Anda di halaman 1dari 8

GLADHEN SOAL

1. Uyon-uyon inggih menika ....


a. Gegendhingan nabuh gamelan
b. Gegendhingan kangge ngiringi wayang
c. Gegendhingan ing adicara kethoprak
d. Gegendhingan kangge ngiringi tari
e. Gegendhingan kangge ngiringi maneka warna pagelaran
2. Peranganing uyon-uyon inggih menika ....
a. Panabuh, pambeksa, pasindhen, lan gamelan
b. Gendhing, niyaga, gamelan, lan pasindhen
c. Dhalang, wayang, pamirsa, lan pasindhen
d. Gamelan, gendhing, pambeksa, lan pasindhen
e. MC, gamelan, pasindhen, lan pamirsa
3. Namaning tetabuhan ingkang peranganipun kathah sanget, inggih menika ....
a. Laras
b. Gamelan
c. Gendhing
d. Wilahan
e. Kawatan
4. Gamelan ingkang namung wonten salaras, dipunwastani ....
a. Set gamelan
b. Saperangkat
c. Gamelan gendhing
d. Sapangkon
e. Ladrang gamelan
5. Gamelan saperangkat punika anggadhahi 2 laras, inggih punika laras slendro saha pelog.
Laras pelog titi larasipun inggih punika ....
a. 1 2 3 4 5 6 7
b. 1 2 3 5 6
c. 2 3 4 5 6 7
d. 1 2 3 4 5 6
e. 1 2 3 5 6 7
6. Piranti gamelan ingkang nggadhahi janget (tali wacucal ingkang kangge nyepeng
tebokan) saha suh (karah saking wacucal kangge ngencengi utawi ngendhoni janget)
dipunwastani ….
a. Bonang
b. Kendhang
c. Gong
d. Kempul
e. Gender
7. Piranti gamelan ingkang ukuranipun ageng piyambak, garis tengah langkung saking 90
cm, dipungantung wonten ing gayor saha ngginakaken pluntur dipunwastani ….
a. Kendhang batangan
b. Kendhang gendhing
c. Kendhang ketipung
d. Gong suwukan
e. Gong ageng
8. Demung kalebet jinis gamelan ....
a. Tebokan
b. Pencon
c. Pipa
d. Wilahan pencon
e. Wilahan
9. Bonang lan gong kalebet jinis gamelan ....
a. Kawatan
b. Wilahan
c. Tebokan
d. Pencon
e. Wilahan pencon
10. Tukang nabuh gamelan dipunwastani ....
a. Wiyaga
b. Dhalang
c. Drummer
d. Wiraswara
e. Swarawan
11. Piyantun kakung ingkang nyekar ing pagelaran uyon-uyon dipunwastani ....
a. Swarawan
b. Swarawati
c. Wiraswara
d. Ira Swara
e. Panyuwara
12. Pagelaran uyon-uyon punika asring katindakaken kanggé panglipur ing acara-acara
mirunggan, kejawi ....
a. Selapanan lare
b. Merti dhusun
c. Wayangan
d. Sunatan
e. Syukuran
13. Tembang kangge mbukani gendhing utawi miwiti gendhing tanpa tabuhan inggih menika
....
a. Cakepan
b. Irama
c. Bawa
d. Gerong
e. Senggakan
14. Ingkang kalebet tuladha sekar kangge pagelaran gamelan Jawi, inggih punika ....
a. Suwe ora jamu
b. Balungan kere
c. Ketawang Ibu Pertiwi
d. Dalan anyar
e. Stasiun Balapan

Kagatosna cakepan sekar ing ngandhap punika!


Ayo kanca, ayo kanca
Ngayahi karyaning praja
Kene kene, gugur gunung tandang gawe
Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane
Lila lan legawa kanggo mulyaning 3egara
Siji (loro) telu (papat) maju papat-papat
Diulang-ulungake mugi enggal rampunge
Holobis kontul baris 4x
15. Suraosing Sekar Gugur Gunung ngajak kita supados ....
a. Gotong royong kanthi ikhlas
b. Kedah saged mujudaken kekajengan pribadi
c. Dados pemimpin nagari kedah adil
d. Gotong royong supados dipuji
e. Reresik ing pinggiran gunung ingkang longsor
16. Namaning gamelan ing ngandhap, inggih punika ….

a. Demung
b. Bonang
c. Kecer
d. Slenthem
e. Gender
17. Gamelan ing ngandhap kalebet jinis gamelan ….

a. Kawatan
b. Wilahan
c. Tebokan
d. Pencon
e. Pipa
18. Cariyos cekak inggih menika ....
a. Wujud cariyos pengalaman ingkang ngginakaken basa krama utawi ngoko
b. Cariyos cekak ingkang saged dipunwaos sapisan rampung saha kirang saking 1000
tembung
c. Wujud cariyos ingkang wosipun nyariyosaken pengalaman dhiri pribadi
d. Cariyos kadadosan ing manca nagari adhedhasar analisis lapangan
e. Cariyos cekak ingkang saged dipunwaos sapisan rampung saha langkung saking
1000 tembung
19. Unsur ingkang wonten ing salebeting cariyos cekak dipunwastani ....
a. Ekstrinsik
b. Instrinsik
c. Point of view
d. Setting
e. Gaya bahasa
20. Ing ngandhap menika unsur instrinsik saha ekstrinsik ing cerkak, kejawi ....
a. Latar wekdal ing salebeting cariyos
b. Lelewaning basa
c. Latar belakang gesanging panganggit
d. Kahanan sosial cariyos
e. Kaendahan wosing cariyos
21. Priya lan Sefa tepung rikala kuliyah ana ing UNY. Tepung tegesipun ....
a. Glepung
b. Gandum
c. Kenal
d. Dadi yang
e. Katampa
22. Priya saiki lagi gladhen nyiapake pentas kanggo mahargya Undang-undang
Keistimewaan Jogja. Tembung gladhen tegesipun ....
a. Nggarap
b. Acara
c. Latihan
d. Sibuk
e. Rajin
23. “Sing kudune wektune bisa kanggo ngaso lan ketemu anak bojo malah ilang tanpa tanja”.
Tembung ilang tanpa tanja tegesipun ....
a. Ilang tanpa ana paedahe
b. Ilang tanpa jejak
c. Ilang tanpa bekas
d. Ilang tanpa kabar
e. Ilang tanpa nglarani
24. Olehe mancal sepedha disepud. Tembung sepud tegesipun ....
a. Gas
b. Obel
c. Genjot
d. Nekat
e. Rikat
25. “Aja kowe umuk arep dadi juragan, ora bakal Supirah dakwenehake kowe”. Tembung
umuk tegesipun ....
a. Gumbedhe (omong gedhe)
b. Ngomong sinis
c. Ngandhani
d. Pamer
e. Nyalonke awak
26. “Yen medhayoh aja yah mene iki, wayahe wong mangan”. Tembung medhayoh
tegesipun ....
a. Ngundang
b. Lunga
c. Mertamu
d. Ulem-ulem
e. Narima dhayoh

Kagatosaken cuplikan pawarta ing ngandhap punika kangge mangsuli pitakenan


nomer 27 lan 29!

Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv-
Wulan Sura mujudaken wulan mirunggan menggahing keraton Ngayogyakarta. Ing
Wulan Sura, atusan pusaka kagungan Dalem Keraton Ngayogyakarta dipunwedalaken
saking papan palereman saprelu dipunjamasi. Amrih rancaging upacara jamasan,
sadanguinipun kalih dinten wisata Keraton Ngayogyakarta dipuntutup kangge
wisatawan.

Upacara jamasan ingkang ajeg dipunadani saben taun punika boten binuka kangge
masyarakat. Salah satunggaling abdi dalem Ngayogyakarta ngandharaken jamasan
pusaka dipuntindakaken kalih dinten awit wonten kalih atus pusaka ingkang
dipunjamasi. Sri Sultan Hamengku Buwana X ngandharaken bilih keraton ajeg ngadani
jamasan pusaka saben taunipun. Ngarsa Dalem njamasi piyambak pusaka ingkang
sampun sepuh inggih punika tumbak Kangjeng Kyai Ageng Pleret lan Baru Klinthing.
Wondene ancasipun Keraton Ngayogyakarta nindakaken jamasan pusaka saben taun
inggih punika supados kagungan dalem pusaka Keraton Ngayogyakarta saged awet.

27. Teks ing nginggil kalebet jinis ….


a. Feature
b. Esai
c. Argumentasi
d. Pawartos
e. Kolom
28. Sarining (inti) pawarta ing nginggil inggih punika ….
a. Keraton Ngayogyakarta dipuntutup
b. Keraton Ngayogyakarta badhe ngawontenaken upacara siraman pusaka ing Wulan
Sura punika
c. Keraton Ngayogyakarta badhe ngadani pisowanan ageng
d. Pengetan setunggal Sura kanthi upacara mebeng beteng keraton
e. Upacara jamasan pusaka wonten Pura Pakualaman
29. Ing ngandhap punika pratelan ingkang jumbuh kaliyan pawarta, inggih punika ….
a. Keraton Ngayogyakarta badhe ngawontenaken upacara siraman pusaka ing Wulan
Maulud punika
b. Upacara jamasan pusaka dipunadani saben kalih warsa sepisan
c. Upacara jamasan pusika dipunadani dangunipun tigang dinten
d. Sri Sultan njamasi piyambak pusaka ingkang sampun sepuh
e. Upacara jamasan katindakaken binuka kangge masarakat
30. Titikan utawi ciri-ciri artikel ingkang sae inggih punika ….
a. Irah-irahanipun panjang
b. Basa ingkang dipunginakaken nggladrah
c. Wonten paraganipun kathah
d. Alur ceritanipun rumit
e. Isinipun jumbuh kaliyan irah-irahanipun
31. Ing ngandhap punika jinising artikel, kejawi ….
a. Opini
b. Antologi geguritan
c. Tajuk
d. Kolom
e. Pendapat siswa

Kagatosna serat ing ngandhap punika kangge mangsuli pitakenan nomer 32 – 38!
32. Serat ing nginggil kalebet jinis serat ….
a. Sedhahan
b. Lelayu
c. Iber-iber
d. Kitir
e. Ulem
33. Perangan angka 1 dipunwastani ….
a. Titi mangsa
b. Adangiyah
c. Purwaka
d. Satata basa
e. Peprenah
34. Perangan angka 2 dipunwastani ….
a. Titi mangsa
b. Adangiyah
c. Purwaka
d. Satata basa
e. Peprenah
35. Perangan angka 4 dipunwastani ….
a. Adangiyah
b. Purwaka
c. Wasana basa
d. Peprenah
e. Surasa basa
36. Perangan angka 6 dipunwastani ….
a. Titi mangsa
b. Satata basa
c. Peprenah
d. Tapak asma
e. Wasana basa
37. Perangan angka 7 dipunwastani ….
a. Titi mangsa
b. Satata basa
c. Peprenah
d. Tapak asma
e. Wasana basa
38. Perangan angka 9 dipunwastani ….
a. Titi mangsa
b. Satata basa
c. Peprenah
d. Tapak asma
e. Nama terang
39. Unsur-unsur ingkang kedah kawrat wonten ing serat ulem, kejawi ….
a. Nama ingkang tinuju
b. Pambuka
c. Nama lan yuswa ingkang tinuju
d. Isi
e. Nama ingkang paring serat
40. Ing ngandhap punika perangan ingkang kedah dipunserat wonten ing serat lelayu inggih
punika ….
a. Asmanipun ingkang seda, sedanipun kapan, kaserekaken wonten pundi, pengirim
pawartanipun sinten
b. Asmanipun ingkang seda, sedanipun kenging menapa, ngasta wonten pundi
c. Asmanipun ingkang seda, putranipun pinten, ngasta wonten pundi
d. Asmanipun ingkang seda, yuswanipun pinten, nalika gesang sae menapa boten
e. Asmanipun ingkang seda lan pengirim pawarta kemawon

Anda mungkin juga menyukai