Anda di halaman 1dari 9

Jaka Tarub & 7 Bidadari

Tokoh drama :
1. Yoga sebagai Jaka Tarub
2. Jesika sebagai Ibu Jaka Tarub
3. Tasya sebagai Nawang Wulan
4. Anggun sebagai Bidadari 1
5. Bingar sebagai Bidadari 2
6. Salma sebagai Bidadari 3
7. Tiara sebagai Bidadari 4
8. Erli sebagai Bidadari 5
9. Pinky sebagai Bidadari 6

Jaman biyen ing desa terpencil, urip Mbok rondo lan


anake sing jenenge Jaka Tarub. Jaka Tarub wis ditinggal
bapake wiwit cilik.
Ing sawijining dino, Mbok rondo gek nyaponi
platarane,Jaka Tarub nembe tangi banjur dee mlaku metu
lawang.
Jaka Tarub : “wah wes andang esuk wae aku ngelih tenan”
Mbok rondo : “anakku uwes tangi, arep mangan opo le?”
Jaka Tarub : “kersanipun simbok mawon”
Mbok rondo : “nek ngono tak masake ndisik”
Mbok rondo melbu omah kanggo masake Jaka Tarub,Jaka
Tarub lingguh ning ngarep omahe
Jaka Tarub : “Yen aku duwe bojo, uripku mesti bakal
kepenak. Ana sing masake, ana sing ngopeni aku ro simbok
barang, mesake simbok uwis tuo. Padahal akui yo
bagus,gemati,sregep tapi ngopo yo kok nganti saiki aku
durung nduwe bojo?”
Mbok rondo metu omah sambi nggowo pangan
Mbok rondo : “iki le, lek dimaem uwes tak masake”
Jaka Tarub : “wah enak iki, matursuwun nggih mbok”
Mbok rondo : “hoo le, uwes umur semene mosok koe durung
nduwe bojo? Simbok ki wes tuo wes arep mati ngko simbok
mati sopo sing arep ngurusi kowe”
Jaka Tarub : “simbok ampun ngendiko ngenteniku, mangkih
nek sampun wayahe langgeh bakale kepanggih kalian jodo”
Mbok rondo : “iyo le, simbok percoro karo kowe”
Jaka Tarub : “simbok ampun katah pikiran, Jaka menyang
sabin riyin nggeh”
Mbok rondo : “yowes atiati le”
Jaka Tarub arep menyang ning sawah teko teko mbok
rondo ambruk
Jaka Tarub “mbok mbok ngopo mbok tangi mbok”
Sak uwise sesasi Jaka urip dewe. Jaka Tarub bar mburu
nanging kewan cekelane malah dipangan kewan liar
Jaka tarub : “asem apes tenan uripku wes ditinggal
simbok,randuwe bojo,kewan cekelanku ucul. Ngelih banget
jane tapi ning omah wes randuwe lawuh opo opo meneh
yoweslah tak turu wae”
Naliko Jaka Tarub turu dee mimpi ketemu 7 Widodari gek
nari ning arep omahe. Banjur teko teko ono suoro gemuruh
sing ngagetke dee nganti tangi
Jaka Tarub : “wah ayu banget widadari mau rasane aku dadi
ra pengen tangi”
Nalika Jaka Tarub sedang berburu ning alas
Jaka Tarub: "koyone aku krungu suoro cah wedok geguyon,
nendi yo? (karo ngendep ngendep Joko Tarub goleki asal
suarane) "
Jaka Tarub: "wah jebule ono 7 widodari ayu , ketoke salah
sijine ono jodoku "
Jaka Tarub mlaku nyeraki air terjun. Banjur dee nemoke
selendang widodarine sing diseleh ning watu. Banjur Jaka
milih siji selendang lan didelike.”
Widodari 1: "kadosipun srengenge sampun ajeng sumerep,
sasaenipun kita enggal wangsul dhateng khayangan "
Sedaya widodari mendhet selendangipun piyambak-
piyambak, nanging Nawang Wulan mboten manggihaken
selendangipun
Nawang Wulan : " nanging jeng, selendang kulo mboten
wonten, kulo mboten saget wangsul tanpa selendang puniku "
Widodari ingkang sanes umyek madosi selendang Nawang
Wulan
Widadari 4: "kados pundi puniku? Mestinipun selendang
Nawang Wulan kala-wau wonten ing sisih selendang kula"
Widadari 5: "kulo sampun madosi selendang rayi Nawang
Wulan nanging mboten kunjung kepanggih ugi "
Widadari 2: "nggih, kula ugi sampun nyobi madosinipun
punapa ingkang kadah kita lampahken jeng?"
Widadari 1: "kita mboten saged terus terusan wonten ing
bumi, kita kedah wangsul dhateng khayangan sapunika ugi
ngapuntenake kita rayi Nawang Wulan menawi sampun takdir
rayi kangge manggen wonten bumi”
Nawang Wulan: "nanging jeng, kados pundi kaliyan kula
wonten mriki? "
Widadari 1: " kita mboten saged lampah punapa-punapa
Nawang Wulan, jagi sampeyanipun sae-sae wilujeng tilar rayi
Nawang Wulan"
Alunan musik kepireng ngiringi kesahnipun dhateng enem
widadari
Nawang Wulan: "estriiiiiii"(sinambi nangis)
Nawang Wulan: “kados pundi punika kula ajrih wonten ing
bumi piyambakan krajan”
Dhateng enem widadari elok puniku engihh nilaraken
Nawang Wulan piyambakan, Nawang Wulan rumaos
kesepian lan nangis wonten tepi ning toya terjun
Jaka Tarub nggih pungkasanipun medal saking
persembunyianipun piyambakipun nyaketi Nawang Wulan lan
menghiburipun.
Jaka Tarub: "sebab apa sampeyan nangis prawan ayu? "
Nawang Wulan "selendang ilang, aku ora bisa bali menyang
khayangan tanpo selendang iku"
Jaka Tarub: "khayangan? Dadi sampeyan niku widadari? "
Nawang Wulan : (meneng amergo wedi kanggo jawab)
Jaka Tarub: "ora usah wedi mangkono, aku ora arep nglarani
sampeyan, widadari ayu mbang widadari tinggal dewe ing
alas iki kepriye menowo kowe melu menyang omahku? "
Nawang Wulan "tenane? "
Jaka Tarub: "iya kowe bisa tinggal lawase opo wae kang koe
arep. Agemo sadhangan niku supaya koe mboten
kademen"(memberikan sebuah pakaian)
Nawang Wulan: "maturnuwun"
Jaka Tarub: "oh ya, jenengmu sapa? "
Nawang Wulan:. "aku Nawang Wulan "
Jaka Tarub: "jeneng kang apik. Aku Jaka Tarub. Ayo tumuti
aku "
Karo senenge Nawang Wulan numuti Jaka Tarub pinuju
omah Jaka Tarub amergo ora ngerti kudu tumindak apa
meneh (diiringi alunan musik)
Jaka Tarub : “manga lungguh”
Nawang Wulan : “maturnuwun”
Jaka Tarub : “tunggu o ning kene sedhela aku tak jikuke
sampeyan unjukan ”
Nawang Wulan mung mantuk
Nawang Wulan : “kayane deweke enom-noman kang apik”
Jaka Tarub : “manga diunjuk riyen Wulan, ora perlu pekiwuh”
Nawang Wulan : “baiklah,kayane sepi apa sampeyan tinggal
dewean?”
Jaka Tarub : “nggeh kulo tinggal dewe, ibuku wes ora ana”
Nawang Wulan : “YaAllah pangapura aku, aku ora
bermaksud gawe kowe sedih”
Jaka Tarub : “wis lah rapopo, aku arep golek mangan nggo
adewe wengi iki ”
Nawang Wulan : “ngati ati Jaka”
Jaka Tarub lunga kanggo ngupadi mangan
Pirang-pirang sasi, banjur Nawang Wulan lagi mengayak
beras
Jaka Tarub : “Nawang Wulan, reneo sedhelo”
Nawang Wulan : “ono opo Jaka?”
Jaka Tarub : “lungguho ndhisik”
Jaka Tarub : “sampeyan wes cukup suwe ning kene, aleh
tangga desa sing ngeluhke bab iki amergo awakedewe dudu
suami istri. Kepriye yen awake dewe jelasi bab iki”
Nawang Wulan : “jelasi? Jelasi opo surasamu?”
Jaka Tarub : “gelem ora sampeyan dadi bojoku?”(diiringi
alunan musik”
Nawang Wulan mung mantuk
Pirang-pirang taun kepungkur, Jaka Tarub lagi momong
anake
Nawang Wulan : “kangmas”
Jaka Tarub : “pripun diajeng””
Nawang Wulan : “aku arep pamit ngumbah sandhangan ing
kali , oh iya aja mbuka tutup sega kang ana nang mburi tur
tulung jaga anak awake dhewe sebentar”
Jaka Tarub : “iyo diajeng, sing ngati-ati”
Nawang Wulan lunga kanggo ngumbahi dene Jaka Tarub
lagi bingung
Jaka Tarub : “ngopo Wulan tansah nglarang aku kanggo
mbuka tutup sega kang ana ning mburi ya?tur stok pari
tansaya dina malah tansaya akeh, ana kang
mencurigakan,apike aku ngecek”
Jaka Tarub mriksa apa kang sabenere Nawang Wulan
tindakake
Jaka Tarub : “apa? dadi lawase iki dheweke masak sega mung
karo sebutir beras? kepriye bisa? mesthi ana kang diumpetake
dening Nawang Wulan”
Nawang Wulan bali omah maneh mergo ana klambi kang
keri
Nawang Wulan : “kang kayane ana sing,,, geneya kowe
mbuka tutup sego iku kangmas?”
Jaka Tarub : “Wulan”
Nawang Wulan menarik jaka tarub metu
Nawang Wulan : “ngopo kowe nglanggar pesanku kangmas?
kesaktianku wis ilang kanggo ngowah sebutir beras dadi
sebakul sega”
Nawang Wulan : “mulai saiki sampeyan kudu nyedyakake
lesung kanggo aku kangmas”
Jaka Tarub : “nggeh Wulan bakal tak cepake lesung kanggo
sampeyan, nanging pangapura aku Wulan”
Nawang Wulan : “ameh dikondo apa maneh kangmas? kabeh
wis kedadean, wis lah kangmas”
Jaka Tarub : “Wulan”
pira-pira wektu kepungkur
Nawang Wulan : “ikikan selendangku, geneya ana ning kene?
aku ora nyangka, dadi selama iki Jaka Tarub sing njupuk
selendangku? bojoku dhewe? aku ora preduli meneh aku arep
menyang kayangan, nanging kepriye karo nawangsih?”
alunan musik krungu, banjur kaping enem widodari iku
nekani nawang wulan kanggo mengajake bali menyang
khayangan
widodari 1 : “sampun wekdalipun sampeyan wangsul dhateng
khayangan Nawang Wulan”
Nawang Wulan : “tapi jeng, kados pundi kalih lare kula?”
Jaka Tarub medal saking griya piyambakipun kaget tingal
kawontenan puniki
Jaka Tarub : “punapa puniki Wulan? tulung ngapuntenaken
aku”
Widadari 1 :biarkan lare sampeyan dipunreksa olehnya”
Jaka Tarub : “ojo tinggalke aku karo Nawangsih Wulan, aku
mohon”
Nawang Wulan : “aku leres leres kecewa dhateng sampeyan
Jaka, sampun kula titip Nawangsih, kula ajeng
mengawasinipun saking khayangan”
Jaka Tarub : “nanging wulan”
Nawang Wulan : “ayo mbakyu kita wangsul dhateng
khayangan”
Nawang Wulan lan kaping enem widadari nilaraken Jaka
Tarub lan Nawangsih
Nawang Wulan lan enem widadari ninggalaken Jaka Tarub
lan Nawangsih (diiring alunan musik)
- SELESAI-

Anda mungkin juga menyukai