Anda di halaman 1dari 9

JAKA TARUB DADI DUDA

Dina Jemuwah…
Suasana sore wis mulai cerah. Udan sing miline gedhe banget wis mandheg.
Srengengene wis mulai katon. Eh…ditambah ana pelangi metongol ing sisih
kulon. Jarene wong-wong tah angger ana pelangi, berarti arep ana widadari
sing arep adus neng bumi. Tapi…bener orane ya mbuh ora ngerti.

Selot suwe, bit-semribit ana ambu-ambuan wangi banget. Ana apa ya? Suara
kemrincing-kemrincing genah epor saka sisih kulon.

ADEGAN KE I
Byur…Byur…Byur…
Widadari Abang : “Cihuy… Asik… bisa adus maneh. Jan banyune seger

pisan. Wis seminggu ora adus, awake padha pliket. Jan…

suwegere puol pokoke lah…”

Widadari Jambon : “Iya kok, segere poll. Tapi angger aku ya ora kayak kowe.

Widadari kok ora tau adus. Wong saiki neng kayangan wis

ana pemandian umum. Ora ngerti tha?…Katro Banget!!!

Widadari Kuning : “Ih…ya ampyun… sapa kuwi sing jarang adus. Ngisin-isina

banget dadi widadari. Masa widadari jarang adus. Iki

lo...contoh akyu ya… Saben dina ora tau telat Manycure

Pedycure. Jen…ambune wangi pisan…”

Widadari Ijo : “Lah… yawis... kaya ngono wae kok dibahas. Aku wae sing

padha wae kaya Abang jarang adus meneng wae kok....”

Widadari Abang : “Duh… Ijo, dadi aku ana batire??? Ha…ha…ha…Tos dhisik

yuh…(tos..!!tos..!!tos..!!)

Widadari Ijo : ”Tos…!!!”

Widadari Kuning : ”Ya…ampyun… ngono kuwi kok dibanggakna. Mbok Jijai


ngerti!! Oh…ya,ngomong-ngomong si Ungu, Biru, karo Nila

lagi neng endi ya? kok kawit mau ora katon.”

Widadari Jambon : ”Oh…iku lo wong telu. Ngene lo ya takomongi. Si Ungu

mau wis ijin arep konser dhisik. Si Biru lagi masak kanggo

baginda Raja. Trus Si Nila lagi mojok karo pacare. Mau wis

tak ajak malah ora gelem.”

Neng Prapatan…

ADEGAN KE II
Jaka Tarub : ”Le…le…le…”

Jaka Tole : ”Apa sih...aku ora budheg. Nyeluki wae. Aku wis krungu.

Ana apa jane?”

Jaka Tarub : ”Gyeh… wetengku lara banget, mules… mau esuk kakean

mangan sambel. Kancani boker nang kali yuk...”

Jaka Tole : ”Jen… wis gedhene semono, ning kali wae njaluk diterake.

Licik temen tha kowe iki!”

Jaka Tarub : “Lah, aja kaya ngono lah. Cuma ngancani thok.... ayo ta.....”

Jaka Tole : “Emoh...ah. ngancani kok nang kali. Nek ngancani nang

kutha, shopping, cuci mata ngono aku gelem. yen nang kali

ya wegah....”

Jaka Tarub : “Oh…kaya ngono... ora gelem ngancani. Ya wis, mengko

yen neng kali nemu sing bening-bening ora tak wenehi

kowe...!”
Budhal neng kali…

ADEGAN KE III
Jaka Tarub : “Aduh jan lega.… pisan…..eh tapi kayake ana sing seje ya,

mambu wangi apa ya iki? Kayake ambune saka kulon. Jajal

taktiliki ah.....Wualah-wuualah apa aku ora salah

deleng???? Iku widadari lagi padha adus. Wow... bening-

bening pisan iki.... lumayan bisa dienggo cuci mata.... tombo

ngantuk!!!!! Oh...ya aku duwe ide cemerlang, takjupuk salah

siji slendange ah.... supaya ora bisa bali.

Jaka Tarub njukut slendang sing jambon

ADEGAN KE IV
Widadari Ijo : ”Kanca-kanca ayo padha bali menyang kayangan, kayake

aduse wis cukup, wis keset iki loh. Bolotku wis ilang

kabeh….”

Widadari Kuning : “Aduh biyung, aku isih kepengin nglangi, sedela maneh

ya...”

Widadari Abang : “Tapi kayake wis sore loh, wong ya padha adoh omahe.”

Widadari Jambon : “Ya wis lah ayo padha ngandang…..Eh…..Slendangku neng

endi ya? Kok Raib?”

Widadari Kuning : “Capek deh…. Mau kan wis mbok seleh kono sih???

Digoleki maneh jajal!”

Widadari Jambon : “Wis kok... tapi ora ana, kepriye iki engko yen ora bisa

bali.....”

WidadariAbang : “Ayo cepetan wis sore iki lho, Aku, Ijo karo Kuning bali

dhisik ya!”
WidadariJambon : ”Lha aku kudu kepriye? Ing kene aku ditinggal

dhewekan??? Emoh...loh...aku emoh....”

Widadari Ijo : “ Ya wis lah. Trima wae nasibe kowe.”

Widadari Kuning : “Mbon, aku bali dhisik ya… I’m sorry Good By…. Sorry

dory Stroberi Ya….”

Widadari Jambon akhire ditinggal dhewekan. Ora ana sing gelem ngancani....
Ujug-ujug….Jaka Tarub teka….

ADEGAN KE V
Widadari Jambon : “Hikk…hikss…hiks…slendhangku neng endi ya… kepriye iki

bapa...ibu....”

Jaka Tarub : “Eh…Cah ayu, kena apa nangis neng kono dhewekan? Wis

gedhene semono masa nangis? Apa ora isin…?”

Widadari Jambon : “Slendhangku ilang.” (karo nangis gero-gero)

Jaka Tarub : “Lha kok bisa ilang?”

Widadari Jambon : “Hah!!!! Sapa iku sing takon? Kok ora ana wujude?”

Jaka Tarub : “Halo....aku ing kene.... (metu kaya modhel terkenal).

Noleh mburi talah….”

Widadari Jambon : “Subhanalloh….!!! Sapa kowe??? Kok ujug-ujug ana ing

kene.”

Jaka Tarub : ”Oh… ora ngerti aku ya...? Ya wis, perkenalken, Aku Jaka

Tarub. Pemudha sing paling cakep, paling guantheng, paling

joss ing desa iki. Nah saiki giliranku sing arep takon. Cah

ayu dhewe iki jenenge sapa? Trus...kok bisa ing kene

kepriye critane?”
Widadari Jambon : ”Dadi kowe Jaka Tarub. Oh...sing biyasane ana ing

adicara mantenan iku tha?”

Jaka Tarub : ”Sembarangan.... Aku iki Jaka Tarub, dudu tukang

nggaweni tarub.”

Widadari Jambon : ”Oh…ngono ta. Ya wis, giliranku ya saiki. Aku iki Widadari

Jambon. Jeneng bekenne Nawang Sasi. Aku teka saka

khayangan. Nanging sing dadi masalah, saiki aku ora bisa

bali khayangan. Amarga slendhangku ilang.” (bali nangis

gero-gero maneh)

Jaka Tarub : ”Ow…. dadi kaya ngono critane. Kok melas temen… Ya

wis, saiki melu aku wae yuk.”

Widadari Jambon : ”Melu neng ngendi sik.”

Jaka Tarub : ”Aja kakehan takon apa’a... Kari melu wae lo... Apa gelem

tak tinggal dhewekan ing kene? Hayo?? Gelem ora? Ing

kene iki yen bengi biyasane ana sing ngawe-awe lho....”

Widadari Jambon : ”Apa iya..!!! Lah ya emoh.”

Jaka Tarub : ”Ya wis, mangkane melu aku wae. Santai wae... Ora bakal

dak apa-apakake kowe.”

Widadari Jambon : “Ya wis, saiki aku melu sampeyan. Tapi angger sampeyan

macem-macem,tak tutuk lho…”

Jaka Tarub : “ Iya lah…”


Sawise iku, Widadari Jambon akhire melu Jaka Tarub. Suwene-suwe akhire
Jaka Tarub karo Widadari Jambon padha seneng-senengan. Banjur,akhire
pengantenen lan dikaruniai anak lanang.

ADEGAN KE VI
Para Widadari sing maune pada bali khayangan teka maneh. Para Widadari
kasebut pikantuk perintah saka Papih Raja supaya nyusul Nawang Sasi bali
menyang khayangan.
Widadari Kuning : ”Mbon… Kepriye kabare? Apik-apik wae tha? Suwe ora

ketemu ya…”

Widadari Jambon : ”Eh… Abang, Ijo, Kuning. Aku apik-apik wae kok neng

kene. Kepriye kabare kowe kabeh? Kabare Papih Raja

kepriye?

Widadari Ijo : ”Aku karo kanca-kanca neng kana ya padha asih waras

kabeh.”

Widadari Abang : ”Jian... Aku heran karo kowe iki. Bisa-bisane betah

banget neng bumi. Ana apa tha jane?”

Widadari Jambon : ”Gyeh, tak critakna ya, Aku neng kene ketemu karo priya

sing gantheng banget. Jenenge Jaka Tarub. Dheweke sing

nulungi aku pas aku padha mbok tinggal. Trus saiki aku wis

dadi garwane Jaka Tarub, malah saiki aku wis duwe anak

lanang siji. Ya ganthenge ora kalah kaya bapane. Jenenge

Jaka Tajam. Di jupuk saka Ta sing berarti Tarub, Jam

berarti Jambon. Keren tha......”

Widadari Abang : ”Ow… kaya mengkono tha critane.”

Widadari Jambon : ”Nah, ngomong-ngomong kok padha dolan mrene iki dalam

rangka apa? Kok dungaren teka kene.”


Widadari Kuning : ”Ngene lho critane. Aku, Ijo, karo Abang diutus karo

Papih Raja supaya nyusul kowe bali menyang khayangan.

Kanggo apa urip ing kene? Ora kepenak. isih mendhing urip

ing khayangan. Apa-apa wis padha cumepak.”

Widadari Jambon : “Tapi pangapurane sing akeh ya dulur-dulurku. Aku ora

bisa melu kowe. Amarga aku wis mulai betah ing bumi.

Trus, mengko kepriye karo bojo lan anakku? Aku isih

kepengin ing kene.”

Widadari Ijo : ”Dadi iki sia-sia awake dhewe rene. Aja kaya ngono ta.”

Widadari Jambon : “Sepisan maneh sepurane ya... Aku ora bisa.”

Widadari Kuning : ”Ya wis yen pancen iku kekarepanmu. Aku ora bakal

meksa kowe bali menyang khahyangan. Yen kowe seneng,

aku ya melu seneng.”

Widadari Jambon : ”Matur nuwun ya… wis padha bisa mangerteni aku.”

Widadari Abang : ”Ya wis, ayo padha bali. Wis sore iki. Wis mendhung

pisan. Mengko yen ing dalan udan kepriye?”

Widadari Kuning : ”Mbon, aku bali ya…Da…dah……”

Para widadari akhire bali menyang khayangan. Nanging Widadari Jambon


tetep ora gelem bali.
Neng Omah………..

ADEGAN KE VII
Jaka Tarub : ”Yank…. Aku gawekna wedang kopi. Sore-sore kaya ngene

iki wenak nyruput wedang kopi

Widadari Jambon : ”Ya... Sabar.”

Jaka Tarub : ”Pancen rejeki ora bakal neng ngendi-endi. Bisa oleh bojo

widadari sing ayu. Lha ya josss tenan tha!! Upama mbiyen


slendhange ora takjupuk, uripku ora bakal kepenak kaya

ngene iki. Nanging, aja nganti Si Nawang ngerti bab iku.

Bisa-bisa aku ditinggal menyang khahyangan maneh. Lha ya

dadi duda aku... Sorry ya...”

Widadari Jambon : ”Walah… kangmas, saben sore kok nyuwun wedang

terus... Apa ora bosen?”

Jaka Tarub : ”Ya ora ta. Wong sing nggawekna bojoku sing pualing ayu

kok... Pokoke uayu pollll....”

Widadari Jambon : ”Walah...kang mas iki bisa wae... seneng banget nggombal.

Yen ngono iku biyasane ana karepe.”

Jaka Tarub : ”Ngerti wae....”

Widadari Jambon : ”Oh ya Kangmas. Berase wis kari sethithik. Kepriye

kanggo adang sesuk?”

Jaka Tarub : “Lha beras sing wingi lha isih ana tha. Cepet banget

enteke.”

Widadari Jambon : “Ah... jare sapa isih? Wong wis bersih ngono kok.”

Jaka Tarub : “Oh ya, neng lumbung beras sebelah kulon kali isih ana

berase. Wingi ana kiriman beras saka kang Daslam.”

Widadari Jambon : “Jajal tak tiliki ya Kangmas.”

Jaka Tarub : ”Ya... ngati-ati ya.”

Neng lumbung beras, dumadakan Widadari Jambon nemu slendhang warna


Jambon mirip kaya slendhange sing ilang mbiyen. Widadari Jambon curiga,
apa iya, Jaka Tarub sing njupuk slendhange. Widadari Jambon mlayu mulih….

ADEGAN KE VIII
Widadari Jambon : “Kangmas, aku arep takon. Penting banget!!! Iki bab

slendhangku sing ilang mbiyen. Kepriye carane


slendhangku bisa ana ing lumbung wadah beras? Apa

panjenengan sing njupuk slendhangku mbiyen?”

Jaka Tarub : ”Hah…slendhang? Slendh ang apa?Aku ora ngerti.”

Widadari Jambon : “Halah… ora usah ngapusi. Blaka wae. Aku bener-bener

kuciwa karo njenengan. Wis tak belan-belani ora bali

menyang khahyangan, eh... lha kok nyatane sing njupuk

slendhangku malah wong sing paling taktresnani.

Tega...tega...tega banget njenengan....!”

Jaka Tarub : ”Pangapurane Yank… Aku bener-bener njaluk pangapura.

Aku ora ngerti bakalan kaya ngene akhire.”

Widadari Jambon : ”Mas…aku kuciwa…kuciwa banget. Sedhih atiku… Aku ora

bisa kaya ngene terus. Aku wis diapusi. Aku kudu lunga

saka kene Kangmas. Tolong njenengan jaga Jaka Tajam.

Aku titip tulung dirumat. Aja nganti kurang pangan. Wis…

Aku lunga ya…Selamat tinggal…..Good bye.....”

Jaka Tarub : ”Yank…. aja lunga lah… Aja ninggalna aku dhewekan neng

kene. Mesakake Jaka Tajam. Masa aku dadi DUDA…..

Hiks…hiks…Hiks…hiks….
Widadari Jambon akhire bali menyang khayangan. Anak siji-sijine karo
bojone
ditinggal lunga dhewekan. Saben ana pelangi, Widadari Jambon ngintip
keadaane anake saka langit.
Jaka Tarub banjur dadi DUDA……………………

CUTHEL

Anda mungkin juga menyukai