KELAS XI
Tahun Pelajaran 2021/2022
Sumber Belajar : Buku Paket Sastra Basa Kelas XI (Buku Cetak utawa PDF
ingkang dipunshare)
Materi : Wulangan 4- Tuntunan Jroning Tontonan
Wulangan 5- Kelakoning Tembang Macapat
Drama (Sandhiwara)
Tembung drama utawa sandhiwara asale saka basa Yunani kang nduweni teges sawijining
aksi/solah bawa utawa crita kang dipentasake dening para paraga. Tembung sandi nduweni teges
rahasia lan wara nduweni teges panggulawenthah (ngolah kejiwaan). Sandiwara iku ajaran sing
dilantarake kanthi siningit utawa ora terang-terangan.
Pagelaran drama iku ora mung dadi tontonan ing panggung wae. Akeh drama kang kagiyarake
lumantar medhia massa, kayata : lumantar radhio, televise, rekaman video, lan liya-liyane.
Salah siji ciri khase naskah drama yaiku awujud antawacana (dialog). Naskah drama iku
mujudake tetiron saka panguripane manungsa saben dinane. Mula saka iku dialog kang
digunakake mujudake pacelathon padinan kang nggunakake basa lisan kang komunikatif.
Unsur Intrinsik Sandhiwara
1. Tema
yaiku uderaning perkara kang arupa ide dhasar crita, tema sing dianggo ana ing
sandhiwara dumadi saka bab-bab kang kerep diprangguli ana bebrayan.
2. Purusa/Paraga (tokoh) lan watake
a. Purusa utama yaiku paraga kang paling akeh gegayutane karo paraga liya.
b. Purusa pambiyatu yaiku parga kang mbiyatu paraga utama. Watakwatune yaiku ciri-
ciri utawa karakter paraga.
3. Alur (dalaning crita) yaiku urut-urutan lakune crita.
4. Amanat yaiku pesen moral kang ana ing njerone crita.
5. Gaya bahasa yaiku tata cara panganggone basa kang bisa awujud dialek, tata ukara lan
majas.
Unsur Ekstrinsik Sandhiwara
Unsur ekstrinsik sandhiwara yaiku unsur kang ana ing sakjabane karya sastra, ananging unsur
Kuwi duweni pangaruh ing sistem organisme karya sastra.
Tembang yaiku sawijining rumpakan basa kanthi paugeran tartamte kang pangucape kudu
nggunakake kagunan swara. Mula ing temang Macapat ana perangan rasaning swara (titilaras)
lan rasaning basa (sastra).
Struktur Teks Tembang Macapat/ Paugeran Tembang Macapat:
a. Guru Gatra yaiku cacahing gatra (baris) saben sapada (bait)
b. Guru Wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra
c. Guru Lagu yaiku tibaning swara vocal ing pungkasaning gatra
Jenise Temang Macapat:
Jenise tembang macapat ana 11, saben jenis tembang macapat saliyane duwepaugeran
uga ngandhut filsafat uga nggambare siklus uripe manungsa.
1. Maskumambang
Nggambarake nalika manungsa isih ana ing alam ruh, durung lair lan isih ana ing
kandutane biyung.
2. Mijil
Nggambarake laire si jabang bayi, mijil tegese lair.
3. Sinom
Nggambarake kahanan manungsa nalika isih enom, sinom tegese anom, enom utawa
timur.
4. Kinanthi
Nggambarake kahanane bocah kang dituntun supaya slamet, tuntunan utawa dalane kudu
sing bener supaya cita-cita utawa pangarep-arepe bisa kawujud lan kalaksanan.
5. Asmaradana
Nggambarake kahanane manungsa kang lagi gandrung lan samubarang kang magepokan
karo tresna. Asmara tegese tresna/seneng, lan dana tegese geni.
6. Gambuh
Gambuh tegese jumbuh, sarujuk, utawa sawiji. Gambuh nggambarake wong kang
ngancik alam kulawarga.
7. Dhandhanggula
Nggambarake kahanan uripe manungsa kang nyenengake, mapan, mula, cukup sandhang,
pangan lan papan.
8. Durma
Nggambarake kahanane manungsa kang wis seneng lan sarwa kecukupan banjur
nindakake darma (sedekah lan tetulung marang sepadha-padha)
9. Pangkur
Pangkur saka tembung mungkur utawa mundur, tembang iki nggambarake uripe
manungsakang wiwit mungkurae hawa napsune.
10. Megatruh
Nggambarake kahanan uripe manungsa ang pisah antarane nyawa lan raga utawa
kahanan manungsa nalika sakaratul maut.
11. Pucung
Nggambarake kahanane manungsa nalika tekan pungkasaning lakon. Raga kang wis
pisah karo nyawa banjur diarani layon, jisim, utawa mayit lan sabanjure dibungkus mori
putih kang diarani dipocong.