4.1 Menginterprestasi, menanggapi, dan memperagakan teks drama, puisi dan prosa sesuai isi
dengan bahasa yang komunikatif.
Tujuan Pembelajaran
Setelah mempelajari materi, diharapkan siswa mampu :
A. RINGKESAN PIWUCAL.
B. JINISIPUN GEGURITAN
Geguritan jinisipun wonten kalih :
1. Geguritan gagrak lawas
Geguritan menika ngginakaken basa jawa kina lan kapérang wonten ing pupuh–pupuh
tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan menika ugi
kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang ngangge Purwakanti guru-swara.
Paugeranipun geguritan gagrak lawas ingkang sampurno inggih punika:
a. Cacahipun gatra mboten ajeg, nanging lumrahipun sakedhikipun wonten sekawan
gatra.
tembung sing kasar. Kang wigati (penting) pamilihan tembung mau bisa kanggo
nguatake surasa(makna) utawa rasa swasana geguritan kang ditulis.
Ana panulis kang migunakke basa rinengga (Materi kelas X Semester 2 Bab 1) ana
uga kang migunakake basa lumrah (bahasa sehari-hari)
Basa Rinengga kang asring digunakake kayata :
a. Purwakanthi
Purwa : Wiwitan, ngarep; Kanthi : nggandheng, melu. Purwakanthi iku tembung
kang nduweni swara runtut lan lumrah tinemu ing karya sastra. Jinise purwakanthi
ana 3 yaiku:
Purwakanthi Guru Swara.
Yaiku purwakanthi kang awewaton (didasarkan) runtuting swara (vocal),
mapane ana ing mburi tembung, frase, bisa uga ukara. Tuladha :
- Rata-rata padha lara mata
Ing tuladha ukara iki, huruf vocal saben pungkasan tembung iku padha.
- Witing tresna, jalaran saka kulina.
Purwakanthi Guru Basa
Yaiku purwakanthi kang adhedhasar runtuting sastra, utawa bisa awujud
konsonan kang dibaleni, mapan ana ing ngarep tembung. Tuladha:
- Sluman, Slumun, Slamet
- Bobot, bibit, bebet, lsp
Purwakanthi Guru Basa/ Lumaksita.
Yaiku purwakanthi kang adhedhasar runtuting wanda(suku kata) bisa uga
tembung, mapane sejajar. Tuladha:
- Akukududuwewedhus
- Nandhang lara, larane wong lara lapa.
b. Tembung Kawi
Tembung kawi yaiku tembung-tembung jawa kuna, panganggone tembung kawi
daianggep bisa kanggo nambah kaendahan lan surasa saka geguritan.
Tuladha :
Tresnaku marang sliramu, kaya ilining tirta saka kali menyang segara.
Tembung tirta kalebu tembung kawi, kang duweni arti “Banyu”
c. Lsp (tuladha basa rinengga lintune saged dipuntingali dhateng pepak Basa
Jawa)
3. IMAJI/ PANYITRA.
Sajroning geguritan para panggurit migunakake tetembungan kang nduweni daya
panyitra/imajinasi kanggo nglairake gagasan. Imaji iku antarane yaiku Paningal (sing
bisa ditonoton), Pangrungu, lan Pangrasa.
4. TEMBUNG KONKRET
Yaiku tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indra kang bisa nuwuhake imaji.
Tembung konkret ing kene bisa arupa pepindhan (kiasan) uatawa pralambang.
Tuladha: bun (embun) bisa dadi pralambang wening, niyat suci, tulus, endahing
swasana esuk, lsp.
5. BUSANANING BASA (GAYA BAHASA)
Yaiku panggone basa kang bisa nguripake swasana lan nuwuhake anggepan
(konotasi) tartamtu sarta bisa nuwuhake rasa kaendahan.
6. WIRAMA (RIMA)
Yaiku runtuting swara ing geguritan kang bisa ing wiwtan, tengah, utawa ing
pungkasaning gatra (larik)
b. Struktur Batin
Struktur batin yaiku wujud geguritan kang ora kasat mata. Struktur batin iki diwangun
dening struktur fisik wau. Mulane antarane struktur fisik lan batin iku padha pentinge.
1. TEMA/MAKNA (SENSE)
Yaiku kekarepan utawa maksud tartamtu kang kinandhut ing saben tembung, gatra
(larik), pada (bait), lan sakabehe pada ing geguritan.
2. RASA (FEELING)
Yaikut pandungkape rasa (sikap) panggurit tumrap bakune pirembugan kang
kinandhut ing geguritan kang ditulis. Pandungkape rasa kang kinandhut ing geguritan
iki ana sambung rapete karo blegere (sosok/latar belakang) panggurit, yaiku saka latar
belakang agama, pendhidhikan, jenis kelamin, kelas sosial, jabatan/kedudukan ing
masyarakat, umur, pengalaman sosilogis lan psikologis, lan kawruh (pengetahuan)
panggurit.
3. NADA (TONE)
Yaiku kekarepane panggurit marang pamaos salaras karo isine geguritan. Kekarepan
iki bisa arupa pesen kang sipate ngguroni (menggurui), ndhikte (mendikte), kerja
sama, ngudhari prakara (memecahkan masalah), masrahake (mborong kersa) marang
para maos, lan sapiturute.
4. AMANAT
Saben panggurit mesthi nduweni tujuan nalika ngarang geguritane. Tujuan utawa
amanat iki didhelikake, sinandhi ing reroncening tembung, ukara, gatra, lan pada.
Geguritan sing becik iku geguritan kang duwe guna paedah tumrap bebrayan utawa
tumrap para pamaose.
https://pengetahuan34.blogspot.com/2016/02/materi-basa-jawa-geguritan.html
Buku Sastri Basa Kanggo SMA/SMK/MA/MAK/ Dinas Provinsi Jawa Timur.