Anda di halaman 1dari 3

TULISEN ING BUKU TUGASMU!

PIWULANG 1
A. BASA LISAN
Basa lisan yaiku jenis basa sing digunakake utawa diandharake sarana lisan, dibatesi
anane panggonan lan wektu (empan papan). Panganggone basa lisan tujuwane
kanggo nggampangake wong sing ngomong.
Ciri – ciri basa lisan yaiku :
1. Langsung
2. Ora kaiket dening ejaan ananging kaiket dening kahanan nalika micara
3. Ora efektif
4. Ukarane cendhak-cendhak, kepedhot, lan ora jangkep
5. Lagune ukara kudu situasional
Tuladhane basa lisan :
1. Mbak, aku ngko bengi ra isa teka merga cah – cah neng omah ra na kancane
2. Lek rung ngerti dhewe ra sah ngomong, isa – isa kowe malah disalahne
B. UNGGAH – UNGGUH BASA
Unggah – ungguhing basa yaiku pranataning basa manut lungguhing tata krama. Tata
krama yaiku samubarang kang ana sambung rapete karo wong kang lagi ngomong
supaya runtut anut paugeraning paramasastra. Wujude unggah – ungguh basa Jawa :
1. Ngoko lugu
2. Ngoko alus
3. Krama lugu
4. Krama alus

1. Basa ngoko lugu


Titikane basa ngoko lugu :
a. Tetembungane ngoko
b. Nggunakake ater – ater tripurusa (dak, ko, di) ngoko
c. Panambang (ku, mu, e, ake) ngoko
d. Tembung sesulih utama purusa : aku, madyama purusa : kowe
Panganggone basa ngoko lugu :
a. Menyang sapadha – padha kang wis kulina banget
b. Menyang sing luwih enom (guru marang murid, wong tuwa marang wong
enom)
Tuladha :
Dhik, kowe mengko yen mulih arep numpak apa? Apa gelem tak terke?
2. Basa ngoko alus
Titikane basa ngoko alus :
a. Tetembungane ngoko kecampuran krama inggil
b. Tembung sesulih utama purusa : aku, madyama purusa : kowe diganti
panjenengan
c. Yen luwih sepuh diganti : kiraka, kangmas, mbakyu
d. Yen luwih enom diganti : sliramu, keng slira, adhi, dhimas
e. Ater – ater lan panambang ngoko
f. Tembung krama inggil digunakake ing tembung wasesa (kt.kerja)
Panganggone basa ngoko alus :
a. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate
b. Garwane priyayi marang sing kakung
c. Priyayi marang priyayi yen wis ngoko – ngokoan
Tuladha :
 Ngoko lugu : Dhik, kowe mengko yen kondur arep numpak apa? Apa gelem tak
terke?
 Ngoko alus : Dhik, sliramu mengko yen kondur arep nitih apa? Apa kersa
takdherekake?
3. Basa krama lugu
Titikane basa krama lugu :
a. Tetembungane madya
b. Ater – ater lan panambang krama
c. Tembung kowe diganti sampeyan
Panganggone basa krama lugu :
a. Kanggo marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni
b. Garwane priyayi marang sing kakung
c. Priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek drajate
Tuladha :
 Ngoko lugu : kowe kuwi manawa lunga menyang kantor apa isih kuwat
motoran?
 Krama lugu : sampeyan niku menawi kesah dhateng kantor napa taksih kiyat
motoran?
4. Basa krama alus
Titikane basa krama alus :
a. Tetembungane krama lan krama inggil
b. Ater – ater lan panambang krama
c. Tembung sesulih utama purusa aku diganti kula, madyama purusa kowe
diganti panjenengan
Panganggone basa krama alus :
a. Wong enom marang wong tuwa
b. Murid marang gurune
c. Andhahan marang pimpinane
d. Kanca karo kanca sing during kulina
Tuladha :
 Ngoko lugu : kowe kuwi manawa lunga menyang kantor apa isih kuwat
motoran?
 Krama alus : panjenengan menika menawi tindak dhateng kantor menapa
taksih kiyat motoran?
GLADHEN 1
Ukara – ukara ing ngisor iki salinana nganggo basa ngoko alus!
1. Bu Darti, kapan arep mara ing Semarang?
2. Om, ndang mangan dhisik kana, panganane mundhak selak dipencoki laler
3. Mbak Sari adus dhisik kana, aku tak keri wae
4. Tante iki klambimu ta? Kok apik temen
5. Pakdhe mau bengi nonton wayang ing Magetan karo bapakku
6. Bapak nggawa sepedha apa ora?
7. Pak likmu ki ora seneng ngombe wedang legi
8. Coba pak surat saka kantor iki wacanen
9. Eyang wis turu wiwit sore, sajake kesel banget
10. Bu Rani kowe maeng diceluk Pak Kepala kongkon mara ing ruangane

Anda mungkin juga menyukai