Anda di halaman 1dari 5

Teks Drama / Sandiwara

Dening Syuhud Immawan, S.S


Pangertenane Drama
• Drama iku nduweni teges sawijining olah seni kang dipentasake
dening para paraga ing panggung lan nduweni pesen utawa amanat
kang bias kanggo tepa-tuladha ing urip bebrayan.
• Cerita kang dienggo bisa ngisahake kedadean nyata ing alam ndunya
utawa rekadaya (fiksi)
• Ing sakjroning drama iku nduweni unsur-unsur :
Paraga, Setting, Alur, lan Dialog.
• Ing unsur paraga dewe kaperang dadi :
Paraga Utama, Paraga Pembantu, lan Paraga Figuran.
Jenis-jenis drama basa jawa
Miturut jenis /penyajian lakon jenis sandiwara bisa kaperang dadi
wolung jenis!
• Tragedi, yaiku lara lapane/duka. cerita sandiwara kang isine kebak
kasedihan. Pelaku utama saka wiwitan nganti pungkasan pagelaran
nasibe ora becik saengga penonton bias nduweni rasa sedih.
Tuladha : Romeo and Juliet, Malin Kundang
• Komedi, yaiku suka gembirane cerita sandiwara kang bisa nuwuhake
rasa lucu tumrap para penontone. Kelucuan ing sajrone drama asring
ngandut sindiran kritikan lan amanat kangge anggota masyarakat
tartamtu
• Tragekomedi, yaiku cerita sandiwara kang isine kebak kasedihan
ananging uga ngandhut perkara-perkara kang bisa andadekake
guyuning ati. Sedih lan gumujeng asring silih geganten.
• Opera, yaiku cerita sandiwara kang pacelathone dilagokake kanthi
kairing musik/gamelan. Drama punika luwih ngutamakake lagu lan
musik tinimbang lakon. Lakon namung minangka sarana mawon.
Opera kang cendek diarani OPERET
• Melodrama, yaiku cerita sandiwara kang pacelathone diucapake
kanthi iringan musik/gamelan.
• Farce, yaiku sandiwara kang wujude ora adoh saka dhagelan, kang
diutamakake ing cerita iki peran lucu kang bisa gawe guyune
penonton Lan krasa bungah
• Tablo, yaiku jenis sandiwara kang ngutamakake obahing paraga utawa
kaprigelane rikala akting. Para paraga boten ngucapake dialog,
ananging namung gerak-gerik kemawun kang ditampilake.
• Sendratari, yaiku minangka kolaborasi antarane seni
sandiwara/drama lan seni tari, para paragane padha nduweni
kaprigelan nari. Rangkaian prastawane asring diwujudake kanthi
tarian kang diiringi musik tanpa dialog. Nanging wonten narasi singkat
kang dipocapake kanggo ngerteni prastawa apa kang lagi
kapentasaken.
Tuladha : Sendratari Ramayana ing Prambanan Yogyakarta.

Anda mungkin juga menyukai