Jaman biyen ing desa daerah Jawa Tengah urip seorang pemuda anami Jaka Tarub. Ia
urip bareng ibune kang biasa diceluk Mbok Rondho. Bapake wes suwi tinggal dunya. Saben
dina, Jaka Tarub lan Mbok Rondho tani pari ing sawah.
Pada suatu wengi, ing tengah turune, Jaka Tarub mimpi oleh bojo widadari kang ayu
banget seko kahyangan.
Jaka Tarub: “Hoalah tibake aku mek ngipi, tapi ajak e kok koyok tenan. Halah mbuh wes...”
(tangi mlaku neng njobo delok langit)
Naliko Jaka Tarub tengah nglamun, moro-moro krungu suara jago kluruk tanda wes
isuk. Jaka Tarub tangi lan mlaku melbu omah.
Mbok Rondho: “Ndek ndi ya Jaka Tarub kok ora ana nang kamar?”
Awan nalika Mbok Rondho lagi ana ing sawah, moro-moro teko Pak Ranu sing duwe
sawah sanding moro
Pak Ranu: “Ora opo-opo mbok. Aku maksud njodohne anakmu karo anakku Laraswati.”
Krungu niat Pak Ranu kang sek tas diomongne Laras seneng banget. Laraswati iku
gadis ayu kang duweni tutur kata lembut. Ia yakin jaka Tarub bakal milih laraswati dadi bojone.
Masio Mbok Rondho durung ngowehi komentar masalah iku. Arep piye-piye Mbok Rondho
sadar Jaka Tarub wes gedhe iso gawe keputusan dewe.
Mbok Rondho: “Aku setuju-setuju wae Pak Ranu. Tapi amprih apik e kita takon disek nang
bocah-bocah”
Pak Ranu: “Iya, aku yo mikir ngunu mbok. Mengko jajal kita takokne bocah-bocah disek”
Dina ganti dina. Mbok Rondho durung nemu wektu kang pas kanggo ngomongne
masalah perjodoan Jaka Tarub lan Laraswati. Ia wedi Jaka Tarub kesinggung. Mungkin Jaka
Tarub wes duwe calon dewe nanging durung dikenalne Mbok Rondho. Suwi-suwi Mbok
Rondho lali niat e.
Jaka Tarub: “mbok, aku budhal berburu sek ya” (karo gawa tombak nggo buru kewan)
Mbok Rondho: “Iya, ati-ati yo le muga akeh kewan dina iki” (lambaian tangan terus melbu
omah)
Ora suwi ing tengah hutan, Jaka Tarub kasil manah seekor menjangan. Atine bungah.
Nanging sayang sakwise Jaka Tarub tengah mlaku balik gawa kasil buron, moro-moro teko
seekor macan nyerang lan gawa menjangan iku lunga. Jaka Tarub lungguh lemes.
Mbok Rondho: “Ana apa ta kok kowe mrengut wae le? Ndi kewan kasil buruanmu?”
Mbok Rondho: “Hoalah le, terus awake dewe arep mangan apa iki?”
Jaka Tarub: “Sek ya mbok jajal tak golekno buah-buahan nang hutan” (mblayu nuju hutan)
Mbok Rondho: “Halah kuwi lo, arep golek buah-buahan nang hutan. Ora ana apa-apa nang
omah”
Bu Laksmi: “Oalah ra entuk apa—apa. Lek nang nggonku sih okeh pangganan.” (balik karo
wajah sinis)
Ing tengah hutan Jaka Tarub ngunduh apel lan jambu liar, naliko iku dhekwene krungu
ana suara wong wedok-wedok kemrecek. Dhekwene penasaran akhire goleki asal suara
iku. Ing mburine wit gedhe Jaka Tarub weruh para widodadari adus ing kolam. Jaka
Tarub takjub marang kecantikan para widadari iku.
Ing kolam para widadari pada adus bareng karo senda gurau
Nawang Arum: “Sak durunge bali menyang kahyangan ayo mlaku-mlaku disik”
Nawang Manis: “Uwis-uwis mengko ana sing krungu piye. Ayo gek ndang ganti mengko
selak kesoren”
Nawang Arum: “Gek piye to kowe ki, porayo nang kunu selendangmu”
Nawang Yayi: “Jajal tak golekane nang kono mbok menowo kebur. Aku tak goleki nang siseh
kono karo Nawang Kunthi”
Nawang Wulan: “Nang sisih kene mbak awor selendange mbak yu-mbak yu”
Para widodari pada goleki selendang Nawang Wulan, nanging amarga dino wes mulai
surup para widodari kudu mbalik nang kayangan ninggalno Nawang Wulan goleki
selendange dewe ing bumi.
Nawang Wulan: “Aku wis mubeng-mubeng ananging selendangku durung ketemu, yen ngene
iki aku ora iso bali menyang kahyangan maneh. Menowo aku nang kene ora oleh ana
wong kang ngerti sejatine asal-usulku, iku iso mbebayani awakku dhewe. Wah, kae ana
wong, jajal aku tak takon. Nyuwun sewu pak?”
Nawang Wulan: “Menawa bapak-bapak niki sumerep selendang warna wungu nggih?”
Penduduk: “Wah, kaya ngapa lo kuwi cah ayu? Selendang wungu iku okeh.”
Nawang Wulan: “Selendang niku bener-bener penting pak. Panjenengan sumerep napa
mboten?”
Nawang Wulan: “Matur nembah nuwun pak. Selendang niku mboten wonten tiang sade lan
mboten saget dipun ijoli”
Penduduk: “Oalah, awakmu iki aku kok ora tau weruh to? Teko-teko takon selendang. Seko
ngendi asalmu nduk?”
Nawang Wulan: “Saking kali. Nggih pun matur suwun pak” (mblayu ngalih)
Nawang Wulan sejatine uwis kesel lan putus asa goleki selendange. Nawang Wulan
banjur leren jagong. Amargo ora kenal sapa-sapa ing bumi, Nawang Wulan gelem dijak
bali nang omah e Mbok Rondho.
Nang omah, Jaka Tarub seneng banget iso njupuk selendang widodari. Jaka Tarub
ndelikna selendang iku nang jero kendi beras.
Jaka Tarub: “Nggih mbok. Angsal napa mboten janga....nane?” (masang wajah kaget weruh
Mbok Rondho bali karo widodari sing adus nang danau kemau)
Mbok Rondho: “Oleh godhong telo ne. Woiyo, iki mbok mau ketemu bocah iki nglamun nang
pinggir dalan. Dadi tak jak bali mrene wong ditakoni ora ngerti omah e nandi”
Mbok Rondho: “Nimas, iki anakku kang ganteng dhewe Jaka Tarub”
Jaka Tarub: “Mbok kula badhe golek kewan buron nang hutan nggo lawuh mengko sore”
(mlaku metu nuju hutan)
Nang hutan Jaka Tarub lungguh menung mikirna apa Nimas ngerti yen dheweke sing
nyolong selendange.
Dina demi dina Jaka Tarub lan Nawang Wulan nyelot cidhek.
Suatu dina...
Jaka Tarub: “Ana apa ta Nimas sajak e kok penting arep ngomong apa?”
Nawang Wulan: “Kula badhe matur sapa asline kula. Kula Nawang Wulan widodari seka
kahyangan, kula nang bumi madhosi selendang kula kang ical.”
Sesasi wes kelewat Nawang Wulan lan Jaka Tarub urip bahagia. Nanging suatu dina
nalika Nawang Wulan arep adang sega gawe Jaka Tarub. Ora sengaja Nawang Wulan
nemokake slendhange ing njero kendi beras. Dheweke kaget lan nangis.
Nawang Wulan: “Apa iki ana hubungane karo Jaka Tarub?” (nangis)
Krungu ana sing nangis Mbok Rondho ndang mblayu nang pawon
Jaka Tarub: “Ana apa ta iki kok awakmu nangis? Ana apa ta mbok iki?”
Nawang Wulan: “Aku ora nyongko awakmu tega karo aku mas. Iki apa?” (nangis karo
duduhne selendange)
Nawang Wulan: “Merga awakmu wes nglarani atiku, aku bakal nepati janjiku gawe banjir
nang kene” (mblayu nang gunung doa nang dewa)
Jaka Tarub: “Nawang...Nawang Wulan” (mblayu nututi Nawang Wulan nanging kehalang
banjir)
Tamat...
.