Anda di halaman 1dari 9

Indikator :

1. Menjelaskan pengertian drama tradisional


2. Menjelaskan ciri-ciri bahasa dalam teks drama
tradisional.
3. Menjelaskan struktur drama tradisional
4. Menjelaskan pesan moral drama tradisional.
5. Menyebutkan jenis-jenis drama tradisional.
1. Pengertian drama tradisional
Drama iku salah sawijine karya sastra sing
nduweni bageyan kanggo diperanake dening paraga
aktor.
Kosakata drama iki asale saka Basa Yunani sing
Maknane “aksi” utawa “tumindak”. Drama iku
bisa kasebut potret panguripan manungsa.
Seni drama utawa theater iku seni pertunjukan
Audio visual amarga bisa disadap kanthi
nggunakna indera pandheleng lan bisa dirungokake.
2. Menjelaskan ciri-ciri bahasa
dalam teks drama tradisional
Ciri-ciri bahasa teks drama tradisional :
 Nggunaake tembung kahanan, yaiku apik,elek,kurang
narik, lan liyane.
 Nggunaake ukara perbandingan, yaiku drama iki ora
luwih apik saka drama liyan
 Nggunakake konjungsi (kata penghubung) yaiku
nanging,amerga,sebab, senajan, menawa, lan liyane
 Kabeh crita ndhuweni dhialog.
 Naskah drama sing ditulis ing sajroning kurung kudu
ditindhakake dening aktor
Unsur-unsur Intrinsik Drama Tradisional

TEMA

PLOT
Drama
PENOKOHAN
Tradisional
LATAR

AMANAT

SUDUT
PANDANG
Unsur Intrinsik Drama
1. Tema
Tema iku punjering gagasan sing dikomunikasikake
saka pencipta karya seni marang masyarakat.
Amarga tema iku ndhuweni ancas sing wigati
yaiku minangka unsur manunggaling sekabehane
struktur.
2. Plot
Plot yaiku rerangkening carita gancaran sing adhedasar
marang sebab-akibat. Plot drama ndhuweni
tahapan, wiwit saka konflik sing sederhana,
kompleks,(klimak) , nganti konflike purna.
3. Penokohan
Penokohan utawa karakteristik. Penokohan yaiku salah sijining cara
kanggo nggambarake paraga sing bisa digunakake kanthi cara
langsung utawa ora langsung.
4. Latar
Latar iku salah sijine elemen fiksi sing mujudake
marang kita ing endhi , kapan lan ing suasana apa kadadeyan-kadadeyan
ing sajroning carita.
5. Amanat
Amanat yaiku pesen moral sing ana ing sajroning
drama, ngandut nilai-nilai sing bisa dituladhani
utawa dijupuk hikmahe.
6. Sudut Pandang
Sudut pandang pengarang kaperang dadi 3 yaiku :
1. Sudut pandang ke siji : diarani utama purusa (kata ganti orang 1)
Umpamane : aku, kula, ingsun, kawula
2. Sudut pandang ke kaloro : diarani madyama purusa (kata ganti orang ke 2)
Umpamane : kowe, sira, sampeyan, panjenengan, dika
3. Sudut pandang ke katelu: diarani pratama purusa (kata ganti orang ke 3)
Umpamane : dheweke, panjenenganipun
Ciri Drama Tradisional
1. Dipentasake ing panggung umum, bisa ing lapangan,
pendapa, lan panggon sing amba.
2. Ditontonake gratis utawa ora mbayar.
3. Drama tradisional dipentasake amerga ana sesambungane
karo upacara adat/bersih desa.
4. Jarang nggunakake naskah utawa bisa diarani improvisasi.
5. Ceritane turun temurun utawa sumber carita saka
dongeng,cerita rakyat, sejarah lan sapanunggalane.
3.3. Menjelaskan pesan moral
drama tradisional
o Pesan moral drama tradisional yaiku sawijining pesen sing
disampekake marang penonton ngandut nilai-nilai
panguripan.
o Contoh pesan moral drama tradisional:
Drama saka : Ludrug
Pesan moral : 1. Kanggo ngibur masyarakat
2. nyampekake pesen sing isine kasatrian
utawa kepahlawanan.
4. Menyebutkan jenis-jenise drama
tradisional
Drama tradisional :
• Drama wayang : wayang golek,wayang kulit,wayang wong.
• Drama rakyat : ketoprak lan randai.
• Drama tutur : sing diucapkake lan durung diperanake yaiku
dalang jemblung lan kentrung.
• Drama bangsawan : sing dipengaruhi karo konsep theater
Barat lan ana pengaruhe saka tradisi Melayu lan Timur
Tengah, contone : komedi stambul/lelucon

Anda mungkin juga menyukai