Anda di halaman 1dari 10

CERKAK

CERITA CEKAK
Pangertene Cerita Cekak
Yaiku crita iku dumadi adhedhasar saka
urutan sawijining kedadeyan utawa
prastawa, ana paraga (tokoh) lan
paraga iku nglakoni sawijine
rerangkening konflik utawa
cecongkrahan.
Unsur Cerita Cekak (intrinsik)
 Tema
Tema iku minangka ide pokok utawa masalah sing utama kang
ndhasari lakuning crita.
 Setting (latar belakang)
Setting iku minangka latar belakang sing mbantu cethaning
laku cerita, yaiku setting wektu, papan/panggonan, sosial
budaya/suasana.
 Punjering Crita (sudut pandang)
Punjering crita diperang dadi 3 yaiku:
 Sudut pandang paraga utama (kata ganti orang pertama)
 Sudut pandang paraga bawahan (kata ganti orang ketiga)
 Sudut pandang impersonal (pengarang berada diluar cerita)
 Alur (plot)
Yaiku rerangkening/cengkoronganing prastawa ing
crita. Alur dibagi dadi 3 yaiku alur maju, alur
mundur, lan alur campuran
 Tokoh lan Penokohan
Tokoh punika paraga, Penokohan punika
nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku
 Konflik (cecongkrahan)
Yaiku perkara kang dadi punjere cerita/pokok
masalah ana ing cerita
Nilai kang Kaandhut ing Sajroning Cerkak

• Nilai Budaya
Sesambungane karo pamikir, pakulinan, lan asil karya cipta
• Nilai Sosial
Sesambungane karo tata laku pasrawungan antaane
pawongan siji lan liyane
• Nilai Moral
Sesambungane karo tumindak manungsa kang becik utawa
ala
• Nilai Religius
Sesambungane karo keagamaan utawa kepercayaan
kang dianut
• Nilai Pendidikan
Sesambungane karo owah-owahan tingkah laku saka
ala dadi becik
• Nilai keindahan
Sesambungane karo bab-bab kang narik kawigaten,
kaendahan, lan seni
• Nilai Etika
Sesambungane karo sopan santun lan subasita ing
bebrayan (masyarakat)
• Nilai Politis
Sesambungane karo pamarentah
• Nilai Kemanusiaan
Sesambungane karo sipat-sipat manungsa
Sinopsis
Yaiku ringkesan cerita saka alur kang
dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake
isi cerita sakabehe.
Bab kang kudu digatekake nalika nulis
sinopsis yaiku:

1. Tema : gagasan pokok/pokok cerita


2. Latar/setting : papan lan wektu dumadine
prastawa(peristiwa)
3. Alur/plot : lakuning cerita
4. Tokoh lan penokohan : paraga lan karakter
paraga ing cerita
maturnuwun

Anda mungkin juga menyukai