Anda di halaman 1dari 9

UKBM BJ 3.1/4.

1/3/1 1

GEGURITAN

1. Identitas
a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
b. Semester : 3 ( tiga )
c. Kompetensi Dasar :

3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks drama, prosa atau puisi
sesuai kaidah.

4.1 Menginterpretasi, menanggapi, dan memperagakan teks drama, puisi, dan prosa
sesuai isi dengan bahasa yang komunikatif keanekaragaman hayati di Indonesia dan
usulan upaya pelestariannya

d. Materi Pokok : Teks Geguritan


e. Alokasi Waktu : 4 pertemuan ( 360 menit)
f. Pertemuan ke : 1, 2, 3 dan 4
g. Tujuan Pembelajaran :

Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi, dan


analisis, peserta didik dapat membaca indah teks geguritan,
sehingga peserta didik dapat menghayati dan mengamalkan
ajaran agama yang dianutnya, mengembangkan sikap jujur,
peduli, dan bertanggung jawab, serta dapat
mengembangkan kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi,
berkolaborasi, berkreasi (4C).
UKBM BJ 3.1/4.1/3/1 2

2.Peta Konsep

3.Kegiatan Pembelajaran

a. Pendahuluan

Sadurunge sinau materi kang sepisan iki, coba wacanen lan gatekna geguritan ing ngisor
iki!

Piwelinge Biyung

Ngger anakku….
Usapa tangismu
Dina Senin, 1 Oktober 2012
Lungamu wis tak relakake kanthi ati kang legawa
Enthengana lakumu kanthi ati kang legawa
Elinga marang sing kuwasa
Nggeerrr…….
Dadiya bocah sing temen
Aja keblinger marang kaendahane donya
Kuwi mung sauntara
Muga kowe bias dadi wong kang begja
Nyambut gawe ora rekasa
Urip ora nelangsa
Nanging tetepa eling marang sing kuwasa
Lan ngabekti marang wong tuwa
Elinga piweling iki nggeerr………

Kapethik saka “Panyebar


Semangat”
UKBM BJ 3.1/4.1/3/1 3

Pitakon:
1. Miturut tuladha kasebut, apa kang diarani geguritan?
2. Kepriye struktur teks geguritan ing ndhuwur?
3. Sebutno isi geguritan ing dhuwur?
4. Amanat apa sing iso dijupuk saka geguritan ing dhuwur?

Nahhh......bagaimana? Sudah ada bayangan untuk belajar tentang geguritan?


Yukkk kita lanjutkan belajarnya!

b. Kegiatan Inti

1) Petunjuk Umum UKB


a. Melalui UKB ini Anda akan memahami bentuk, jenis dan nilai estetis dalam seni tari
tradisional lalu melaporkan hasilnya melalui presentasi sehingga Anda akan
terlatih berkomunikasi dengan baik. Aktivitas berpikir yang akan Anda latih
kandalam UKB ini adalah akan dapat memperagakan bentuk, jenis dan nilai estetis
seni tari tradisional. Untuk itu, Anda harus belajar dengan sabar dan
tekunsehingga Anda bisa tahu, mau, dan mampu melakukan aktifitas berpikir
tinggi tersebut melalui belajar seni tari ini.

b. Baca dan pahami materi pada buku Buku Teks Pelajaran (BTP): Sastri Basa
kanggo SMA/SMK/MA kelas XI, Provinsi Jawa Timur.

c. Kerjakan UKB ini dibuku kerja atau langsung mengisikan pada bagian yang telah
disediakan. Anda bisa bekerja sendiri, namun akan lebih baik apabila
bekerjasama dengan teman lain sekaligus berlatih untuk berkolaborasi dan
berkomunikasi dengan baik.

d. Anda dapat belajar bertahap dan berlanjutmelalui kegiatan ayo berlatih,


apabila Anda yakin sudah paham dan mampu menyelesaikan permasalahan-
permasalahan dalam kegiatan belajar 1, 2, dan 3Anda boleh sendiri atau
mengajak teman lain yang sudah siap untuk mengikuti tes formatif agar Anda
dapat belajar ke UKB berikutnya.

2) Kegiatan Belajar

Ayo……ikuti kegiatan belajar berikut dengan penuh kesabaran dan


konsentrasi!!!
UKBM BJ 3.1/4.1/3/1 4

Kagiyatan Struktur Teks Geguritan


Pasinaon 1

Ing kagiyatan iki, para siswa nyinaoni bab struktur teks geguritan. Sadurunge, kanggo
nggampangake anggonne nyinaoni bab iki, Ayo bebarengan diwaca uraian materi lan tuladha
ing ngisor iki!

Geguritan

Geguritan utawa dicekak guritan yaiku sawijining karya sastra kang basane cekak,
mentes lan endah. Geguritan asale saka tembung “gurit”, kang ateges kidung utawa tulisan
kang awujud tatahan. Geguritan keperang dadi 2 yaiku geguritan gagrak lawas an geguritan
gagrak anyar (puisi jawa modern)
Titikane geguritan gagrak lawas yaiku:
1. Diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit
2. Lumrahe sapadane dumadi saka 4 gatra
3. Guru lagu (rima) pinathok
Dene geguritan anyar ora kaiket paugeran kaya ing dhuwur. Geguritan gagrak anyar ora
ndhuweni struktur kang baku ngenani cacahe gatra (larik), apadene cacahing padane (jumlah
bait). Ing geguritan lumrahe migunakake basa rinengga, supaya katon endah menawa diwaca
lan dirasakake. Ing geguritan uga nduweni struktur pembangun kaya ing ngisor iki :
Struktur teks Geguritan kaperang dadi loro, yaiku :
1. Struktur Fisik
a. Tipografi ( Wujud Geguritan )
Yaiku wujud geguritan kang tinulis ora kudu kawiwitan aksara gedhe (huruf kapital),
sarta ora dipungkasi titik (.) utawa tandha pawacan liya.
b. Diksi ( Pilihane tembung )
Yaiku pamilihe tetembungan kang maknane mentes, kang bisa negesi pirang-pirang
kekarepan kanthi nggatekake larasing unine tembung.
c. Imaji ( Pengungkapan pengalaman indrawi )
UKBM BJ 3.1/4.1/3/1 5

Yaiku rerangkean tetembungan ing geguritan bisa medharake pengalaman indrawi


kayata : paningal, pangrungon, pangganda, pangrasa lan panindak, saengga pemaos
bisa kagawa ing swasana kaya kang dialami penggurit.
d. Busananing basa ( Gaya Bahasa )
Yaiku panganggone basa kang bisa nguripake swasana an nuwuhake anggepan
(konotasi) tartamtu sarta bisa nuwuhake rasa kaendahan.
2. Struktur Batin
a. Tema
Yaiku kekarepan utawa maksud tartamtu kang kinandhut ing saben tembung, gatra,
pada, lan sakabehe pada ing geguritan.
b. Rasa
Yaiku pangungkape rasa (sikap) panggurit tumrap bakune pirembugan kang
kinandhut ing geguritan kang ditulis. Kekarepan isining geguritan lan jeroning makna
kang bisa diungkap ing geguritan kasebut bisa gumantung saka latar belakang
panggurit.
c. Nada
Yaiku kekarepan panggurit marang pamaos salaras karo isine geguritan. Kekarepan
iki bisa arupa pesen kang sipate ngguroni, ndhikte, kerja sama, ngudhari masalah lan
sapiturute.
d. Amanat
Yaiku pesen kang kinandhut ing geguritan kang diandharake panggurit marang
pamaos.

GLADHEN 1

Sawise mangerteni babagan struktur teks geguritan ing ndhuwur, temtokna


struktur teks geguritan “Piwelinge Biyung” ing buku tugasmu!

Yen wis bisa ngrampungake gladhen kasebut, bisa nglanjutake kagiyatan pasinaon 2 iki.
UKBM BJ 3.1/4.1/3/1 6

Kagiyatan Isi lan Pesen Moral Teks Geguritan


Pasinaon 2

Ing kagiyatan iki, para siswa nemokake isi kang kinandhut ing teks Geguritan. Sadurunge,
kanggo nggampangake anggon nyinaoni bab iki ayo bebarengan diwaca uraian materi lan
tuladha ing ngisor iki!

Pengenget-enget

Bab-bab kang kudu digatekake sadurunge nemokake isi geguritan, yaiku :

1. Negesi tembung sing katulis ing geguritan kasebut, menawa kangelan anggone
negesi bisa digoleki ing bausastra (kamus)

2. Mangerteni maknane geguritan ing saben-saben gatra (larik)

3. Nggathukake maknane geguritan ing saben-saben gatra

4. Nggoleki dudutan maknane ing pada (bait)

5. Nggathukake maknane geguritan ing antarane pada siji karo pada liyane,
menawa dumadi luwih saka sapada

6. Nyimpulake isi geguritan kanthi wutuh.

Geguritan iku ndhuweni pesen utawa amanat kang bisa digunakake kanggo
patuladhan. Kanggo mangerteni pesen moral sing ana ing sawijine geguritan mau bisa
kanthi cara :

1. Ngrungokake/maca kanthi dibolan baleni

2. Negesi tembung-tembung sing angel dimangerteni.

3. Nggancarake geguritan (memparafrase puisi)

4. Mangerteni maknane geguritan kanthi wutuh

5. Bisa nyimpulake isining geguritan

6. Bisa mahami pesen kang tinulis (eksplisit/tersurat) ing geguritan.

7. Bisa mahami pesen kang ora tinulis (implisit/tersirat) ing geguritan.


UKBM BJ 3.1/4.1/3/1 7

GLADHEN 2

Gathekna teks geguritan “Rongsokan” ing ngisor iki! Tulisen pesen moral kang kinandhut
kanthi implisit lan eksplisit ing geguritan kasebut!

Rongsokan

Lumaksana tanpa tujuwan


nadyan sungkawa aywa murka
bisnis ora kenal manungsa sing lemah
menawa urip wus kasil bakal nandhang kahastaman

Dumadi ing tengahing rongsokan


tan ana manungsa sing kinira
saklebatan kadya mung golek upa
kamangka ing kana bisa urip mulya

1. Pesen kang tinulis (eksplisit/tersurat) ing geguritan

Pada Pesen moral geguritan


Pada I .............................................................................................................................
.............................................................................................................................
.............................................................................................................................
Pada II ..............................................................................................................................
..............................................................................................................................
.............................................................................................................................

2. Pesen kang ora tinulis (implisit/tersirat) ing geguritan :


.......................................................................................................................................................................................
.......................................................................................................................................................................................

Yen wis bisa ngrampungake gladhen kasebut, bisa nglanjutake kagiyatan pasinaon 3 iki.

Kagiyatan Nggancarake Teks Geguritan


Pasinaon 3

Ing kagiyatan iki, para siswa diajak nggancarake (memparafrasekan) geguritan.


Sadurunge nggarap tugas nggancarake geguritan, gatekna andharan ing ngisor iki!
UKBM BJ 3.1/4.1/3/1 8

Nggancarake geguritan bisa kanthi cara :

1. Ngudhari tembung-tembung baliswara (menawa ana)

2. Ngganti tembung sing angel karo tembung sing gampang


dimangerteni.

3. Munggel tembung-tembung utawa ukara supaya cetha


tegese

4. Menehi tembung panggandheng, panyilah, utawa tembung


liyane supaya geguritan gampang dimangerteni.

5. Menehi tandha pawaca

6. Nyalin ukara-ukara ing geguritan mawa ukara prasaja


(lugas) kanthi awangun gancaran (prosa)

GLADHEN 3

Geguritan kanthi irah-irahan “Rongsokan” ing ndhuwur salinen mawa basa gancaran
(prosa) ing buku tugasmu ! Para siswa bisa nggunakake basa kang bebas (komunikatif)
salaras karo paugeran lan tata cara nggancarake geguritan!

c. Penutup

Sawise diskusi, latihan, lan nglaksanakake kagiyatan sajroning pembelajaran, coba saiki
renungna maneh apa kang wis dikuasai lan sing durung dikuasai. Andharna apa kang dadi
kesan sawise sinau babagan teks geguritan kanthi menehi tandha centhang (√) ing tabel ngisor
iki!
UKBM BJ 3.1/4.1/3/1 9

No. Pernyataan Ya Tdk


1. Saya sudah bisa menguasai materi teks geguritan.
2. Saya sudah bisa mengidentifikasi struktur fisik teks geguritan.
3. Saya sudah bisa mengidentifikasi struktur batin teks geguritan.
4. Saya sudah bisa menganalisis isi teks geguritan.
6. Saya sudah bisa menganalisis pesan moral teks geguritan.
7. Saya sudah bisa memparafrasekan teks geguritan

Jika menjawab “TIDAK” pada salah satu pertanyaan di atas, maka pelajarilah
kembali materi tersebut dalam Buku Teks Pelajaran (BTP) dan pelajari ulang
kegiatan belajar 1, 2, 3 atau 4 yang sekiranya perlu kalian ulang dengan bimbingan
Guru atau teman sejawat. Jangan putus asa untuk mengulang lagi! Apabila kalian
menjawab “YA” pada semua pertanyaan, maka lanjutkan UKB berikutnya.

Di mana posisimu?
Ukurlah diri kalian dalam menguasai materi Teks Geguritan dalam rentang 0 – 100,
tuliskan ke dalam kotak yang tersedia!

Kotak Nilai Paraf Guru

Anda mungkin juga menyukai