Anda di halaman 1dari 3

MATERI DRAMA JAWA

Definisi dan pengertian lengkap drama yaiku Cariyos /kisah ingkang ngelibataken konflik
utawa emosi lan didamel khusus namung kangge pertunjukan teater. Cariyos ingkang
didamel saged ngisahake kedadean nang alam ndunyo kelawan nyata utawa rekadaya.

Miturut Etimologi tembung drama saka basa Yunani, yaiku Draomai sing nduweni teges
tandang, tindak, lelakon. Drama yaiku karya sastra sing nduweni ancas tujuan nggambarake
panguripan manungsa kang bisa nyulihi ( makili panguripan saben dinane).

Drama asring sinebut sandiwara utowo teater . Tembung sandiwara asal saka basa jawa sing
artine wadi ( rahasia ) lan tembung wara ategese ajaran . Sandiwara biso di tegesake . Ajaran
kang di sampekake secara wadi uwoto ora terang-terangan . Ganeya mangkono? Awit saben
lakon ing drama sejatine ndandhut pesen/amanat utamane ajaran moral kango penonton e .

Jenis-jenis drama basa jawa

• Drama tragedi, Drama tragedi yaiku drama kang isine kadadeyan sing nrenyuhake
ati (sedhih).
• Drana komedi, Drama komedi yaiku drama kang medharake lakon sing lucu.
• Drama Tragekomedi, merupakan jenis drama yang dipadukan antara kisah drama
tragedi dan komedi.
• Drama Opera, merupakan drama yang dialognya disajikan dengan cara dinyanyikan
dan diiringi musik.
• Melodrama, merupakan jenis drama yang dialog dalam dramanya diucapkan dengan
diiringi musik.
• Drama Farce, merupakan drama yang menyerupai dagelan, tapi hanya pada beberapa
bagiannya.
• Drama Tablo, merupakan jenis drama yang para pemainnya tidak mengucapkan
dialogtetapi pemain lebih pada melakukan gerakan-gerakan.
• Drama Sendratari, merupakan penggabungan antara seni drama dan seni tari.

Pamilahe pacelathon ing pentas dramayaiku


• Dialog : pacelathon antara rong paraga/ luwih
• Monolog : pacelathon dhewean
• Prolog : pacelathon sing ditindakake ana ing wiwitan pentas drama
• Epilog : pacelathon sing ditindakake ana ing pungkasan pentas drama
STRUKTUR TEKS DRAMA

a) Orientasi
b) Komplikasi (Pasulayan)
c) Resolusi
d) Koda

Unsur intrinsik drama yaiku bab bab kang ana ing njero naskah drama, bisa digoleki kanthi
maca naskah drama kasebut.

Bab bab kang kalebu unsure intrinsik :


1. Tema
Saben karya sastra pasti nduweni tema, Tema yaiku bab kang dadi dashare naskah drama
digawe Tema uga bisa diarani masalah utama kang dadi sumber cerita.
2. Alur
Alur utawa plot yaiku urutan kedadeyan kang dilakoni paraga utama saka babak kapisan
nganti babak terakhir. Alur diperangake :
• Ngenalake masalah, yaiku kedadeyan wiwitan kang ndandekake masalah maslaah
kang dilakoni paraga paragane.
• Mangerteni isi crita saka perkenalan paraga lan watake.
• Masalah utawa konflik, yaiku kedadean kang isine ngenani masalah masalah kang
wiwit diadhepi paraga paraga ing cerita kasebut.
• Klimaks/puncak konflik, yaiku masalah sing saling angel kang diadepi paraga
paraga ing crita, yaiku kedadean kang isine nyritakake kahanan para paraga ing
pungkasaning crita drama.
3. Pacelathon
Miturut jinise pacelathon diperangake dadi loro. Miturut panggonan (prolog lan epilog) lan
miturut cacahing paraga (monolog lan dialog)
- Miturut Panggonan :
• Prolog : pacelathon kang ana ing ngarep drama (sadurunge paraga omong omongan )
• Epilog : Pacelathon kang dadi panutupe pementasan drama. Sing nyritakake prolog
lan epilog diarani narator.
- Cacahing paraga :
• Dialog : Pacelathon kang diucapake sambung sinambung antarane salah sawijining
paraga klawan paraga liyane.
• Monolog : Pacelathon kang ditindakake mung dening siji paraga lan paraga liyane.
4. Paraga lan Watake (Tokoh dan penokohan)
a. Paraga ing drama diperangake dadi :
• Tokoh utama : Paraga kang dadi sumber crita
• Tokoh pembantu : Paraga kang ana nduweni dialog nanging ora dadi pusat
penceritaan.
• Tokoh figuran : Paraga kang dianakake supaya kahanane dadi kaya nyata, nanging
paraga iki ora ngucapake dialog lan mung lewat saklebetan.
b. Miturut wtake, ing drama ana :
• Tokoh Antagonis : yaiku paraga kang nduweni watak kang ala, saengga ora
disenengi penonton.
• Tokoh Protagonis : yaiku paraga kang nduweni watak kang apik lan disenengi
penonton.
• Tokoh Tritagonis : Yaiku paraga kang bisa dadi kancane tokoh protagonis utawa
antagonis, bisa duweni watak kang apik utawa ala (penengah).
5. Amanat
Amanat yaiku pesen moral kang disampekake penulis naskah drama kanggo para penonton.
6. Latar Utawa Setting
Latar utawa setting diperangake dadi telu, yaiku latar wektu, latar panggonan, lan latar
swasana.
• Latar wektu : yaiku wektu kang digambarake nalika paraga paraga ngalami
kedadean kedadeyan ing panggung.
• Latar panggonan : Yaiku panggonan kang digambarake ing panggung saben babake.
• Latar swasana : Latar swasana di perangake dadi loro yaiku :

- Swasana alam : kedadean ing sekitar paraga, tuladhane : udan gerimis , swara
jangkrik lagi ngerik (bengi)
- Swasana ati : apa bae kang dirasakake paraga, tuladha : murka, nesu, was was,
seneng.

Anda mungkin juga menyukai