Anda di halaman 1dari 10

Any Qotuzzahroh, S.

Pd
Pangertene Geguritan

Miturut S. Padmo Soekotjo geguritan asale saka


tembung guritan saka linggane tembung gurit kang
tegese “tembang utawa kidung”. Dene nggurit tegese
ngarang tembang, kidung, rerepen utawa karangan
iketan. Ananging pengaruh saka puisi manca, geguritan
saiki dadi sungsat saka teges satemene.

Geguritan kaperang dadi loro yaiku


 geguritan Kuna lan
 geguritan gagrag anyar
Titikane/ciri-cirine
Geguritan Kuna lan Modern
1. Geguritan Kuna (tradhisional)
Titikane geguritan Kuna:
 Cacahing gatra (larik/baris) ora ajeg, nanging sethithike papat
 Cacahing wanda (suku kata) ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe
 Tibaning swarane (guru lagu) kudu runtut
 Sangarepe guritan diwiwiti kanggo tembung sun nggegurit
 Isine kebak pitutur kanggo sarana patuladhan becik

2. Geguritan Gagrag anyar / Modern bisa diarani puisi bebas


Titikane geguritan modern:
 Kawiwitan irah-irahan/ judul
 Cacahe gatra/larik ora ajeg
 Cacahe wanda ing saben gatra ora ajeg
 Pilihan tembung mentes (kebak makna sing bisa nukulake daya
pengangen-angen utawa imajinasi)
 Nganggo basa endah
Tuladha Geguritan Kuna

Sun nggegurit
Kahanan jaman saiki
Sipat pemudha pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi jamam nguni
Srawunge sarwa ngati-ati

Yen manut wasiteng kuna


Priya srawung lan wanita
Gampang kena panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wusananing tibeng papa
Unsur Geguritan

Unsur-unsur geguritan
kaperang dadi loro yaiku
Struktur fisik
Struktur batin
Struktur Fisik

• Pamilihe Tembung (Diksi)


Tembung-tembung sajroning geguritan minangka asil saka pamilihe
tembung kanthi setiti. Tembung ing geguritan nduweniteges entar
(kias)
• Pengimajinasian
Tembung-tembung sajroning geguritan bisa nuwuhake khayalan.
Kanthi khayalan kasebut sing maca utawa sing ngrungokake bisa melu
ngrasakake, ngrungokake, lan ndeleng sawijining bab kang ditulis
dening penyair.
• Lelewaning Basa/majas
Lelewaning Basa yaiku tembung kang digunakake penyair kanggo
nyritakake sawijining bab kanthi cara mbandhingake karo barang
utawa tembung liyane.
• Purwakanthi (Rima/Ritma)
Purwakanthi yaiku mbaleni swara (vokal), mbaleni tembung, mbaleni
kelompok tembung (frasa) utawa mbaleni ukara.
Struktur Batin

• Tema
Tema geguritan minangka gagasan utama penyairing
geguritan. Gagasan saben penyair beda-beda, mula tema
geguritan kang diasilake uga beda.
• Nada lan Swasana
Nalika nulis geguritan, penyair nduweni sikap tartamtu
marang wong sing maca yaiku nguroni, menehi pitutur,
nyemoni, ngelokake, utawa mung nyritakake sawijining
bab marang wong sing maca iku. Sikap penyair mau diarani
nada. Dene swasana yaiku kahanan jiwa wong sing maca
sawise maca geguritan.
• Amanat
Amanat kaslamurake sajroning tembung-tembung kang
disusun lan tema kang dilairake.
Paugeran anggone ngrakit geguritan:

• Ngematake barang lan kahanan sing disawang utawa ndhudhah


pengangen sing arep ditulis.
• Milih tema sing gumathok/sesuai, banjur diterusake nulis irah-
irahan.
• Mekarake dadi crita
• Ngrakit ukara urut saka dhuwur terus mudhun mangisor, sagatra
utawa salarik saukara cekak.
• Ukara utawa tembung sing dirasa utawa dianggep durung trep
bausastrane lan basane diowahi utawa diganti nganggo
tetembungan utawa ukara kang luwih apik, duweni intensitas
makna sing luwih kuwat lan mantep serta luwih imajinatif.
• Bisa nggunakake gaya bahasa, pepindhan, utawa dasanama
saengga ngasilake crita sing cekak aos, pas, lan duwe kaendahan
swasana.
Maca geguritan

Maca geguritan iku kapilah dadi


loro, yaiku:
• Maca kanggo mangerteni
isine geguritan
• Maca ekspresif utawa maca
endah
Maturnuwun

Anda mungkin juga menyukai