Anda di halaman 1dari 2

GEGURITAN

Tegese Geguritan
Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang
diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan
penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.
Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa
Indonesia uga kasebut puisi.

Ciri - ciri geguritan


Ciri - ciri wonten ing geguritan yaiku :

1. duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan
guru gatra
2. duweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e
3. duweni bahasa ingkang endah lan mentes
4. Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang
geguritan

Unsur - unsur intrinsik 


Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur
intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
1. Tema
2. Bahasa kang endah
3. Judul Geguritan
4. Diksi
Diksi yaiku pamilihaning tembung ingkang trep kanggo nuduhake gagasan sengga
ngetokkake efek tartamtu
5. Citra
Gambaran angen angen utawa imajinasi penganggit kang kalariake liwat indra
6. Purwakanthi
7. Ing Basa Jawa jinising Purwakanthi ana 3, yaiku :

a. Purwakanthi Guru swara, yaiku unen-unen kan runtut swarane


Contoh / tuladhane :
Becik ketitik, ala ketara
Ana rego. Ana rupa
Ana awan, ana pangan
Witing tresna . Saka kulino
Ora obah, ora mamah

b. Purwakanthi guru sastra, yaiku unen-uneng sing runtut sastrane


Contoh / Tuladhane
Sluman, Slumun, Slamet
Bobot, Bibit, Bebet
Tata, titi, tentrem
Ruruh, rereh, ririh ing wewarah
Sing sapa salah bakal saleh

c. Purwakanthi Guru Basa (Lumaksita), yaiku  unen-unen sing saka rong gatra.
Sing pungkasane gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho.
Contoh / tuladhane
Tuku gedang menyang pasar, oasare pasar Mojogedang
Nemu wedang, wedange wedang jahe abang
Remuk rempu, rempu dadi awu
Es degan. Degane ora sembarangan
Mangan ati, atine kelara-lara

8. Amanat kang ono ing jero ne geguritan

Jenis - jenising Geguritan


Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :

1. Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)


2. Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)
3. Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran

Syarat syarat maca Geguritan


Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco
geguritan . Syarat syarate yaiku :

1. Wirama -->  Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.


2. Wirasa --> Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan
3. Wiraga --> Polah utawa gerake ketika moco geguritan
4. Wicara --> lancar orak e moco geguritan

Anda mungkin juga menyukai