Anda di halaman 1dari 5

GEGURITAN utawa dicekak guritan yaiku sawijine karya sastra kang basane cekak, mentes

lan endah.

Geguritan asale saka tembung "gurit" kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan.

Geguritan kaperang dadi loro :

 Geguritan gagrag lawas


 Geguritan gagrag anyar ( Puisi Jawa Modern )

Geguritan Gagrag Lawas (Geguritan Tradisional)

iku darbe paugeran mangkene:

· Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra.

· Cacahing wanda saben gatrane ajeg, yaiku ana wolung wanda.

· Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara

(kaya syair ing Kasusastram Indonesia).

· Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit.

· Geguritan gagrag lawas lumrahe isi piwulang : Upamane bab tatakrama

Geguritan Gagrag Anyar

Dene geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo geguritan
gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya
paugerane geguritan gagrag lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas ing
kasusastran Indonesia , mula geguritan gagrag anyar ana kang ngarani “puisi bebas”.

Titikane geguritan :

1. Ora kawengku ing pathokan

2. Nggunakake tembung kang pinilih

3. Ora nggunakake basa padinan lan arang nggunakake tembung pangiket

4. Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa

5. Isine mentes
UNSUR-UNSUR GEGURITAN

 Unsur Intrinsik

1. Tema/ Liding Cerita : gagasan pokok kang disuguhake dening panganggit.

2. Pamiling tembung/diksi : pilihan tembung kang trep/mathuk kango geguritan.

3. Lelewaning basa/gaya bahasa : mbudidayane panganggit kanthi milih tembung-tembung


kang dironce kanti endah saenggo ngasilake ukara kang ngandut lelewaning basa.

Tuladha lelawaning basa :

a. Personifikasi : ngumpamakake barang kaya tumindake manungsa

tuladha : Serngenge iku ngguyu mesem marang sliramu.

b. Metafora : mbandingake barang marang barang liyane kang sipate pada.

tuladha : Sulastri kui kembang desa ing Telagareja.

d. Repetisi : penganggit kepingin nuduhke maksude ing geguritan kanthi mbolan-mbaleni


tembung.

tuladha : Aku wis ngomong yen aku ora ngapusi, aku ora mblenjani.

4. Citraan/imajinasi : gambaran angen-angen/imajinasi penganggit kang diwujudake kanti


indra.

5. Latar : nggambarake papan, swasana, wektu kangge narik kawigaten.

6. Pesen/amanat : pesen, nasihat, utawa piwulang becik kang diwedharake penganggit


lumantar geguritan.

 Unsur ekstrinsik

1. Biografi : latar belakang/ riwayat uripe penulis

2. Nilai ing sajerone crita : kayata ekonomi, politik, sosial, adat-istiadat, budaya, lan
sapanunggalane.

3. Kemasyarakatan : kahanan sosial nalika geguritan ditulis.

PAUGERANE GEGURITAN:

1. Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

2. Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik.

3. Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetra bae.

4. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane.
STRUKTUR TEKS GEGURITAN :

 Struktur Fisik

 Tipografi (bentuke geguritan)


Yaiku wangun geguritan kang tinulis ora ngebaki larik lan ora kudu kawiwitan
aksara gedhe (huruf kapital), serta ora dipungkasi tandha titik. utawa tandha
pawacan liyane.

 Diksi (Pilihane Tembung)


Yaiku pamilihe tetembungan kang maknane mentes (padat), kang bisa negesi
pirang-pirang kekarepan kanthi nggatekake larasing unine tembung.

 Imajinasi (pengungkapan pengalaman indrawi).


Yaiku rerangken tetembung ing geguritan bisa medharake pengalaman indrawi,
kayata : paningal, pangrungon, lang pangrasa, saengga pamaos bisa kagawa ing
swasana kaya kang dialami panggurit. Imaji kaperang dadi 3 yaiku :
A. Imaji swara (auditif)
B. Imaji paningal (visual)
C. Imaji raba/sentuh (taktil)

 Tembung Konkret. Yaiku tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indra
kang bisa nuwuhake imaji. Tembung konkret ing kene bisa arupa pepindhan
(kiasan) utawa pralambang.
Tuladhane : bun (embun) bisa dadi pralambang wening, niyat suci, tulus, endahing
swasana sesuk, lsp.

 Busananing Basa (gaya bahasa). yaiku panganggone basa kang bisa nguripake
swasana lan nuwuhake anggepan (konotasi) tertamtu serta bisa nuwuhake rasa
kaendahan. Busanane basa ing geguritan bisa arupa Basa Rinengga kang maneka
warna.

 Wirama (Rima) yaiku runtuting swara (uni) ing geguritan kang bisa ing wiwitan,
tengah, utawa ing pungkasaning gatra (larik).

 Struktur Batin

 Tema/Makna (Sense)
Yaiku kekarepan utawa maksud tertamtu kang kinandhut ing saben tembung,
gatra (larik), pada (bait), lan sakabehe pada ing geguritan.

 Rasa (Feeling)
Yaiku pandungkape rasa (sikap) panggurit tumprap bakune pirembungan kang
kinandhut ing geguritan kang ditulis. Pandungkape rasa kang kinandhut ing
geguritan iki ana sambung rapete karo blegere (sosok/latar belakang) panggurit,
yaiku saka latar belakang agama, pendhidhikan, jenis kelamin, kelas sosial,
jabatan/kedudukan ing masyarakat, umur, pengalaman sosilogis lan psikologis,
lan kawruh (pengetahuan) panggurit.
Kekarepan isining geguritan lan jeroning makna kang bisa didungkap ing
geguritan kasebut bisa gumantung saka latar belakang panggurit.

 Nada (tone)
Yaiku kekarepane panggurit marang pamaos salaras karo isine geguritan.
kekarepan iki bisa arupa pesen kang sipate ngguroni (menggurui), ndhikte
(mendikte), kerja sama , ngudhari prakara (memecahkan masalah), masrahake
(mborong kersa) marang para maos, lan sapituture.

 Amanat
Yaiku pesen kang kang kinandhut ing geguritan diandharake panggurit marang
pamaos.

KANG KUDU DUPERHATIKNA NALIKA MACA GEGURITAN (4W) :

Wicara : pocapan cetha, leres, jelas, tegas, boten bindheng, boten blero.

Wirama : minggah mandhapipun swanten, lirih saha seronipun swanten (irama)

Wirasa : ngraosaken salebeting manah ing geguritan (susah, semangat, nelangsa)

Wiraga : ekspresi /patrap (sikep, obahipun badan, lan pasemon (rai).


MAKALAH
BAHASA BANTU (BAHASA JAWA)
BAB GEGURITAN
Dosen Pengampu : Sri Hastuti, S.S, M.Pd.

Oleh :

Aldi Dwi Saputra (K1217004)

Melinda Kusuma Ningrum (K1217040)

Novia Nur Afsani (K1217052)

Novy Dwy Safika (K1217054)

Nur Azmifatonah (k1217056)

Nurul Sardiyah (K1217058)

Rahayu Prasetyowati (K1217062)

UNIVERSITAS SEBELAS MARET


FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
PROGAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA INDONESIA
SURAKARTA
2017

Anda mungkin juga menyukai