Gambar Illustrasi Maca Geguritan
Geguritan - Bahasa Jawa
Geguritan utawa dicekak guritan yaiku sawijine karya sastra kang basane cekak, mentes lan endah.
Geguritan asale saka tembung "gurit" kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan.
Geguritan kaperang dadi loro :
Geguritan gagrag lawas
Geguritan gagrag anyar ( Puisi Jawa Modern )
Titikane geguritan gagrag lawas yaiku :
Diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit
Lumrahe sapadane dumadi saka patang gatra
Guru lagu (rima utawa pola persajakan) pinathok
Geguritan anyar ora kaiket paugeran kaya geguritan gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar ora nduweni
struktur kang baku ngenani cacahe gatra (larik), apedene cacahing padane (jumlah bait)
Ing geguritan lumrahe nggunakake Basa Rinegga supaya katon endah menawa diwaca lan dirasakake.
Wondene wangune geguritan gumantung saka kreativitas panggurit
Struktur teks geguritan :
Struktur Fisik
Tipografi (bentuke geguritan). Yaiku wangun geguritan kang tinulis ora ngebaki larik lan ora kudu
kawiwitan aksara gedhe (huruf kapital), serta ora dipungkasi tandha titik. utawa tandha pawacan liyane
Diksi (Pilihane Tembung). Yaiku pamilihe tetembungan kang maknane mentes (padat), kang bisa negesi
pirang-pirang kekarepan kanthi nggatekake larasing unine tembung
Imajinasi (pengungkapan pengalaman indrawi). Yaiku rerangken tetembung ing geguritan bisa
medharake pengalaman indrawi, kayata : paningal, pangrungon, lang pangrasa, saengga pamaos bisa
kagawa ing swasana kaya kang dialami panggurit. Imaji kaperang dadi 3 yaiku :
Imaji swara (auditif)
Imaji paningal (visual)
Imaji raba/sentuh (taktil)
Tembung Konkret. Yaiku tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indra kang bisa nuwuhake imaji.
Tembung konkret ing kene bisa arupa pepindhan (kiasan) utawa pralambang. Tuladhane :
bun (embun) bisa dadi pralambang wening, niyat suci, tulus, endahing swasana sesuk, lsp.
Busananing Basa (gaya bahasa). yaiku panganggone basa kang bisa nguripake swasana lan nuwuhake
anggepan (konotasi) tertamtu serta bisa nuwuhake rasa kaendahan. Busanane basa ing geguritan bisa
arupa Basa Rinengga kang maneka warna
Wirama (Rima) yaiku runtuting swara (uni) ing geguritan kang bisa ing wiwitan, tengah, utawa ing
pungkasaning gatra (larik)
Struktur Batin
Tema/Makna (Sense). Yaiku kekarepan utawa maksud tertamtu kang kinandhut ing saben tembung,
gatra (larik), pada (bait), lan sakabehe pada ing geguritan
Rasa (Feeling). Yaiku pandungkape rasa (sikap) panggurit tumprap bakune pirembungan kang kinandhut
ing geguritan kang ditulis. Pandungkape rasa kang kinandhut ing geguritan iki ana sambung rapete karo
blegere (sosok/latar belakang) panggurit, yaiku saka latar belakang agama, pendhidhikan, jenis kelamin,
kelas sosial, jabatan/kedudukan ing masyarakat, umur, pengalaman sosilogis lan psikologis, lan kawruh
(pengetahuan) panggurit. Kekarepan isining geguritan lan jeroning makna kang bisa didungkap ing
geguritan kasebut bisa gumantung saka latar belakang panggurit
Nada (tone). Yaiku kekarepane panggurit marang pamaos salaras karo isine geguritan. kekarepan iki bisa
arupa pesen kang sipate ngguroni (menggurui), ndhikte (mendikte), kerja sama , ngudhari prakara
(memecahkan masalah), masrahake (mborong kersa) marang para maos, lan sapituture
Amanat. Yaiku pesen kang kang kinandhut ing geguritan diandharake panggurit marang pamaos
Bab-bab kang kudu digatekake sadurunge nemokake isi geguritan yaiku :
Negesi tembung sing katulis ing geguritan lasebut, menawa kangelan anggone negesi bisa digoleki ing
bausastra (kamus)
Mangerteni maknane geguritan ing saben-saben gatra (larik)
Nggathukake maknane geguritan ing saben-saben gatra
Nggathukake maknane geguritan ing antarane pada siji karo pada liyane, menawa dumadi luwih saka
sapada
Nyimpulake maknane (isi) geguritan kanthi wutuh
Tuladhane geguritan
Aku lan Pangundiku
Nadyan samya akeh sing ora seneng
nadyan akeh wong sing nyacad
tan bisa dadi pepalang
ngranggeh impen aneng awang-awang
tekadku wus ora bakal lumuntur
kanggo mujudake pangudi
Pangudi kanggo urip kang luwih mulya
apa ora babar pisan
aku bakal mujudake
nadyan diarani aneh tur nyeleneh
kang wigati aku bisa wujudake pangudiku
ya... pangudi dadi wrausahawan kang sukses
ngangkat drajat lan martabat kluwargaku
dadi wirausahawan kang mugunani tumprap ibu pertiwi
kamus cilik :
Awang-awang : langit
lumuntur : pudar
nyacad : menghina
pangudi : usaha
samya : sama
wigati : penting