Anda di halaman 1dari 7

Asal Usul Gunung Kelud

Adegan 1

Ing jaman biyen, ana raja kanthi jeneng Prabu Brawijaya kang mimpin keraton Majapahit.
Dheweke duwe anak kanthi jeneng Dyah Ayu Pusparani. Dyah Ayu Pusparani kuwi dikenal putri
kang ayu lan nduweni kulit sing putih alus kaya sutra.
Amarga saking ayune kasebut, akeh pangeran saka keraton liya kang teka ing Majapahit
pengen minang Dyah Ayu Pusparani. Ananging ora ana siji-sijia kang dadi pilihan Dyah Ayu
Pusparani. Bab kasebut nggawe Prabu Brawijaya ngrasa sedhih.
Prabu Brawijaya : “Anakku, Dyah Ayu Pusparani mrenea nduk, rama arep matur.”
Dyah Ayu : “Inggih rama, wonten menapa?”
Prabu Brawijaya : “Anakku kang ayu, kowe kudu age-age krama, nduk. Ramamu iki saya
suwe tansaya tuwa. Rama pengen delok kowe bisa krama sadurunge seda.
Rama ngerti, kowe pengin duwe bojo kang bisa sakabehe.”
Dyah Ayu : “Rama, jujur mawon, kula pengin gadhah garwa ingkang hebat kados
rama. Supados mbenjing piyambakipun saged njagi kula kados rama njagi
kula.”
Prabu Brawijaya : “Lha terus saka para pangeran kang uwis tau teka mrene, apa ora ana sing
bisa gawe atimu kesengsem, nduk?”
Dyah Ayu : “Boten wonten, Rama. Saking para pangeran menika, sejatosipun kula
boten saged milih pundi ingkang hebat kados rama.”
Krungu wangsulan saka anake, Prabu Brawijaya banjur golek cara supaya anake bisa ngerti
kasekten para pangeran kang arep minang anake. Sawise mikir suwe, pungkasane Prabu
Brawijaya nemu solusi.
Prabu Brawijaya : “Anakku, kepriye yen rama iki nganakake sayembara kanggo awakmu?”
Dyah Ayu : “Sayembara menapa, rama?”
Prabu Brawijaya : “Dadi sapa mengko kang bisa amenthang gendewa Kyai Garudakayasa
lan ngangkat gong Kyai Sekardelima kuwi bakal dadi bojomu. Kepriye
sarujuk ora?”
Dyah Ayu : “Kula sarujuk, rama. Mugi-mugi saking sayembara menika Dyah Ayu
saged angsal garwa ingkang leres.”
Prabu Brawijaya banjur nganakake sayembara kasebut amarga dheweke yakin mung uwong
tartamtu kang bisa amenthang gendewa Kyai Garudakayasa lan ngangkat gong Kyai
Sekardelima.

Adegan 2

Para abdi keraton banjur nyebar undangan sayembara kasebut marang kabeh rakyat lan
pangeran-pangeran saka keraton liya. Sayembara kasebut kanggo umum, dadi sapa wae bisa
melu.
Abdi keraton : “Pengumuman-pengumuman, Prabu Brawijaya saka keraton Majapahit
arep nganakake sayembara. Sapa wae oleh melu sayembara iki. Sing bisa
menang ing sayembara iki bakal dadi garwane putri Dyah Ayu Pusparani.”

Adegan 3
Ing sawijining dina kang uwis ditemtokake, para kakung kang pengin minang Dyah Ayu
padha kumpul ana ini plataran keraton. Prabu Brawijaya lungguh ing singgasana kanggo delok
para kakung sing arep minang anake.
Prabu Brawijaya : “Nduk, putriku Dyah Ayu. Awakmu apa wis sumadya anggone ngadepi
sayembara iki?”
Dyah Ayu : “Saderengipun kula ngaturaken sembah, rama. Ngenani bab sayembara
menika kula namung manut dhawuhipun rama.”
Prabu Brawijaya : “Iya, sembahmu tak tampa. Muga-muga sayembara mengko kelakon
kanthi rancak, ora ana rubedo.”
Prabu Brawijaya : “Iki ana pawongan telu ngadep ing ngarsaku, apa iya arep melu
sayembara?
Pemuda 1 : “Inggih sinuwun, kula ngaturaken sembah. Asma kula Joko saking negri
sabrang. Kula badhe nderek sayembara.”
Pemuda 2 : “Kula semanten ugi sinuwun, kula ngaturaken sembah. Asma kula Raden
Asmoro. Kula nggih badhe nderek sayembara.”
Pemuda 3 : “Kula inggih sinuwun, kula ngaturaken sembah. Asma kula Raden
Kusumo. Kula nggih badhe nderek sayembara.”
Prabu Brawijaya : “Iya, yen ngono mboko siji majua ing sangareping gendewa lan gong.
penthangna gendewa lan angkaten gong kuwi.”
Pemuda 1 : “Inggih sinuwun ngestokaken dhawuh.” (mlaku nyedaki gendewa,
ananging ora bisa menthang gendewa)
Pemuda 2 : “Nyuwun palilah sinuwun, mugi-mugi saged ngrampungi sayembara
menika.” (mlaku nyedaki gendewa lan menthang gendewa bisa, ananging
ora kuat ngangkat gong)
Pemuda 3 : “Sinuwun ngestokake dhawuh, mugi-mugi kula saged ngrampungi
sayembara menika.” (mlaku nyedaki gendewa, ananging ora bisa
menthang gendewa)
Siji siji saka para kakung mau nyoba amenthang gendewa Kyai Garudakayasa lan ngangkat
gong Kyai Sekardelima, ananging babar blas ora ana sing bisa kasil. Saperangan saka pelamar
mau, malah tugel tangane, tugel balung bangkekane, lan malah ana sing nganti tiba.
Delok bab kasebut, Prabu Brawijaya banjur bingung.
Prabu Brawijaya : “Nduk, kepriye iki, durung ana siji-sijia uwong kang bisa nuntaske syarat
sing rama wenehi?”
Dyah Ayu : “Sing sareh mawon rama, taksih wonten pirang-pirang peserta ingkang
dereng nyobi. Kita sareh mawon.”
Atine Prabu Brawijaya sedhih banget, amarga kasunyatane ora ana siji-sijia kakung sing bisa
amenthang gendewa Kyai Garudakayasa lan ngangkat gong Kyai Sekardelima. Nalika Prabu
Brawijaya arep mungkasi sayembara, dumadakan ana wong lanang sing duwe sirah lembu
nyedaki.
Prabu Brawijaya : “Amarga ora ana sing bisa ngrampungi sayembara iki, sayembara iki arep
takpungkasi.”
Lembu Suro : “Nuwun sewu sinuwun, nyuwun ngapunten. Punapa kula angsal nderek
sayembara menika?”
Prabu Brawijaya : “Heh, pawongan aneh! Sapa jenengmu?”
Lembu Suro : “Nama kula Lembu Suro, Prabu. Kula menika kepengin sanget nderek
sayembara menika.”
Prabu Brawijaya : “Awakmu menungsa ning sirahmu lembu, apa bisa kowe melu
sayembara?”
Lembu Suro : “Menawi Gusti ingkang murbeng dumadi, angidinaken panyuwun kula
mbok menawi kula saged ngrampungi sayembara menika.”
Prabu Brawijaya sakjane ora pengin pawongan aneh kuwi melu sayembara. Ananging,
dheweke ora pengin yen uwong-uwong nganggep dheweke ora adil. Sawise mikir sedhela, Prabu
Brawijaya banjur ngolehke Lembu Suro melu sayembara. Dheweke mikir yen Lembu Suro ora
bakal kasil amenthang gendewa Kyai Garudakayasa lan ngangkat gong Kyai Sekardelima.
Prabu Brawijaya : “Ya, kowe oleh melu sayembara. Yen ngono enggal laksanana sayembara
iki!”
Lembu Suro : “Sendika dhawuh, sinuwun.”
Nalika Lembu Suro nyedaki gong Kyai Sekardelima, kabeh uwong sing teka ana ing
sayembara dadi tegang, mligine sang putri Dyah Ayu. Ing njero ati, dheweke ora pengin dadi
bojo pawongan kang duwe sirah lembu.
Emban : “Ndara putri, punapa sampun dipunpenggalih sanget-sanget.”
Dyah Ayu : “Mbok emban, kepriye anggonku nglakoni yen dibojo dening Lembu
Suro sing ora umum kaya sadengahe manungsa. Mbok emban, aku njaluk
eguh pratikelmu, kepriye amrih aku ora dibojo dening Lembu Suro? Coba
pikirna, kepriye pratikelmu, Mbok emban?”
Emban : “Nyuwun sewu ndara putri, menawi pamikiran kula mekaten,
panjenengan kedah anggadhahi setunggal panyuwun ingkang awrat
dumatheng Lembu Suro.”
Dyah Ayu : “Lha iya mbok emban, kira-kira apa panyuwunku mengko?”
Emban : “Eguh pratikel kula menawi Lembu Suro dipunkengken ndamel sumur
wonten ing puncake gunung kelud.”
Dyah Ayu : “Iya, yen ngono mbok emban, mengko yen Lembu Suro mlebu ing
kaputren tak jalukane nindakake sing kaya mbok emban aturake mau.”
Ora ana sing nyangka, jebul Lembu Suro bisa kasil ngangkat gong Kyai Sekardelima. Kabeh
uwong kang ana ing kono padha surak-surak lan keplok-keplok. Ananging, Prabu Brawijaya lan
putrine Dyah Ayu Pusparani wedi yen Lembu Suro bisa ngrampungi sayembara iki. Prabu
Brawijaya lan Dyah Ayu Pusparani duwe pangajab yen Lembu Suro gagal anggone menthang
gendewa Kyai Garudakayasa.
Sawise kasil ngangkat gong, Lembu Suro banjur njupuk gendewa Kyai Garudakayasa.
Dheweke nyekel gendewa kuwi lan mandeg sedhela kanggo ngumpulake tenaga. Banjur,
“Bang!”, Dheweke bisa menthang gendewa kanthi gampang. Kabeh uwong padha surak-surak.
Uwong-uwong : “Lembu Suro! Lembu Suro! Lembu Suro!”
Dyah Ayu Pusparani sing wedi dibojo dening Lembu Suro banjur matur marang ramane.
Dyah Ayu : “Rama, kula boten purun menawi gadhah garwa ingkang sirahe lembu.
Nyuwun tulung, rama.”
Krungu pocapan anake, Prabu Brawijaya langsung lemes amarga uwis nggawe anake kuciwa.
Ananging, dheweke uga kudu nepati janjine kanggo njaga martabat minangka raja. Kanthi
mangkono, Dyah Ayu Pusparani tetep kudu palakrama karo Lembu Suro.

Adegan 4

Ora let suwe, Lembu Suro banjur mlebu kaputren saperlu ketemu dening Dyah Ayu
Pusparani.
Lembu Suro : “Diajeng Dyah Ayu Pusparani, garwanipun kakang, kepriye janjimu?
Aku mrene arep nagih janjimu.”
Dyah Ayu : “Iya, Lembu Suro aku gelem dadi garwamu nanging aku njaluk
panyuwunan marang awakmu.”
Lembu Suro : “Iya Diajeng, panjalukmu apa? Enggal kandha, mengko enggal tak
laksanakake.”
Dyah Ayu : “Yen awakmu bisa gawe sumur ing puncake gunung kelud sajroning
sewengi, aku gelem dadi garwamu, Lembu Suro.”
Lembu Suro : “Apa? nggawe sumur ing puncake gunung kelud? Apa ora ana papan sing
cedak sakiwa tengen kene wae?”
Dyah Ayu : “Ora, Lembu Suro. Aku wis mantep njaluk digawekne sumur ing puncak
gunung kelud, sesuk banyu saka sumur kuwi bakal tak anggo adus.”
Lembu Suro : “Yen panjalukmu kaya mangkono aja kuwatir diajeng, bakal takturuti
panjalukmu, muga-muga aku bisa ngelaksanani panjalukmu.
Tanpa mikir sing dawa, Lembu Suro banjr nyanggupi syarat kasebut.

Adegan 5

Nalika wayahe sore, Prabu Brawijaya sakulawarga lan Lembu Suro banjur menyang puncak
Gunung Kelud. Satekane gunung kelud Lembu Suro banjur nganggo sungune miwiti ngeduk
lemah sing arep digawe sumur. Ora let suwe, Lembu Suro uwis ora katon saka pinggire sumur.
Lembu Suro anggone ngeduk lemah uwis jero banget. Delok kadadeyan iki Dyah Ayu Pusparani
tansaya kuwatir lan wedi, menawa Lembu Suro bisa nglakoni panjaluke. Dyah Ayu Pusparani
banjur nyuwun eguh pratikel marang ramanipun.
Dyah Ayu : “Rama, niki kados pundi, Lembu Suro kok saged ndamel sumur
semanten jerone? Mugia rama gadhah pratikel kados pundi caranipun
amrih Lembu Suro boten saged anggarwa kula.”
Prabu Brawijaya : “Nduk, aku ya ngerti kekarepanmu lan mengko dhisik tak mikir kepriye
carane supaya gagalne Lembu Suro krama karo awakmu.”

Prabu Brawijaya katon gugup lan mandeg mangu, golek cara supaya Lembu Suro ora sido
krama karo anake. Ora let suwe, Prabu Brawijaya banjur nemu cara, tanpa mikir dawa, dheweke
akon para prajurit keraton kanggo nggurug sumur lan Lembu Suro.
Prabu Brawijaya : “Hee.. kabeh prajuritku ayo padha siyaga. Dina iki ana printah kang kudu
sigro dilaksanakake yaiku ngurug sumur nganggo watu lan lemah ing
sakiwa tengene sumur, aja nganti katalumpen. Saiki uga laksanakno nganti
sumur kebak watu lan lemah.
Prajurit : “Nyuwun pangapunten sinuwun, wonten mandhap taksih wonten Lembu
Suro.”
Prabu Brawijaya : “Aku ora peduli! Dheweke kudu mati!”
Prajurit : “Inggih sinuwun sendhika dhawuh.”
Kabeh prajurit banjur nglaksanakake prentah saka Prabu Brawijaya sing akon ngurug sumur
nganggo watu lan lemah.
Lembu Suro : “Tulung.. tulung.. tulung.. Aja ngurug aku ing sumur iki!
Para Prajurit ora nggatekake sambate Lembu Suro. Para prajurit terus ngurug nganti sumur
kebak watu lan lemah. Sinaosa Lembu Suro kaurug sajroning sumur, ananging swarane ijih
keprungu saka njaba sumur lan Lembu Suro murka nganti ngetokne sumpah kanggo Prabu
Brawijaya lan kanggo kabeh wargane amarga uwis cuwa penggalih marang Lembu Suro.
Lembu Suro : “Heee.. Brawijaya mbesok bakal kepethuk piwalesku kang makaping-
kaping, yaiku Kediri bakal dadi kali, Blitar dadi latar, Tulungagung dadi
kedung.”
Amarga sumpah saka Lembu Suro, Prabu Brawijaya lan para warga desa dadi wedi. Prabu
Brawijaya banjur menehi prentah para prajurite kanggo mbangun sawijining tanggul pengaman
kang kokoh ing sekitar Gunung Kelud. Tanggul kasebut uwis owah jeneng dadi Gunung Pegat.
Lan saben sasi Suro, Prabu Brawijaya uga menehi prentah kanggo nganakake ritual slametan
sing diarani larung sesaji kanggo ndongakake Lembu Suro. Amarga sumpah kasebut, warga
yakin yen gunung kelud mbledos kuwi wujud amukan saka Lembu Suro minangka piwales
kanggo Prabu Brawijaya lan anake.

Tamat.

Anda mungkin juga menyukai