang awakmu ing penguwasaan materi struktur, paraphrase lan maca endah
geguritan ing sajroning rentang 0 – 100.
Katulis ana ing sajroning kotak.
Sawise awakmu pikanthuk penilaian
saka dwija tumrap panguwasaanmu
ing materi teks geguritan, iki lan
minangka bagean pungkasan saka
UKBM, nyuwuna tes formatif marang
Dwija sadurunge sinau ing UKBM
candhake.. Sukses kanggo awakmu
kabeh!!!!!!!

KAPUSTAKAN

Hidayah ,Nurul, dkk. 2015. Sayaga Basa Jawa kanggo SMA/MA Kelas XI. Jakarta : Penerbit
Erlangga
Purnomo, Bambang, dkk.2015. Sastri Basa SMA/SMK/MA/MAK Kelas XI. Dinas Pendidikan
Provinsi Jawa Timur

10
BJW - 3.1/4.1/1/1-1

Sukendro, Dhita P.dkk. 2015. Wiyata Basa kanggo SMA/SMK/MA Kelas XI. Surabaya: Penerbit
Duta
Sukendro, Tresno.dkk.2019. Trampil Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas XI. Surabaya:
Penerbit Erlangga
Tim. -----. Modul Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas XI. ------- Lintas Jatim

11

Anda mungkin juga menyukai