Anda di halaman 1dari 7

STRUKTUR FISIK

GEGURITAN
Pertemuan 3 : Geguritan
Struktur lair/ fisik ana 4:

1. Tipografi

2. Imaji/ Panyitra

3. Lelewane basa

4. Purwakanthi
Tipografi (bentuk fisik geguritan)
Tuladha:
1) apa ana geguritan sing ditulis mepet kiwa/ ana sing mepet tengen/
mepet tengah/ liyane
2) ana kang pada 1 nganti 3 mepet kiwa, banjur pada sateruse mepet
tengah
3) ana kang ukarane cekak cekak banget, anak sing ukarane dhawa dhawa/
campuran
4) ana kang saben ukara diwiwiti ukara kapital/ kabeh ukarane cilik-cilik
5) ana sing nggunakake tandha titik (.), tandha pitakon (?), panyeru (!),
koma (,) ing sajrone geguritan kasebut ditemokake ing gatra endi
Imaji/ Panyitra
1. Imaji paningal (penglihatan)
Tuladha: endahe eseme ibu
netremake ati

2. Imaji pangrungu (pendengaran)


Tuladha: swarane manuk gagak
mecah tengahe wengi

3. Imaji Pangganda (penciuman)


Tuladha: arume kembang ing
jroning petamanan
4. Imaji pangrasa (perasaan)
Tuladha: abote rasa nalika
kelangan sliramu, mas

5.Imaji panindak
Lelewane Basa (gaya bahasa)

1. Tembung kawi : tembung sing asale saka basa jawa kuna. Carane
cek tembung basa kawi apa ora ing web ngisor iki/ search liyane.
https://www.maknaa.com/kawi-indonesia?start=m

2. Pepindhan : unen-unen basa jawa kang ora ngemu makna kang


sabenere. Sajrone basa indonesia diarani pengandaian/ pengibaratan.
Ukara geguritan sing nggunakake pengandaian kalebu menyang
pepindhan.
Tuladha : kaya kaya ora ana enteke, saben dina gelut kaya kucing lan
tikus
bisa uga tuladha pepindhan sing wis ana dideleng ing
https://lenteramata.com/pepindhan/
3. Tembung Saroja : tembung loro utawa luwih sing nduweni arti sing
padha/ meh padha.
Tuladha: sanak sedulur, mukti wibawa, welas asih, lsp
https://ngertiaja.com/contoh-tembung-saroja/

4. Tembung Entar : tembung sing ora bisa diartikake sawantahe/


salugune wae. Sajrone basa indonesia diarani kata kiasan/ konotatif.
Tuladha: gedhe endhase, rai gedheg, jembar kawruhe, lsp
https://sandekala.com/contoh-dan-arti-tembung-entar/

5. Yogaswara : tembung loro ateges lanang-wadon kang mung beda


wandane pungkasan. Dene bedane yaiku wandane kang ngarep mawa
swara "a", wandane kang mburi mawa swara "i“
Tuladha: dewa-dewi, siswa-siswi, putra-putri, lsp
PURWAKANTHI
1. Purwakanthi Swara : sing diulang yaiku aksara vokal
Tuladha : wengi sepi ing pinggire giri nggawe tentreme ati

2. Purwakanthi Sastra : sing diulang yaiku aksara konsonan


Tuladha : ati iki nglangut tanpa tepi

3. Purwakanthi Basa/ Lumaksita : sing diulang yaiku tembung/ kata


Tuladha : tanpa welas sira lunga adoh tanpa kabar
tanpa welas sira nglarani atine anak lan bojomu

=> purwakanthi bisa digoleki ing 1 baris/ beda baris


Tuladha : nanging aku manungsa lumrah
tan kalis ing luput lan salah
Purwakanthi swara
muga Gusti paring berkah
=> yen diawali vokal purwakanthi swara,
yen diawali konsonan purwakanthi sastra

Anda mungkin juga menyukai