Anda di halaman 1dari 6

PPT bahasa jawa

Natasya S.V
XI IPS 4/23
Struktur Teks Drama:

1. Jejer (orientasi), yaiku :


Perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure.
2. Pasulayan (komplikasi), yaiku :
Dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para paraga.
3. Pangudhare prakara (resolusi), yaiku :
Pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah.
Nilai moral ing teks drama

Pementasan drama uga bisa nduweni nilai moral lan amanate, saengga drama nduweni daya piguna
tumrap urip bebrayan. Nilai moral iku kaperang dadi patang jinis, yaiku :
1. Moral marang Gusti Kang Maha Kuwasa,
2. Moral marang sapadha-padhane manungsa,
3. Moral marang dhiri pribadi, lan
4. Moral marang alam lingkungan.
Teknik Ngrakit Teks Drama

Teks drama mujudake salah sawijining rumpakan karya sastra kang lumrahe dipentasake. Teks drama
bisa dikarang sapa wae adhedhasar pengalamane dhewe-dhewe. Teknik ngrakit teks drama bisa
katindakake kanthi cara:
1. Langsung, nemtokake tema, paraga, konflik, amanat, lan anta wacana.
2. Transformasi, ngowahi wujud karya gancaran menyang wujud pacelathon. Sing wigati nalika ngowahi
gancaran menyang wujud teks drama, ora ngowahi tema, paraga, setting lan amanate. Dene alure bisa
owah. Aja lali menehi kramagung.
3. Njarwakake (terjemahan) : nggunakake basa saliyane basa Jawa dadi teks drama basa Jawa.
Ngerancang lan mentasake teks drama
Supaya anggone mentasake teks drama ora nguciwani, sadurunge kudu andum gawe, yaiku:
a. Netepake sapa sutradarane.
b. Netepake sapa paraga-paragane kang cundhuk karo wewatekane.
c. Netepake sapa sing kajibah dadi juru riase.
d. Netepake piranti musik lan pangrawite.
e. Netepake property lan piranti kang salaras karo teks drama lan sapa sing kajibah nandangi.
f. Gladhen (maca, maragakake, akting, lan bloking)
g. Pementasan utawa pagelaran drama.
Ngomentari Pementasan Teks Drama

Bab kang prelu oleh kawigaten kanggo ngomentari teks drama, yaiku:
1. Swara: Ing pementasan, paraga kudu bisa ngatur suara supaya antawacanane bisa kaprungu kanthi
cetha dening pamiarsa (volume, intonasi).
2. Paraga: kudu bisa mitontonake polatan (ekspresi wajah) sedhih, gething, srengen, seneng, wedi,
bingung, sombong, ngantuk, lan utawa jumbuh karo panjaluke teks drama.

Anda mungkin juga menyukai