Anda di halaman 1dari 4

Wulangan 2

Pertemuan 1
,
Mapel : Bahasa Jawa
Kelas : XI (semua jurusan)
Pertemua :
Tanggal : Agustus 2022
Pokok Bahasan : BAB 2 Geguritan

Kompetensi Dasar Materi Pokok


Teks Geguritan
3.2 Menelaah teks geguritan. 3.2.1 Unsur-unsur pembangun
3.2.2 Nilai-nilai yang terkandung dan relevansinya dengan
kondisi masyarakat saat ini
4.2 Menulis geguritan dan 4.2.1 Cara memparafrase
membacanya. 4.2.2 Teknik membaca indah
4.2.3 Teknik menulis

I. Jenis Geguritan :
Geguritan kaperang dadi loro :
A. Geguritan gagrag lawas (tradisional)
Yaiku geguritan kang kaiket dening aturan-aturan(guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan diwiwiti
nganggo tembung “Sun Gegurit”. Tuladhane geguritan tradisional yaiku ana ing tembang Jawa kang
diperang dadi telu.
 Tembang Cilik ( Macapat) : Maskumambang, Mijil, Sinom, Durma,Asmarandhana,
Dhandhanggula, Kinanthi, Gambuh, Pangkur, Megatruh, Pocung
 Tembang Tengahan : Girisa, Balabak, Jurudemung, Wirangrong
 Tembang gedhe : Kusumastuti, Pamularsih, Retnamulya
B. Geguritan gagrag anyar ( modern)
Yaiku susastra Jawa kang ora kaiket dening paugeran/aturan-aturan kaya dene geguritan tradisional.
Karya sastra iki mujudake ekspresi jiwa panyerate sajerone naggepi prastawa kang dialami, diweruhi,
kahanan sakiwa tengene, panguneg-uneg, lsp.
II. Unsur Pandapuk
Geguritan kadhapuk saka rong unsur yaiku unsur intrinsik lan ekstrinsik.
A. Unsur Intrinsik
Yaiku unsur kang bisa ditemokake ing sajrone karya sastra geguritan kayata:
1. Gambaran Pangindran
Gambaran pangindran bisa digunakake kanggo nemokake isine geguritan nglimput perangan ing
ngisor iki :
a. Pangindran pandeleng: samubarang kang ana gegayutan karo mripat
b. Pangindran pangambu: samubarang kang ana gegayutan karo irung
c. Pangindran pangrungu: samubarang kang ana gegayutan karo kuping
d. Pangindran pangrasa : samubarang kang ana gegayutan karo ati
2. Diksi
Yaiku pamilihing tembung kang mentes, ancase yaiku kanggo ngasilake geguritan kang trep lan
endah. Antarane yaiku tembung kang duweni makna salugune (denotative), tembung kang
nduweni makna ora salugune(konotatif), lan gambaran utawa pralambang. Diksi kang asring
kagunakake ing geguritan antane :
1) Tembung wancahan, yaiku panyudane aksara ing wiwitan tembung tuladha: amrih -> mrih,
ingkang ->kang, lsp.
2) Gambaran Pangindraan, yaiku kanggo nemokake isi utawa surasane geguritan. Pangindraan
ana papat :
 Pangindraan Pandeleng, sesambungan karo mripat
 Pangindraan Pangambu, sesambungan karo iruung
 Pangindraan Pangrungu, sesambungan karo kuping
 Pangindraan Pangrasa, sesambungan karo ati
3) Dasanama, yaiku tembung kang nunggal teges utawa jeneng kang luwih saka siji. Tuladhane
banyu, tirta, warih, her, sindang, lsp.
4) Basa rinengga, yaiku basa – basa kang digawe luwih bergas, endah, kanthi cara diowahi
gunakake tembung utawa ukara liyane. Lumrahe basa rienengga migunakake ater-ater,
seselan, lan panambang.
1) Purwakanthi, yaiku tetembungan kang runtut aksara, swara, utawa tetembungane. Kaperang
dadi telu yaiku Purwakanthi Guru Basa, Purwakanthi Guru Sastra, Lumaksita.
2) Amanat, yaiku pesen kang ana ing sajerone karya sastra
3) Tema, yaiku underane prekara ing sajerone geguritan.
B. Unsur ekstrinsik
Unsur ekstrinsik geguritan yaiku awujud kahanan subjektivitas babagan pangrasane panyerat lan
sebab musababe panyerat nganggit sawijining geguritan. Unsur ekstrinsik yaiku unsur pandapuk
geguritan kang saka njaba. Unsur ekstrinsik perangane ing ngisor iki :
a. Unsur biografi
Unsur biografi yaiku pawadane panyerat. Pawadane duweni pengaruh sajroning gawe geguritan,
tuladhane nalika nulis geguritan pawadane panyerat saka kaluwargane mlarat, dadi menawa
deweke nulis geguritan bakal ngresepi lan gawe trenuh pamaca. Bab kasebut jalaran kagawene
pawadane panyerat saengga bisa menehi kesan tumrap geguritan.
b. Unsur sosial
Unsur sosial gegayutan raket karo kahanan masyarakat nalika geguritan dianggit. Tuladhane
nalika geguritan digawe ing mangsa bencana Gunung Berapi njeblug saengga geguritan kang
dianggit surasane ngemot kahanan masyarakat utawa warga bebrayan sakupengane Gunung
Merapi
c. Unsur piwulang
Unsur piwulang nglimput babagan pendhidhikan, seni, ekonomi, politik, sosial budaya, adat
istiadat, hukum lan sak panunggalane. Piwulang kang kaandut duweni daya kawigaten saengga
bisa ndadekake apik lan orane geguritan
III. Maca Geguritan
Geguritan diwaca kanthi endah. Maca geguritan minangka nanggepi geguritan kanthi cara lesan. Ing
ngisor iki bab-bab kang prelu digatekake nalika maca geguritan ;
1. Pas anggone munggah medune swara
2. Mangertreni wos geguritan kang bakal diwaca.
3. Bener anggone medhot tetembungane.
4. Wicara
Pocapan cetha, las-lasan, ora bindheng, ora gumremeng , tegas, bisa mbedakake (d - dh), (t - th), (e –
e – e), ora perlu mangu-mangu sing kendel
5. Wirama
Maca geguritan ana lagune , cepet lan rindhik, cendhek dhuwuring swara, luk lan gregeling swara ,
aja mung wae
6. Wiraga
Pocapan trep karo solah bawa , nganggo ngobahake tangan , sirah, kedheping mripat
7. Wirasa
Isine geguritan ditamatake/dilebokake ing jero ati . Anggone maca trep karo isine geguritan,
gumreged, sedhih, seneng, nesu, mbujuk
IV. Nulis Geguritan
Nulis geguritan iku satemene nggamarake getering ati obahing jiwa kang rinonce sajroning ukara utawa
tetembungan kang ngemu teges utawa makna. Geguritan yaiku gambarake ujaring ati lan rasa pangrasa
kang kapendem jroning jiwa diwujudake tulisan. Mula geguritan asipat pribadi (subjektif)
Senadyan sipate geguritan kang sipate subjektif lan pribadi, tembung siji bisa ditegesi sewu makna.
Nanging ora kena migunkake tetembungan kang cetha kang gampang dimangerteni teges lan makna
dening wong akeh, becike negesi dewe tetembungan mau.
Kanggo ngasilake geguritan kang endah, pangripta kudu nggatekake cara-cara nulis geguritan. Ing
antarane kaya ing ngisor iki :
1. Nemtokake tema
2. Nemtokake diksi kang pas lan khas
3. Migunakae rima lan purwakanthi supaya geguritan luwih endah
4. Milih wujud geguritan kang endah ( rata tengen, rata kiwa, utawa tengah)
5. Pamilihing irah-irahan kudu jumbuh karo isine geguritan
Pangerten nulis geguritan bisa dianggo mratelakake getering ati lan obahing jiwa. Mula nalika nulis
geguritan bisa kanggo ngesokake rasa pangrasa kang dipendem ana dhadha.

Tuladha geguritan :
BEKTIKU KAGEM BIYUNG

Biyung….
Rikala aku kesandung
Biyung sing aweh tetulung
Rikala aku lagi mendung
Biyung bingung golek colok lan payung
Rikala aku lara lapa
Biyung mubeng golek tamba
Rikala aku kena prahara
Biyung melu kelunta-lunta
Biyung….
Nalika aku ngaras pada
Ana rasa kang karanta-ranta
Waspaku tumetes netesi bantala
Ragaku lemes tanpa daya
Apuranen keng putra
Sing luput saka embanan
Mrucut saka kudangan
Putramu arsa matur
Durung bisa dadi wong luhur
Sing bisa mendhem jero mkikul dhuwur
Amung sembah bektiku
Kang katur kagem ibu

Anda mungkin juga menyukai